MANUSIA SEBAGAI KHOLIFAH DI BUMI

KHOTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA

Pada kesempatak kali ini, kami akan membahas tentang status manusia di muka bumi, yaitu sebagi makhluk Allah yang memiliki derajat paling mulai dan palaing baik dalam penciptaan-Nya. karena hanya manusia-lah yang diciptakan oleh Allah untuk dijadikan Khaifah / pemimpin bagi yang lainnya.  lantas apa saja yang harus dilakukan oelh seorang kholifah yang baik dan bijak. mari kita simak bersama-sama dalam KHOTBAH JUMAT EDISI BAHASA JAWA.


NETEPI JEJERING KHALIFAH



إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ؛ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ


وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَن يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ بَلَّغَ الرِّسَالَةَ وَأَدَّى الأَمَانَةَ وَنَصَحَ الأُمَّةَ؛ فَصَلَوَاتُ اللهِ وَسَلَامُهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَأَمَّا بَعْدُ مَعَاشِرَ المُؤْمِنِيْنَاِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى؛ فَإِنَّ مَنِ اتَّقَى اللهَ وَقَاهُ وَأَرْشَدَهُ إِلَى خَيْرٍ أُمُوْرٍ دِيْنِهِ وَدُنْيَاهُ

 Hadhlirin jamaah sholat jumat ingkang minulyo.

Sumangga kita sami hangaturaken raos syukur ing ngarsanipun Allah Swt , awit sedaya nikmat ingkang kaparingaken dhumateng kita . Lan kita wajib bersyukur tasih
saged sholat jumat berjamaah, awit rosulullah Muhammad SAW mastani dinten jumat meniko kanti sebatan sayidul ayam, dinten ingkang minulya. Lan cara mulyakaken dinten jumat antawisipin : kanthi sholat jumat berjamaah, midangetaken khutbah ingkang saestu , mendet hikmah khutbah jumat , lan dipun praktekaken wonten ing bebrayan agung masyarakat.. Sholawatlan salam mugi katur dateng nabi agung Muhammad SAW , dateng keluarganipun, para shahabat , lumeripun dateng sedaya umatipun . amin.


Lan salajengipun , sumangga kita tansah ambudidaya supados tambah iman lan taqwa kita dhumateng Allah , lan saged nindakaken sedaya dhawuhing agami islam. Lan saged nebihi sedaya awisanipun agami. Sederek hadhlirin jumat ingkang minulyo. Allah paring dawuh woneng ing alquran , surat albaqarah 30 : “Elinga, nalika pangeranmu paring dawuh marang Malaikat .Temen Ingsun bakal gawe kholifah ana ing bumi iki “ . Para sedherek, kita menika ajejer minangka kawulaning Allah SWT, Ingkang gadah kewajiban kumawulo , ibadah lan nyembah dateng 

Allah swt . Kajawi menika kita ugi ajejer kholifatullah inggih saweneh makhlukipun allah, ingkang pinaringan panguwaos supados makmuraken bumi . Lan sedaya nikmat allah ingkang gumelar ing alam menika kangge hanyekapi kabetahan kita. Allah paring dawuh wonten alquran surat Huud ayat 61

 :

“Panjengane , Allah, kang wus nyipta sira kabeh dumadi saka bumi, lan ngersakake supaya sira kabeh gawe makmur ana ing bumi “

Dados, kita ummat manungsa dipun paringi tugas supados makmuraken bumi, kanthi cara ngupakara , ngatur lan mrenata, ngalap manfaatipun sedaya peparingipun Allah , ingkang gumelar wonten ing bumi. Lan kita wajib mbangun masyarakat , sehingga saged gesang miturut aturan alquran lan sunnah Rosullulah. Kanthi mekaten ,saestunipun sedaya amal kita wonten bidang punapa kemawon : pados pangupajiwa ,srawung bebrayan ing masyarakat , pados ilmu , bangun negari lan kampung , kalebet mujudaken amanah Allah.. Pembangunan ingkang nembe dipun ayahi dening bangsa Indonesia ing sedaya bidang , ugi mujudakean pelaksanaan saking amanah Allah SWT. Lan kanthi pembangunan menika kita saged kacekapan kabetahan kita lahir lan bathhin , lan saged gesang kanthi sae wonten ing donya lan akhirat . Allah SWT paring firman wonten alquran surat albaqarah 201 :


