SYA'BAN BULAN DUTA AGUNG

KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA : 
“SYA’BAN, WULAN DHUTO AGUNG”

Assalamu'alaikum warohmatullohi wabarokatuhu. Segala puji bagi Allah Tuhan semesta alam, shalawat serta salam selalu tercurahkan kepada baginda nabi agung Muhammad saw beserta segenap keluarga dan para sahabatnya. Pada kesempatan ini kami share kembali Khotbah Jumat berbahasa jawa dengan thema Bulan Sya'ban, dimana bulan tersebut mengandung berbagai hikmah dan manfaat untuk kita simak bersama-sama sebagai wujud penghormatan dan sambutan atas datangnya bulan yang mulia yakni bulan ramadhan, bulannya umat islam untuk menunaikan ibadah puasa secara utuh baik dhohir maupun bathin. semoga artikel dalam bentuk Khotbah ini dapat memberikan kita manfaat dan memperoleh Ridlo Allah swt. Amin amin ya robbal 'alamin. Wassalamu'alaikum warohmatullohi wabarokatuh. 



berikut teks khotbah jum'at bahasa jawa. selamat menyimak



الحمدُ للهِ الذِي نَـطَـقَتْ بشُكْرِهِ الأَلْسِنَـةُ، سبحانَهُ فَضَّلَ أزْمِنَــةً علَى أزْمِـنَـةٍ، وأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ ، الْمَلِكُ الحقُّ الْمُبِــينُ ، وأشْهَدُ أَنَّ سيدَنَا مُحَمَّدًا عبدُ اللهِ ورَسُولُهُ الْمَبْعُوثُ رَحْمَةً لِلعالمينَ ، وَالدَّاعِـي إلَى الصراطِ المستقيمِ ، اللهمَّ صَلِّ وسلِّمْ وبارِكْ علَى سيدِنَا محمدٍ وعلَى آلِهِ وأصحابِهِ والتابعينَ وتابعِيهِمْ بإحسانٍ إلَى يومِ الدينِ. أما بعد: أيُّـها الْمُسلِمُون، اتّــقوا اللهَ تعالى حـقَّ التَّــقْوَى، فَـمن خَـاف الوعِيدَ قَصُرَ عليه البَعِـيْدِ، وَمَنْ طَالَ أمَلُـهُ ضَعِفَ عَمَلِهِ، الإيمان خيرٌ قَـائدٌ، والعَمَلُ الصَّالِحُ خَيْرٌ رَائِدٌ، والإحْسَانُ إلى الناسِ خَيْرٌ عَائِدٌ، وحُسْنُ الخُـلُقِ خيرٌ زَائِدٌ. أهلُ الدنيا في غَـفْـلَـةٍ، تَمُــرُّ عَـليهم الجَــنَائِـزَ، والْمَـوْتُ فِـيْـهِمْ وَاعِـدٌ وَنَـاجِزٌ، وَهُمْ يَــبْــنُوْنَ مَالَا يَسْكُــنُوْنَ، وَيَـجْمَعُونَ مَالَا يَأْكُلُوْنَ، فَــيَا سَعَادَةَ مَنْ اِسْتَــعَانَ بِدُنْــيَاهُ عَلى آخِرَتِهِ، وَيَـا فَوْزَ مَنْ شمّر لِمَرْضَاةِ رَبِّــهِ وَعَمَل على طاعته. 
قال اللـه تعالى "وَابْـتَـغ فِيـمَا آتـَاكَ اللَــّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَــنـْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلَا تَـبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ (القصص: 77)

Ma’asytrol muslimin rohimakumulloh!

Monggo kito sami-sami tansah taqwo dhumateng Alloh kanthi sateme taqwa. Sok sintenipun ingkang ajrih dumateng pangancamipun Gusti Alloh temtu ingkang tebih dados cinaket. Sok sintenipun ingkang ngoyoworo pangangen-angene temtu kethetheran ngamale. Iman meniko sasahe-sahenipun tetunggul. Ngamal soleh meniko sasahe-sahenipun panuntun. Ber budhi (al-ihsan) dumateng sasomo meniko sasahe-sahenipun pangadatan. Budhi pakarti luhur meniko sasahe-sahenipun sesangon. Tiyang-tiyang  ingkang namung katungkul kadonyan podho kalepyan, jenazah-jenazah ing mongsokalane ngeliwati dheweke kabeh, tamongko pati meniko pepesthen ingkang mboten dangu datengipun. Dheweke kabeh podho mbangun gedhong magrong-magrong mboten dipun panggeni. Podho anumpuk-tumpuk bondho donyo mboten dipun tedho. Begjanipun tiyang ingkang kadonyanipun saget dados pitulungan mbenjang wonten akeratipun. Begjo sanget tiyang ingkang sampun siap siogo pados palilahipun Gusti sarto tumindak manut miturut marang parintahipun Gusti.

Lan goleko marang opo kang wis diparingake Gusti Alloh marang siro (kabegjan) kampung akerat, lan ojo nglalekake siro marang panduman siro songko (kanikmatan) kadonyan  lan tumindako kabecikan (marang sepodho-podho) koyo dene Gusti Alloh wis tumindak kabecikan marang siro, lan ojo nganti siro tumindak kapitunan ing bumi. Satemene Gusti Alloh iku ora dhemen marang wong-wong kang podho tumindak kapitunan.” (QS. Al-Qashash, 28 : 77).

Maasyirol muslimin rohimakumulloh!

