ANTARA ILMU DAN ULAMA'

KHUTBAH JUM'AT SINGKAT BAHASA JAWA :
ANTARA ILMU DAN ULAMA' 

OLEH M. FAIZ. S.PD.I
MRICO LEBAK GROBOGAN
situs estungkarang.blogspot.com merupakan pengganti dari situs mbahkenyung.blogspot.com



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته


الحمد لله الحمد لله الذ ي نـور قلـوبنـا بعـلـوم العـلمـاء * وأنـقـذ نا بهـا مـن درجـة البهـائم والأعـماء * الى درجة الهـدى والايمـان بالذي خلـق الأرض والسـماء * أشـهـد ان لا اله الا الله وحده لا شـريك له , وأشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله المبعـوث ليخرج الناس من الظلمات الى نورالايمـان الضـياء * اللهـم صـل وسـلم وبارك على سـيد نامحمـد أتقى الأتقيـاء * وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم باحسان الى يوم الجـزاء * أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم واياي بتقـوى الله في جميع الحـالات صـباحا ومسـاء * وتعـلموا العـلم من العـلماء لان الجهـالة من ادواء الداء وأضـر الأعـداءلادواء ولا شـفــاء الا بعـلم العـلمــاء لان العـلمــاء ورثـة الأنبيـاء* وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ * بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * انـمـا يـخـشــى الله مـن عـبــاده الـعــلمــاء


Poro sedherek Kaum Muslimin ingkang minulyo,

Monggo kito tansah samiyo netepi taqwa lan ta’at dateng ngarso Dalem Alloh swt, kanthi berusaha amrih saget nderek sedoyo peraturanipun, nindakaken dawuh lan printahipun, soho nilar lan nebihi sedoyo awisanipun, Kanti tansah netepi taqwallah ing saklebetipun gesang puniko, pangajab kito mugi tansah kaparingan kabekjan wiwit gesang ing ngalam dunyo puniko, ngantos dumugi ing ngalam akhirat. Amiin.

Mekaten ugi samu kawis kesulitan lan kerubetan kito kaparingono jalan keluar saking ngarsanipun Allah, jalaran Allah sampun paring dawuh,
ومن يتـق الله يجـعـله مخـرجا
“Lan sing sopo wonge taqwa marang Allah, mongko Alloh mesti ndadekake dalan metu tumrap wong mahu”
(QS.Ath Thalaq : 2).

Tiyang gesang temtu ngadepi masalah, langkung - langkung ing mongso samenika, raosipun gesang menika saya awrat lan sulit. Pramila mboten wonten cara tumrap kita kangge nggayuh margi wilujeng kejawi nyaket lan ningkataken ta’at lan taqwakita dating Allah Ta’ala. Kanti mekaten Insya Allah margi medal sakingsamu kawis masalah bade kaparingaken saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Kwajiban kita minangka kawula wonten ngarsanipun Allah, punika ngumawula lan ngibadah datang ngarsanipun Allah syukurngantossaget nggayuh derajat taqwa. Nanging kita kedah mangertos bilih kwajiban ibadah lan taqwa dateng Allah punika mboten bade saget kita tindakaken kejawi kanti dasar ngilmi, dene ngilmi sagetipun kita mangertosi kedah kita gayuh kanti thalabul ilmi. Dados kita gesang punika kedah ikhtiyar pados ngilmi lan ngicali shifat bhodo kita. Jalaran kita mboten saget nindakaken kwajiban kita kanti kawontenan bhodo tanpa ngilmi. Sifatb hodo punika estunipun minangka penyakitipun manungsa ingkang ngancam dateng kawilujenganing manungsa, mboten wonten obat lan tamba ingkang langkung mujarab kejawi ilminipun para ‘alim ‘ulama, lan mboten wonten ingkang saget ngobati lan njampeni penyakit bhodo menika kejawi para ‘alim lan ‘ulama. Amergi para ‘alim ‘ulama punika mila sampun pikantuk otoritas saking Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam kadadosaken minangka warisipun para Nabi, kanti pangandikanipun
العلمـاء ورثـة الأنبيـاء :

“Para ‘ulama iku minangka warise para Nabi”
Pramila bhodo punika dipun wastani penyakit, jalaran tiyang sakit punika mboten nate ngraosaken eca nalika dahar, mekaten ugi tumandang ngibadah tumrap tiyang bhodo keraospahit lan getir, mboten nate saget ngraosaken manisipun ngibadah. Mekaten ugi bhodo punika minangka mengsah ingkang sanget mbebayani, jalaran tiyang ingkang bodho menika tansah dipun sasaraken dening sifat bodhonipun, tansah nerak lan nerjang datang perkawis ingkang dipun awisi dening Gusti Allah, ingkang dipun ancam badhe ketatrapan pasiksan saking ngarsanipun Allah, nanging rumaosipun tiyang bhodo wau sae lan leres, ing mangka bade nuwuhaken kerisakan lan kasengsaran tumrap piyambakipun, lan ugi kepara tumrap tiyang sanes.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Pramila mangga samiya mbudi daya amrih usada kagem ngicali sifat bhodo kita kanthi thalabul ilmi, pados ngelmi lantaran para ‘ulama, Amergi kita mila dipun dawuhi dening Gusti Allah supados sami pados ilmi dateng para ‘ulama, kanti dawuhipun ing kitab Al Qur’an :

فأسـألـواأهـل الـذكر ان كنتـم لاتعـلمـون

“Pada takona sira ing ahli dzikir (para ‘ulama) lamun sira iku isih pada bhodo”
Kanti ilminipun para ‘ulama punika ingkang bade dados obat lan jampinipun penyakitipun para manungsa. Sarana ilminipun para ‘ulama bade anjalari dados saenipun kawontenan gesang punika. Kawontenan baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur namung saget tercapai menawi ilminipun para ulama kadamel pedoman lan pitedah salebetipun gesang punika.

