BERGAUL DI MASYARAKAT UMUM


KHOTBAH JUMAT BAHASA JAWA
THEMA :
SRAWUNG BEBRAYAN WONTEN ING MASYARAKAT

إنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَـحْمَدُهُ وَنَـسْتَـعِـيْـنُهُ وَنَـسْتَـغْـفِـرُهُ وَنَــعُـوْذُ بـِاللـهِ مِـنْ شُرُوْرِ أَنْـفُسِنَا وَسَـيّـئَاتِ أَعْـمَالِنَا مَنْ يَــهْـدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لـَهُ وَمَنْ يُـضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْـــهَـدُ أَنْ لاَ إِلــهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْــهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَـبْدُهُ وَرَسُوْلــُهُاَللـهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَـلى سَـيِّـدِنَـا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وَأَصْـحَابِهِ وَمَنْ تَـبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْنيَاأَيُّــهَا الّذَيْنَ آمَـنُوْا اتّــقُوا اللهَ حَقّ تُــقَاتِـهِ وَلاَ تَـمُوْتُـنّ إِلاّ وَأَنْـــتُـمْ مُسْلِمُوْنَ  .يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّــقُوا اللهَ وَقُـوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَـغْـفِـرْلَـكُمْ ذُنُــوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلـَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ


Sederek hadhlirin jumat ingkang minulyo.

Sumonggo kito sami hangaturaken raos syukur ing ngarsanipun Allah Swt , awit sedaya nikmat ingkang kaparingaken dhumateng kita. Sholawat tuwin salam , mugi Alloh kerso maringaken dhumateng nabi agung Muhammad SAW , dateng keluarganipun, para shahabat , lumeberipun dateng sedaya umatipun. amin.

Sumonggo kito tansah ambudidoyo supados tambah iman lan taqwa kito dhumateng Allah, lan saged nindakaken sedoyo dhawuhing agami Islam. Lan saged nebihi sedoyo awisanipun agami.

Hadhlirin jamaah sholat jumat Rohimakumulloh.

Rosulullah Muhammad SAW , sampun dhawuh engkang artosipun mekaten: ”Sakabihe makhluq puniko keluargane Allah. ing antarane makhluq engkang paling disenegni deneng Allah inggih puniko tiyang engkang paling migunani marang keluargane Allah “ ( Hadist Riwayat Bukhori ).

Manungso mboten saged gesang piyambak’an wonten ing alam dunyo meniko. Kito tansah mbetahaken pitulunganipun tiyang sanes. Kito kedah mangertos bilih wonten rencang utawi tonggo tepalih ing bebrayan agung masyarakat. menawi wonten tonggo tepalih ingkang nyuwun pitulungan, kito kedah kerso paring pitulungan. Wonten ing alquran surat al-Maidah ayat : 2, Allah SWT paring dhawuh engkang artosipun : “Lan Siro kabeh supoyo podho tulung –tinulungan ono ing tindak becik lan bektio siro ing Alloh .Lan siro ojo padha tulung-tinulungan ono ing laku doso lan memungsuhan. Siro podho bektio ing Alloh jalaran sa’temene Alloh iku banget penyiksane“.

Ayat kolo wau njlentrehaken dhawuhipun Allah SWT , supados kito remen tulung –tinulungan dhumateng sesami makhluhipun. Tulung- tinulungan ing bebrayan agung masyarakat kedah dipun dasari kanthi niat ingkang ikhlas Lillahita’ala. Sebab kanthi niat ikhlas kito badhe pikantuk piwales ingkang sae wonten ing donya lan akhirat.

Hadhlirin jamaah sholat jumat rohimakumulloh.

Alloh paring dhawuh wonten alquran surat Al-ahzab 21 : “Satemene ono ing pribadine Rosullulloh SAW iku dadi tulodho kang becik tumrap siro kabeh“. panjenganipun Nabi Muhammad meniko kedah dados koco benggolo khususipun tumrap sedaya kaum muslimin, Lan ugi saged dados tulodho kagem sedaya manungso ing alam donya meniko. Tiyang –tiyang non muslim ugi saged mendet tulodho akhlaq mulyaning kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten babagan sosial, politik, kepimpinan, ekonmi, perdagangan lan sanes – sanesipun.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Pasrawungan ingkang sae ing bebrayan agung masyarakat , saged dipun pontho-pontho dados tigang tingkatan :

1.        Tingkatan Ingkang sepindah : Inggih meniko menawi kito njalari susahipun tiyang sanes. Umpaminipun wekdal ndalu rikala tiyang sanes nembe sare, kita lajeng ndamel suoro ingkang leluwihan. Temtu kemawon perkawis kalawau saged ndamel susahipun tiyang sanes. Utawi kita mbucal larahan / sampah wonten ing pekarangan tiyang sanes, temtu badhe numuhaken raos susah tumrap tiyang sanes. Rosulullah ngendhiko mekaten :“Sapa wonge kang iman marang Allah lan dino akhire, becik ora gawe lara atine tangga “ (Hadist Riwayat Bukhori ).

2.        Tingkatan kaping kalih : Inggih meniko, mboten dadosaken susah tiyang sanes, kaperlu saged migunani tiyang sanes. Umpaminipun, menawi kita gadah tangga tepalih ingkang kahananipun kacinkrangan / kekirangan, kita kedah paring pambiyantu. Rosulullah SAW paring pangandika : “ Dudu wong mukmin wong kang wareg nanging tonggo sisihi ora bisa mangan “ ( Hadist Riwayat Bukhori )

3.        Tingkatan kaping tiga : Inggih menika, menawi kita kerso sabar menawi wonten tiyang sanes ingkang ndamel sakit manah kita. langkung sae menawi saget paring pinwales ingkang langkung sae.

Mugi-mugi Allah SWT , tansah paring hidayah lan ma’unah dhumateng kito sedoyo, supados pasedherekan kito saget kukuh, kuat. Gesang kito saged ayem tentrem, pinaringan barokah, lan nebehi sedaya wewaleripun Alloh, saha dipun apuro kalepatan kita . amin Ya robbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِأَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ


KHOTBAH KEDUA :

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُوَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِأَمَّا بَعْدُ؛ وَلاَ تَكُونُواْ كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لاَ يَسْمَعُونَ . إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًااَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِرَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌرَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ .رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ . وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد تسليمًا كَثيْرًا وآخر دَعْوَانَا لله رَب الْعَالَميْنَ





عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ * وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ*

0 Response to "BERGAUL DI MASYARAKAT UMUM"

Post a Comment