Sampun dateng arto manggihi panjenengan sami dhuto agung minongko tamu kinasih panjenengan sami kanti netepi hakipun dhuto kasebat nun inggih wulan Sya’ban, kang minongko dados utusanipun wulan Romadhon. Sebab Wulan Sya’ban meniko wulan ingkang dumawah antawisipun wulan Rojab kalihan wulan Romadhon. Miturut ulama’ tembung ‘rojab’ asalipun sangking ra-ja-ba, artosipun : mulyo. Wulan Rojab diwestani wulan rajab keranten tiyang Arab jaman jahiliah sami ngormati utawi mulyaaken kanti mboten nindaaken paperangan ingdalem wulan meniko. Lajeng tembung ‘sya’ban’ asalipun sangking tembung sya-‘a-ba — asy-sya’-bu artosipun : kempulan, golongan, suku, sempalan, pecahan. Ugi wonten ingkang ngartosaken : kabilah (bongso).

Ma’asyirol muslilin rohimakumulloh!

Dhuh, begj sanget tiyang ingkang sampun siap siogo kanti tumindak kabecikan dumateng Gusti Alloh ugi dumateng sesami menungso. Injih meniko ngaturi pangurmatan dumateng dhuto agung (wulan Sya’ban) ingkang jamak limrahipun kathah tiyang ingkang sami kasupen dumateng Gusti Pangeranipun ingdalem wulan meniko, kangge mangayubagyo tamu ingkang paling agung injih meniko wulan Romadhon mangke.
Sesambetan kalihan wulan Sya’ban meniko kanjeng Nabi saw ngendikaaken :

ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبَ وَرَمَضَانَ، وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ (السنن الكبرى للنسائي 3/ 176)

“Sasi Sya’ban iku sawijine sasi kang sajerone sasi iku menungso podho lali, yoiku sasi ingantarane Rojab lan Romadhon. Sasi Sya’ban minongko sasi kang ingdalem sasi iku ngamal-ngamale menungso den a ngkat marang ngarsane Gusti Pangerane alam saisine. Mongko soko iku ingsun dhemen yento ngamal-ngamal ingsun den angkat lan naliko iku ingsung ngelakoni poso (sunnah).” (An-Nasa’i, as-Sunanu al-Kubra, 3 : 176).

Sajerone sasi iku menungso podho lali. Suraosipun lali marang parintah-parintahipun Gusti Pangeran, injih menioko numindaaken sedoyo kabecikan sarto nebihi sedoyo kapitunan. Pramilo meniko poso sunnah ingdalem wulan Sya’ban minongko salah setunggalipun ngamal kabecikan ingkang temtunipun mboten gampil sedoyo tiyang numindaaken keranten kathah ingkang nembe sami kasupen kolowau.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh!

Setengah sangking pangayubagyan utawi pangurmatan kito dumateng wulan dhuto agung injih meniko :
1.      Nyucekaken awak pribadi kito sangking sedoyo dedosan utawi kamaksiatan;
2.     Reresik griyo-griyo kito sangking sedoyo kamunkaran utawi perkawis kang mboten trep kalihan angger-angger agomo;
3.      Podho tobato marang Gusti Alloh Ingkang Moho Luhur kanti tobat kang sabener-benere;
4.      Kulinakake (biasaake) budhi pakarti luhur;
5.      Wiwitono mbukak lempiran anyar kang puteh ingdalem siso umur siro kabeh;
6.      Podho bungaho siro kabeh karono Gusti Alloh paring dhawuh :

 “Ucapake, “He poro kawulo Panjenenganingsun kang podho nerak angger-angger ingatase awak dheweke kabeh, ojo nganti pedhot siro kabeh ngarepake welas asihe Gusti Alloh. Satemene Gusti Alloh iku bakal ngapuro doso-doso sakabehe. Satemene Panjenenganipun Gusti Alloh iku Moho Pangapuro tur Moho Welas Asih.”

أقول قولي هذا، وأستغفر الله العظيم لي ولكم فاستغفروه، إنه هو الغفور الرحيم.

KAPING KALIH :

الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَأَفْضَلُ الصَّلَاةِ وَأَتَمُّ التَّسْلِيمِ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ الْهَادِي الصَّادِقِ الْوَعْدِ الْأَمِينِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الطَّيِّبِينَ الطَّاهِرِينَ رَضِيَ اللهُ تَعَالَى-عَنْهُمْ أَجْمَعِينَ. أما بعد: أيها المسلمون، قال بعض العارفين : شهر رجَب شهر الزرع، وشهر شعبان شهر السقي، وشهر رمضان شهر الحصاد، وقال: مثل شهر رجب كالرّيح، ومثل شعبان مثل الغيم، ومثل رمضان مثل المطر، ومن لم يزرع في رجب ولم يسق في شعبان، فكيف يريد أن يحصد في رمضان؟ فقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صلِّ وسلِّمْ وبارِكْ علَى سيدِنَا ونبيِّنَا مُحَمَّدٍ وعلَى آلِهِ وصحبِهِ أجمعينَ، وارض اللهم عن الأربعة الخلفاء الراشدين أبي بكر وعمر وعثمان وعلي، وارض اللهم عن آل نبيك وأزواجه المطهرين من الأرجاس، وصحابته الصفوة الأخيار من الناس،

اللهم اغفر للمسلمين والمسلمات، والمؤمنين والمؤمنات، الأحياء منهم والأموات. ونسأل الله تعالى بأسمائه الحسنى وصفاته العلا أن يبارك لنا في شعبان، وأن يبلغنا رمضان، وأن يكتب لنا فيه الرحمة والرضوان والعتقَ من النيران، اللهم أحسن عاقبتنا في الأمور كلها.ربنا آتنا في الدنيا حسنة، وفي الآخرة حسنة، وقنا عذاب النار. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ. وَسَلاَمٌ عَلَى المُرْسَلِيْنَ. وَالحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ.

عباد الله:اذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشكرُوهُ علَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ.

0 Response to "SYA'BAN BULAN DUTA AGUNG"

Post a Comment