“Lan saweneh saka wong wong mau ana kang ngucap : Dhuh pangeran kawula , mugi paduka kepareng paring kesenan dhateng kawula ing donya punika, mekaten ugi kesaenan ing akhirat mangke, lan mugi paduka kepareng anebehaken kawula saking siksa neraka “

Salajengipun , gandeng pembangunan menika mujudaken amanah saking Allah , mila cak-cakanipun pembangunan mboten kenging cengkah kaliyan angger –anggeranipun Allah SWT. Amargi menawi pembangunan kita menika , katindakaken kanthi cara-cara ingkang cengkah lan nerjang angger – anggeranipun agami islam temtu mboten badhe ndatengaken manfaat dhumateng kita.


Sederek hadhlirin jumat ingkang minulyo. Usaha – usaha lan pambudidaya kangge memasyakatkan agama islam , inggih punika supados tuntunaning agami saged tumindak lan lumampah wonten ing gesang bebrayan , ing babagan ekomomi, perdagangan , politik , seni , kabudayaan, pendidikan, social kemasyarkatan , mbangun kanpung, mbangun dusun-dusun, mbangun margi , kempalan pemuda lan pemudinipun, tata pasrawungan kaliyan tangga tepalih, panggulawenthahipun putra lan keluarga, lan sapiturutipun. Sedaya wau kedah kanthi miturut tata tuntunipun agami islam. 

Yen punapa ingkang kaaturaken punika estu-estu saged tumindak lan lumampah kanthai sae , saeba nikmatipun gesang kita wonten donya punika. Ing wusana sumangga kita tampi dhawuh Allah ing alquran surat al-qoshosh ayat 35 : 

“Lan padha upayanen kampung akherat iku ing sakabehing peparingi Allah marang sira.lan aja nglalekake bagianmu ana ing donya iki. Lan padha tumindaka becik, kaya dene anggone Allah wus gawe becik marang sira. Lan aja sira gawe rusak ana ing bumi iki , satemene Allah iku ora rena marang wong wong kang rusak “ Sederek hadhlirin jumat ingkang minulyo.



Mugi-mugi Allah SWT , tansah paring hidayah lan ma’unah dhumateng kita sedaya. sebab gesang kita menika naming sepisan , mugi-mugi kita saged nindakaken dhawuhipun , saged nglampahi tingkatan sesrawungan ingkang utami , supados pasedherekan kita keluarga saha masysrakat muslim saget kukuh, kuat , kita gesang saged tentrem ayem , pinaringan barokah, lan nebehi sedaya wewaleripun , saha dipun apura kalepatan kita . amin . Allahumma Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


KHOTBAH KEDUA 

وَصَلُّوْا وَسَلِّمُوْا رَعَاكُمُ اللهُ عَلَى مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ كَمَا أَمَرَكُمُ اللهُ بِذَلِكَ فِي كِتَابِهِ فَقَالَ: ﴿ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً ﴾ [الأحزاب:٥٦]، وَقَالَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: (( مَنْ صَلَّى عَلَيَّ صَلاةً صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ بِهَا عَشْرًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌوَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَلْأَئِمَّةِ المَهْدِيِيْنَ؛ أَبِيْ بَكْرِ الصِّدِّيْقِ، وَعُمَرَ الفَارُوْقِ، وَعُثْمَانَ ذِيْ النُوْرَيْنِ، وَأَبِيْ الحَسَنَيْنِ عَلِيٍّ, وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنِ اتَّبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنِّكَ وَكَرَمِكَ وَإِحْسَانِكَ يَا أَكْرَمَ الْأَكْرَمِيْنَ 

.

اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلَامَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ وَاحْمِ حَوْزَةَ الدِّيْنَ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ, اَللَّهُمَّ آمِنَّا فِي أَوْطَانِنَا وَأَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَوُلَاةَ أُمُوْرِنَا وَاجْعَلْ وِلَايَتَنَا فِيْمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ وَاتَّبَعَ رِضَاكَ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَاَللَّهُمَّ وَفِّقْ وَلِيَّ أَمْرِنَا لِمَا تُحِبُّ وَتَرْضَى، وَأَعِنْهُ اللَّهُمَّ عَلَى البِرِّ وَالتَّقْوَى، وَسَدِّدْهُ فِي أَقْوَالِهِ وَأَعْمَالِهِ وَارْزُقْهُ البِطَانَةَ الصَّالِحَةِ النَّاصِحَةِ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَفِّقْ جَمِيْعَ وُلَاةَ أَمْرِ المُسْلِمِيْنَ لِلْعَمَلِ بِكِتَابِكَ وَاتِّبَاعِ سُنَّةِ نَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَاجْعَلْهُمْ رَحْمَةً وَرَأْفَةً عَلَى عِبَادِكَ المُؤْمِنِيْنَ 

.

اَللَّهُمَّ آتِ نُفُوْسَنَا تَقْوَاهَا، زَكِّهَا أَنْتَ خَيْرَ مَنْ زَكَّاهَا، أَنْتَ وَلِيُّهَا وَمَوْلَاهَا، اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَوْى وَالعِفَّةَ وَالغِنَى, اَللَّهُمَّ لَكَ أَسْلَمْنَا وَبِكَ آمَنَّا وَعَلَيْكَ تَوَكَّلْنَا وَإِلَيْكَ أَنَبْنَا وَبِكَ خَاصَمْنَا نَعُوْذُ بِعِزَّتِكَ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ، فَأَنْتَ الْحَيُّ الَّذِيْ لَا يَمُوْتُ وَالْجِنُّ وَالْإِنْسُ يَمُوْتُوْنَ 

.

اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ مِنْ كُلِّ خَيْرٍ خَزَائِنُهُ بِيَدِكَ، وَنَعُوْذُ بِكَ اللَّهُمَّ مِنْ كُلِّ شَرٍّ خَزَائِنُهُ بِيَدِكَوَنَسْأَلُكَ اللَّهُمَّ الجَنَّةَ وَمَا قَرَّبَ إِلَيْهَا مِنْ قَوْلٍ أَوْ عَمَلٍ، وَنَعُوْذُ بِكَ مِنَ النَّارِ وَمَا قَرَّبَ إِلَيْهَا مِنْ قَوْلٍ أَوْ عَمَلٍ, اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَلِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اَللَّهُمَّ اغْفِرْ ذُنُوْبَ المُذْنِبِيْنَ مِنَ المُسْلِمِيْنَ وَتُبْ عَلَى التَّائِبِيْنَ، اَللَّهُمَّ ارْحَمْ مَوْتَانَا وَمَوْتَى المُسْلِمِيْنَ، وَاشْفِ مَرْضَانَا وَمَرْضَى المُسْلِمِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَفَرِّجْ هَمَّ المَهْمُوْمِيْنَ مِنَ المُسْلِمِيْنَ، وَنَفِّسْ كَرْبَ المَكْرُوْبِيْنَ، وَاقْضِ الدَيْنَ عَنِ المَدِنِيْنَ، اَللَّهُمَّ وَارْفَعْ عَنَّا الغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْزَلَازِلَ وَالفِتَنَ وَالمِحَنَ وَالفِتَنَ كُلِّهَا مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ؛ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ المُسْلِمِيْنَ عَامَةً يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ, رَبَّناَ آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ, رَبَّنَا إِنَّا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ 

 .

عِبَادَ اللهِ: اُذْكُرُوْا اللهَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ  

0 Response to "MANUSIA SEBAGAI KHOLIFAH DI BUMI"

Post a Comment