Ananging kasunyatan mangsa punika sampun katah manungsa ingkang mlajar nilaraken para ulama, amergi ‘ulama dipun anggep ngrepoti, ngewuh ewuhi tumrap kemajengan, apa apa ra kena, ra oleh, ngene ra entuk ngono haram, iki dilarang, lan sak pinunggalanipun. Agama cukup diakoni, nek gelem dilakoni, ra perlu dilakoni. Menawi sampun mekaten sikapipun tiyang dating agami, menika sanget mbebayani bade nuwuhaken pendangkalan agama, inggih saking pola hidup ingkang sampun terpengaruh kaliyan faham kebendaan lan blabur materialisme. Nabi sampun nate paring pepenget kanti dawuhipun :

سـيأتـي زمـان عـلى أمـتـي يـفـرون من الـعــلمـاء والـفـقـهــاء
فـيـبـتـليـهـم الله بثـلاث بـليـات أولـهــا يـرفـع الله البـركة من
كسـبـهـم , والـثـانـية يســلـط الله تـعــالى عـليـهـم ســلطانـا ظالـمــا , والـثــالـثـة يخـرجـون من الـدنـيـا بـغيـر ايـمــان.

“Bakal tumeka sawijining mangsa marang ummatku, ing mangsa iku ummatku pada lumayu sangka para ulama lan fuqaha, mangka nuli Allah bakal maringi pacoban marang ummat kui kelawan telung pacoban ,

Sepisan : Allah bakal ngilangi berkahe sangka nyambut gawene.
Kapindo : Allah bakal nguwasakake marang ummat kui panguasa kang dlolim. Kaping telu : Ummat kuwi bakal metu sangka dunya kelawan tanpa iman”

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga dadosa kawigatosan dawuh Nabi kasebat, supados kita pinaringan pangreksa dening Allah saking tigang pacoben kasebat. Mboten sanes kita samiya caket kaliyan para ulama kanti tolabul ilmi ngalam ngilmu saking para ulama, supados gesang kita anggenipun ngumawula dateng Allah saha gesang sesrawungan wonten ing mdyaning masyarakat tansah netepi pranataning agami. Ampun ngantos dados tiyang Islam namung asal katingalanipun sregep lan aktif tumandang, nanging nyatanipun cara gesang , cara ngibadah ngawur tanpa dasar ilminipun para ulama ingkang nyumber saking Al Qur’an lan Hadits. Allah mboten kersa nampi ngamalipun kawula ingkang tanpa dasar ilmi, Ibnu Ruslan paring dawuh :
وكل من بغـير عـلـم يـعـمـل أعـمـالــه مردودة لا تـقــبــل
“Kabeh wong kang tanpa ngilmu kok nglakoni *
amale di tolak ora ditampa malah didukani”

Pramila menapa kemawon ngamal ingkang kita tindak aken kedah dipun dasari kanti ngilmi ingkang cekap, langkung langkung ibadah wajib ingkang kita tindakaken, kadosta shalat fardlu kita, kados pundi caranipun sesuci wudlu ingkang leres, kados pundi syarat lan rukunipun shalat ingkang kita tindak aken, wajib tumrap kita mangertosi sedayanipun, caranipun mutlak mesti kedah kangti tholabul ilmi lan ngaji.

Mekaten ugi cara cara mu’amalah, sesrawungan, dol tinuku, utang piyutang , sewa sinewa, silih sinilih lan sanes sanesipun sedayanipun dipun atur kanti syari’at agami kita. Mila wonten mriki dumunungipun wajib tholabul ilmi tumrap kaum muslimin lan muslimat kados ingkang sampun kita kawuningani dawuhipun saking Nabi.

Wusananipun mangga samiya migatosaken dateng kwajiban pados ilmi punika kanti sak drajat sak pangkat miturut kemampuanipun, syukur menawi saget saben dinten, mboten saget harian, inggih seminggu sepisan, setengah wulanan, paling mboten lapanan, nanging ampun ngantos dados tiyang Islam babar pindah mboten nate nindakaken jejibahan tholabul ilmi. Mugi mugi Allah maringaken pitedah lan pitulung dateng kita, saget nindakaken kwajiban ibadah kanti istiqamah. Amiin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ* وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ* إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ * قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَأَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِوَالْعَصْرِ* إِنَّ اْلإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ* إِلاَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ* وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ*


Khutbah Jum’ah Tsaniyah

اَلْحَمْدُ ِللهِ اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِوَأَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْـمَةِ اْلإِيْمَـانِ وَاْلإِسْـلاَمِأَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً أُدَخِّرُهَا لِيَوْمِ الْقِيَـامِ* وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِأَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ * صَلاَةً تَشْفِيْنَابِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ* وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ* أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ* تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ* فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ * بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ *
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا * فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ : إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّيَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَوَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَوَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَوَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ * اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِاَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَتَنَا وَأُمَّتَنَا* وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا وَفُقَهَاءَنَا* وَمَشَايِخَنَا صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا وَاجْعَلْنَا هُدَاةَ مُهْتَدِيْنَ * اَللَّهُمَّ اْنصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَوَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ * وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَوَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ * وَفَرِّجْ عَنِ الْمَكْرُوْبِيْنَ * وَاقْـضِ الدَّيْنَ عَلَى الْمَدْيُوْنِيـْنَ * وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا * وَعَلَى الْغُزَّاةِ وَالْمُجَاهِدِيْنَ وَالْمُسَافِرِيْنَإِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ * وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ* وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ * مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةًوَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ* وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَوَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ*

0 Response to "ANTARA ILMU DAN ULAMA'"

Post a Comment