AL-QUR'AN MERUPAKAN PETUNJUK BAGI MANUSIA

AL-QUR’AN MINANGKA PITEDAH TUMRAP MANUNGSA


Allah Swt. akan menjamin bagi orang yang tidak mau berpegang teguh terhadap petunjuk-Nya, dan enggan berpedoman pada Al-Qur’an, mereka adalah golongan orang-orang yang sombong dan akan menemui kecelakaan yang fatal. Mereka mereka hidup dalam kesengsaraan. mereka tergolong orang-orang yang buta di akhiratnya. dan bagi orang-orang yang mau berpegang teguh terhadap Al-Qur'an maka Insya Allah hati mereka akan sangat mudah dalam menerima petunjuk dan hidayah Allah 

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّــدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ, أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْـمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat kang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken. Sholawat lan salam mugi tansah dipun paringaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman, Rasulullah Muhammad , ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sedaya titah kang ono ing alam kang gumelar puniko titahipun Allah , pramila Panjenenganipun ingkang langkung kagungan hak lan otoritas ndamel aturan utawi undang-undang, Allah  langkung priksa kados pundi cara nylametaken manungsa lan sadaya alam kang gumelar punika. Allah  langkung mangertosi margining ngagesang ingkang kedah dipunlampahi dening manungsa, amrih gesangipun wilujeng lan begja. Kanthi aturan utawi undang-undang para manungsa boten pados-pados pitedah malih. Boten ragu lan mamang malih, jalaran margining ngagesang sampun cetha, arahipun sampun mesthi, lan para manungsa kantun manut lan mituhu pitedah ingkang sampun wonten.

Gambaran Aturan utawi undang-undang punika kawastanan Al-Qur’an. Allah Manawi manut lan mituhu ndherek pitedah kados ingkang sampun kaserat wonten ing Al-Qur’an pramila dipunjamin boten badhe sasar salami-laminipun. Garansi kawilujengan punika boten namung dipunwatesi setahun kalih tahun, ananing lumampah ngantos salami-laminipun.

Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’an:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِىْ أُنْــزِلَ فِــيْهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِّـــلنَّـــاسِ وَبَـــيِّــــنَـاتِ مِنَ الْهُـــدَى وَالْفُرْقَـانِ

“(Dina-dina kang wis ditemtokake hiyaiku) wulan Ramadlan, kang ana ing wulan iku diudhunake (kawitane) Al-Qur’an, minangka dadi pituduh tumrap para manungsa lan dadi tandha kang cetha rupa pituduh lan rupa dhawuh-dhawuh kang mbedakake (antara perkara kang bener lan perkara kang salah).” (QS. Al-Baqarah : 185).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Al-Qur’an kedah kita papanaken wonten ing sanginggiling  sadaya buku-buku. Kedah kita papanaken wonten ing sanginggiling sadaya kitab lan waosan saha pawartos punapa kemawon. Pawartos Al-Qur’an kedah kita yakini tinimbang kitab-kitab sanesipun. Pawartos sanesipun Al-Qur’an boten kenging kita papanaken wonten ing sanginggiling pawartos Al-Qur’an, jalaran beneripun Al-Qur’an punika mutlak, langkung otentik, lan langkung sampurna. Punika sebabipun Al-Qur’an kedah kita papanaken wonten ing sanginggiling kitab lan waosan punapa kemawon.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. badhe njamin dhumateng tiyang ingkang cepengan kanthi kiyat dhumateng pitedahipun, boten badhe nggadhahi raos khawatir lan susah. Lan tiyang ingkang boten purun ngangge pitedahipun Al-Qur’an, piyambakipun kagolong tiyang ingkang gumedhe. Lan jalaran anggenipun gumedhe punika gesangipun badhe cilaka. Piyambakipun badhe gesang sangsara wiwit ing donya ngantos benjang wonten ing akhirat. Piyambakipun badhe nandhang wuta ing donya lan badhe nandhang wuta wonten ing akhirat.  Tiyang ingkang tansah mirengaken Al-Qur’an (istima’), ngangen-angen (ntadaburi) Al-Qur’an kanthi saestu, Insya Allah manah badhe kabuka lan saged  nampi pitedahipun Allah . Tiyang ingkang sinau lan mbudidaya ngafalaken Al-Qur’an, Insya Allah badhe gampil, jalaran kalimah-kalimah, huruf-huruf, susunan kalam, lan gaya basa (uslub) Al-Qur’an jumbuh kaliyan fitrahipun manungsa. Allah Swt. badhe maringi margi kanthi gampil dhumateng kawulanipun ingkang nyinau Al-Qur’an.

Mugi-mugi Allah Swt. maringi margi ingkang gampil kangge sinau la ngamalaken sadaya pitedahipun Al-Qur’an. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

0 Response to "AL-QUR'AN MERUPAKAN PETUNJUK BAGI MANUSIA"

Post a Comment