HIDAYAH ALLAH

Khutbah Jum’at bahasa Jawa
( HIDAYAH ALLOH )
Jum’at Legi, 19 Agustus 2016 M./15 Dzaul Qo’dah 1437 H.
Jamaah Shiolat Jum’at masjid Al-Manar Mrico Tengah Kelurahan lebak Kabupaten Grobogan Jawa Tengah
Oleh : Ust M. Faiz, S,Pd.I


أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَاِئِر الْاَدْيَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَـمَــــنَّـانُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: اَلَّذِيْنَ قَالَ لَهُمُ النَّاسُ, إِنَّ النَّاسَ قَدْ جَمَعُوْا لَــكُمْ فَاخْشَوْهُمْ فَزَادَهُمْ إيْــمَانًــا. وَقَالُوْا حَسْبُــنَا اللهُ وَنِعْمَ الْوَكِيْلُ, فَانْــقَـلَبُوْا بِنِعْمَةٍ مِنَ اللهِ وَفَضْلٍ لَمْ يَمْسَسْهُمُ سُوْءٌ وَتَــبَعُوْا رِضْوَانَ اللهِ. وَاللهُ ذُوْا فَضْلٍ عَظِيْمٍ.  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mongg kito sami ningkataken taqwa kito datneg Alloh ta’ala. Supados kita tansah wilujeng awit donya dumugi akhirat samangke, kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Tiyang ingkang mekaten punika artosipun sampun angsal hidayah utawi pitedah saking Ngarsa Dalem Allah SWT

إِنَّـكَ لَا تَـهْدِى مَنْ أَحْبَبْتَ وَلٰـــكِنَّ اللهَ يَــــهْدِى مَنْ يَشَآءُ, وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْـمُهْــتَــدِيْنَ

“Satemene sira ora bakal bisa aweh pituduh marang wong kang sira tresnani, ananging Allah paring pituduh marang wong kang di kersakake, lan Allah luwih ngerti marang wong-wong kang bakal diparingi pituduh”(QS. Al Qashash: 56).

Pitedah saking Allah punika wonten ingkang sifatipun fitrah utawi kodrat, semanten ugi wonten hidayah ingkang sifatipun kedah dipun usahakaken, dipun padosi. Saking mapinten-pinten tahapan sahingga pitedah punika saget tansah manunggal kalian manungsa, contonipun hidayah iman lan Islam, menawi boten dipun siram kalian kegiatan-kegiatan ta’lim, mujahadah, yektos saget kropos malah-malah saged ical saking pribadi kita.

Kaum muslimin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Miturut Muhammad Rasyid Ridho, Allah maringi pitedah punika wonten sekawan:

1.        Hidayah qodrat alami lan ilmu insani : Inggih puniko, hidayah ingkang dipun paringaken dening Allah boten mawi sinau, jalaran sampun kodrat alamiyah. Contonipun bayi ingkang kraos ngelak lan luwe badhe nangis.
2.        Hidayah Indrawi lan naluri : Inggih puniko hidayah engkang dipun paringaken dening Allah dhumateng golonganipun manungsa lan kewan,
3.        Hidayah akal : Hidayah punikaengkang saged mbedakaken antawis manungsa kalian kewan, jalaran manungsa punika angghadhahi amanat dados khalifah ing bumi, pramila menawi boten dipun paringi akal ingkang sempurna yekti boten badhe sanget jangkepi kewajibanipun minangka khalifah ing bumi.
4.        Hidayah agomo :  Hidayah punika minongko peparingipun Gusti engkang paling inggil, jalaran menungso meniko setunggaling makhlukipun Gusti Allah ingkang dipun paringi agami. Kanthi agami manungsa waged nyumerepi pangendikanipun sahinggo saged mangertosi margi kangge angsal kabegjan ing dunya dumugining Akherat.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.
Kalih margi punika inggih margi kesahenan lan margi ingkang awon, sinahoso sampun dipun paringi margi ingkang leres ananging kathah-kathaipun manungsa taksih milih margi ingkang awon. Pramila supados kita tansah angsal pitedah saking Ngarsa Dalem Allah SWT, kita kedah tansah berusaha nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah. Jalaran kanthi nindakaken syari’at punika keyakinan dhumateng Allah nuwuhaken tekad bilih sedaya hasil-usahanipun menungso sampun dipun atur dening Allah. Kewajiban manungsa namung nindakaken usaha lan ikhtiyar dene keputusan akhir gumantung dhumateng Gusti Allah.

Ing akhiripun, sumangga kita nyenyuwun dhumateng Allah mugi-mugi kita dipun lebetaken dados golonganipun tiyang-tiyang ingkang tansah dipun paringi pitedah dening Allah, amin ya Robbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُوَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

0 Response to "HIDAYAH ALLAH"

Post a Comment