MELANGGENGKAN AMALIYAH RAMADHAN DI LUAR RAMADHAN

KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA

NGLANGGENGKE ROMADHON

Bulan Ramadhan sudah lewat, akan tetapi kita harus tetep memiliki semangat Ramadhan dan menjalankan bekas-bekas ibadah di bulan Ramadhan. Kita harus ingat bahwa tujuan menjalankan ibadah puasa di bulan Ramadhan adalah agar kita menjadi orang yang bertaqwa.


اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي جَعَلَ لِـمَنْ صَامَ رَمَضَانَ وَقَامَهُ عَظِيْمَ الْاُجُوْرِ وَفَتَحَ فِيْهِ أَبْوَابَ الْخَيْرَاتِ. لآاِلٰهَ اِلَّا هُوَ جَعَلَ صِيَامَهُ تَهْذِيْبًا لِلنُّفُوْسِ وَرِفْقًا بِفُقَرَآءِ الـْمُؤْمِنِيْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لآاِلٰهَ اِلَّااللهُ بَلَّغَ مَنِ اعْتَمَدَ عَلَيْهِ مَرَامَهُ, وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ هَجَرَ فِى الطَّاعَةِ مَنَامَهُ. اَللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ ذَوِى الْفَضْلِ الْـمُبِيْنِ. اَمَّا بَعْدُ : فَيَا اَيُّهَا الْـمُؤْمِنُوْنَ ، اِتَّقُوااللهَ وَعَلَيْكُمْ بِالْخَيْرَاتِ شَهْرَ رَمَضَانَ وبَعْدهُ. قَالَ اللهُ تَعَالٰى : يٰآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ امَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَّلَكُمْ تَتَّقُوْنَ.



Wonten ing kalodhangan punika sumangga kita sami ningkataken taqwa kita dhumateng Allah kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun saha nilar sedaya laranganipun, awit boten wonten sangu ingkang sae kangge kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah , kejawi taqwa kita dhumateng Panjenenganipun.

Ma’asyirol muslimin rohimakumullah

Wulan Ramadhan sampun rampung, hananging kita kedah tetep anggadahi semangat Ramadhan lan nglajengake bekas-bekas ibadah Ramadhan. Kita kedah ngelingi bilih tujuanipun nindakaken siyam ing wulan Ramadhan kados ingkang kaandharaken wonten ing surat al-Baqarah ayat 183 punika supados umat Islam dados taqwa.

Pitakonan saiki nopo kito mpun dados tiang engkang bertaqwa? engkang saged mangsuli pitakon iki hanamung awak pribadi kito kiyambak sanes tiyang lintu. Kita saget dereng dados pribadi sing taqwa, nanging kedah dados tiyang ingkang nembe ing proses taqwa. Kita kedah ngliwati proses kasebat. Kita kedah eling, bilih tiang engkang begja hyaiku tiang kang sameniko langkung sahe ketimbang kolo wingi. ewondene tiang engkang kalah nun inggih tiang kang sakmeniko langkung awom ketinimbang wingi. Dados wong taqwa iku proses dadi luwih apik tinimbang wingi. Proses meniko dipun tandhani kanthi lafal لَعَلَّ pelafalan kang anggadahi tegese “pangarep-arep”. Punika ingkang dipun ngendikaaken hadits bilih wonten pasa ingkang namung saged ngelih lan ngelak. Tegese wonten tandha bilih tiang kasebat ngarep-arep taqwa. Dados istilah langkung sahe meniko intinipun wonten ing wulan Syawal.

Syawal asale saka tembung شَالَ engkang artosipun minggah. Menawi kita mangertosi tegesipun Syawal punika kanthi leres, ateges kita sampun netepi Ramadhan sasampunipun Ramadhan.

Kapisan, Syawal tegese minggah utawa dhuwur. Sasampunipun Ramadhan kita dipun angkat dening Allah , posisi kita minongko tiyang ingkang inggil. Kita sampun bersih saking dosa lirkadyo kados bayi maneh. Rasulullah ngendika.

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

Tegese: Sing sapa pasa ing wulan Ramadhan kanthi iman lan mawas dhiri, mula dosa-dosane kang wis kepungkur bakal dingapura dening Allah (HR. Bukhari no. 38 lan Muslim no. 760).

Pangkat luhur puniko ampun ngantos ical, ampun ngantos risak. Caranipun kanthi netepi jamaah Shalat fardhu, shalat sunnah, istiqomah deres Al-Qur’an, ngadohi ngrasani, ghibah, njaga manah saking riya’, takabbur, hasud, ngatahaken istighfar, maos shalawat, tetulung marang sesama muslim. Intine sakbakdane Ramadhan mesthine tambah katah ketimbang sakderenge Ramadhan.

Kapindho, Syawal minangka dinten sejarah engkang saged manggihaken lan mangertosi sedulure sarto leluhure. Syawal uga minangka dina kekancan, kekancan nuduhake kerukunan lan rasa tresna marang sapadha-padha ugi dinten paring pangapunten, silaturrahim kang banget dianjurake dening Allah lan Rasul-ipun.

خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ الْجَاهِلِينَ

Tegese: “aweho pangapura lan ngajak marang kebecikana lan aja nggatekake wong bodho.”

Katelu, saksampunipun Syawal, semangat Ramadhan kedah terus mundhak. Yen sampeyan pengin nggawe dosa, elinga kito kita sampun dipun sepuro dening Allah ing wulan Ramadhan. Yen sampeyan pengin nggawe dosa, elinga bilih manah kita sampun petak. Ampun ngantos kotor malih. Elinga, ing setunggaling hadits dipun terangaken bilih saklawas-lawase manungsa urip mesthi bakal digodha lan dicemplungake ing lembah dosa dening Iblis. Hananging Allah paring pepiling, selagine kawulo taksih nyuwun pangapura, mesthine Allah  bakal paring pangapura marang kawulane.

Mugi-mugi kita saged njagi semangat Ramadhan ing sak njabane Ramadhan. Amin.

جَعَلَ اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْآمِنِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُتَّقِيْنَ. اَعُوْذُبِ اللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَمَنْ يَشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ ، وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِيْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

اَلْخُطْبَةُالثَّانِيَةُ

اَلْحَمْدُ لِلّهِ ضَامِنِ الْفَلَاحِ لِمَنْ تَمَسَّكَ بِالشَّرْعِ وَوَقَفَ عِنْدَ حُدُوْدِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّم تَسْلِمًا كَثِيْرًا. اَمَّابَعْدُ : فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللهَ وَاَبْدِلُوا الْفَسَادَ بِالرَّشَادِ. وَاَصْلِحُوا شُؤُوْنَكُمْ وَقُوْمُوْا عَلى قَدَمِ السَّدَادِ. فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْا اَنَّما عَلى رَسُوْلِنَا الْبَلَاغُ الْمُبِيْنُ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اللّهُمَ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ وَارْفَعْ لَهُمُ الدَّرَجَاتِ وَضَاعِفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ وَكَفِّرْ عَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ وَبَلِّغْ جَمِيْعَ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ خَيْرَيِ الدَّارَيْنِ مَا يُؤَمِّلُوْنَ وَانْشُرْ وَافِرَ اِحْسَانِكَ عَلٰى بَلْدَتِنَا هذِهِ وَسَائِرِ بِلَادِ الْاِسْلَامِ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ وَلَاتَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ امَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ.

اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَخْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّروْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ. وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ.


0 Response to "MELANGGENGKAN AMALIYAH RAMADHAN DI LUAR RAMADHAN"

Post a Comment