AMALAN DI BULAN SYAWAL

KHOTBAH JUM'AT BAHASA JAWA

WULAN SYAWAL


اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ حَمْدًا كَثِيْرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيْهِ كُلَّ حَالٍ اَلَّذِى قَدْ اَوْجَبَ مِنْ نُوْرِهِ نُوْرًابِهِ عَمَّ الْهُدَى, اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ لَا نَبِىَّ بَعْدَهُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِﻥ النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ وَالرَّسُوْلِ الْعَظِيْمِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَّحَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ أَحْيٰى سُنَّتَهُ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. فَيَآأَيُّهَالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ



Kaum muslimin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah.

Mangga kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah, jalaran kanthi mekaten kita badhe pikantuk kabekjan wiwit dunya dumugining akherat samangke.

Ing dinten punika kita sampun nilaraken wulan ingkang kathah rahmat lan maghirahipun Allah inggih punika wulan suci Ramadhan. Wulan ingkang mungguhipun Allah kangge nguji dhateng kawulanipun Allah anggenipun mujudaken kesabaran, kejujuran lan keikhlasan inggih punika kanthi nindakaken shiyam Ramadhan. Kanthi punika tiyang Islam ingkang kasil anggenipun nindakaken shiyam inggih punika ingkang pikantuk derajat taqwa, la’allakum tattaqun.

Sahingga ing tanggal setunggal Syawal kawastanan Idul Fitri, dinten ingkang fitrah. Jalaran ing dinten punika Allah sampun paring pangapunten dhateng sedaya dosa-dosa kawulanipun, sahingga melai setunggal Syawal tiyang-tiyang Islam melai nanem lan makarya, nindakekan ngibadah dhateng Gusti Allah kanthi ingkang langkung sae. Wulan syawal ugi kawastanan wulan peningkatan sedaya amal ibadahipun dhateng Allah.

Shalat fardhunipun dipun sempurnakaken, shalat sunnahipun dipun tindakaken lan shalat jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid, langgar lan mushala dipun makmuraken. Alquran dipun kaji, dipun udari makna lan kandunganipun kangge pedomanipun gesang. Infaq lan shadaqahipun dipun giyataken, shilaturahiminipun dipun lestantunaken, sahingga tansah rumaos andhap ashor lan prasojo, gedhe athi lan cilik ing pamrih. Mekaten punika mujudaken pikantuk kasil la’allakum tattaqun. Amargi taqwa boten namung lelamisan ing lathi lan boten namung pengangen-angen, ananging i’tiqod ingkang sampun manggen ing athi dipun ucapaken kanthi lisanipun lan dipun tindakaken kanthi amal ibadah. Mekaten punika pangerosan ideal wulan Syawal.

Ananging ingkang dados keprihatinan bilih wulan Syawal dados dinten lebaran, inggih punika sampun lebar anggenipun nglerem hawa nafsu, sampun lebar anggenipun nindaken shalat fardhu kanthi jam’ah, sampun bibar angggenipun tindak ing majlis taklim, sampun bibar anggenipun tadarus Alquran, sampun bibar anggenipun jihad, berjuang kangge jumbuhaken Islam minangka rahmatan lil alamin kangge kemajengan umat Islam. Sahingga prasast sasampunipun mlebet ing wulan Syawal sedaya tumindak sae dipun tilaraken sahingga masjid, langgar, musholla dipun tilar dening umatipun, Alquran dipun tinggalaken, rukuh sajadah dipun canthelaken lan sak terasipun.

Mangga kita muhasabah, ngitung-ngitung dhateng awak kita piyambak-piyambak, sasampunipun kita tingkas nindakaken shiyam Ramadhan kados pundi anggen kita ngabekti dhateng Gusti Allah nindakaken amal ibadah. Menawi akhir saking wulan Ramadhan boten ningkat amal ibadahipun ananging malah mandhap, pramila tiyang-tiyang dipun umpamikaken kados kewan ingon-ingon malah langkung asor malih.



وَلَـقَدْ ذَرَأْنَـا لِجَهَـــنّــَمَ كـَــثِـيْرًا مِنَ الْجِنِّ وَاْلإِنْــسِ. لَهُمْ قُلُوْبٌ لَايَـفْـقَهُوْنَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لَايُــبْصِرُوْنَ بِهَا وَلَهُمْ آذَنٌ لَايَسْمَعُوْنَ بِهَا. أُولـٰـئِـكَ كَاْلأَنْعٰمِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ. أُوْلٰئـِكَ هُمُ الْغَافِلُوْنَ

 Lan satemene Ingsun dadekake kanggo isine neraka Jahannam akeh-akehe sangka jin lan manungsa, dheweke padha duweni ati, ananging ora digunakake kanggo mahami (ayat-ayate Allah) lan dheweke padha duweni mata nanging ora digunakake kanggo ningali lan dheweke padha duweni kuping ananging ora digunakake kanggo ngrungokake (marang ayat-ayate Allah). Dheweke iku kaya dene kewan ingon-ingon malah dheweke luwih ashor, dheweke iku wong-wong kang padha lali”. (QS. Al A’rof: 179)

Tiyang Jawi mastani agomo puniko ageman. Ageman ingkang resik, syukur dipun gosok lan dipun paringi minyak wangi. Yektos badhe sekeca dipun agem tur ambetipun ingkang wangi, lan luwes dipun pirsani. Kanthi mekaten punika agami Islam menawi dipun tindakaken kanthi saestu yektos badhe dhatengaken kemaslahatan dhateng pribadi, keluarga lan masyarakatipun. Ngibadah ugi kedah dipun tindakaen kanthi ikhlas, inggih punika namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti Allah. Ngibadah dhateng Allah ugi kedah dipun tindakaken kanthi sabar, amargi sedaya tumindak manungsa mesthi wonten godha lan rubidonipun.

Tiyang Islam ingkang ngibadah kanthi istiqomah, ikhlas, sabar lan tawakal, yektos badhe dipun paringi katentreman ing ati, rumaos pikantuk perlindungan saking Gusti Allah, piyambakipun rumaos caket dhateng Allah. Sahinga tiyang ingkang mekaten punika badhe dipun paringi kanugrahan tanpa upami. Sahingga tiyang punika boten badhe supe tansah ngunjukaken raos syukur, kanthi tansah ningataken amal ibadahipun dhateng Allah.

Jalaran midherek ngendikanipun Rasulullah SAW, sinaosa sedaya gesangipun manungsa punika dipun ginakaken kangge ngibadah yektos dereng saget kangge bayar kanugrahanipun Allah SWT. Pramila mangga kita tansah ningkataken ibadah kita dhateng Allah SWT, kaleres ibadah maghdhoh lan ghairu maghdhoipun. Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, lan mugi-mugi Gusti Allah kersa bikak manah dhateng kawulanipun ingkang dereng insaf.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

KHOTBAH KEDUA :
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ. أَمَّا بَعْدُ؛ وَلاَ تَكُونُواْ كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لاَ يَسْمَعُونَ . إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ .رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ . وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد تسليمًا كَثيْرًا وآخر دَعْوَانَا لله رَب الْعَالَميْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ * وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ*

0 Response to "AMALAN DI BULAN SYAWAL"

Post a Comment