FADHILAH ISTIGHFAR DAN TAUBAT


KHOTBAH JUMAT BAHASA JAWA
FADHILAH ISTIGHFAR LAN TAUBAT
الخطبة : فى فضل الإستغفار والتوبة

السلام عليكم ورحمة اللـه وبركاته


اَلْحَمْدُ لِلّٰـهِ الْقـَائِلِ فِى كِـتَابِهِ الْمُبِـيْنِ. وَتُـوْبُوْا إِلـٰى اللّٰـهِ جَمِيْعًا أَيـُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ لَعَلَّـكُمْ تُـفْلِحُوْنَ. أَحْمَدُهُ إذْ فَـتَحَ لِعِبَادِهِ بَابَ التـَّـوْبَةِ, وَدَعَاهُمْ إلَيْهَا. وَوَعَدَهُمْ أنْ يَــتَـقَـبَّلَهَا مِنْهُمْ, وَيَمْحُوْا سَيِّـئَآتِهِمْ. وَأَشْهَدُ أنْ لٰاإلٰهَ إلاَّ اللّٰـهُ وَاحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ, لَارَبَّ لَنَا سِوَاهُ. وَلَا نَعْبُدُ إلَّا إيَّاهُ. وَأشْهَدُ أنَّ مُحـَــمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰـهًمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى أٰلِهِ وَصَحْبِهَ وَسَلِّـمْ تَسْلِيْمًا كَـــثِيْرًا. أمَّا بَعْدُ.

  
   أيُّهَا النَّاسُ. إتــَّـــقُوا اللّٰـهَ حَقَّ تــُـقَاتِهِ وِلَاتـــَمُوْتــُـنَّ إلَّا وَأنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. عِبَادَ اللّٰـهِ! وَاعْلَمُوْا أنَّ ابْنَ آدَمَ مــَخْلُوْقٌ ضَعِيْفٌ. قَدْ حَقَّهُ أعْدَاءٌ كــَــــــثــــِـيْرُوْنَ مِنَ الشَّيٰاطِيْنِ وَالْجِنِّ وَالْإنْسِ يُحْسِنُوْنَ لَهُ الْقَبـِــيْحَ, وَيَقْبَحُوْنَ فِى نَظْرِهِ الْحَسَنِ. وَمَعَ هٰــؤُلٰاءِ الْأَعْدَآءِ نَفْسُهُ الْأَمَارَةِ بِالسُّوْءِ تَدْعُوْهُ إِلَى تَنَاوُلِ الشَّهَوَاتِ اْلمــُحَرَّمَتِ. لَكِنْ مَعَ هَذَا كُـلِّهِ قَدْ جَعَلَ اللّٰـهُ لَهُ حَصِيْنًا. وَهُوَ تَوْبَـــةٌ إِلَى اللّٰـهِ, وَاْلإِسْتِعَانَةِ بِهِ. قَالَ اللّٰـهُ تَعٰالٰى : وَاعْتَصِمُوْا بِاللّٰـهِ هُوَ مَوْلَاكُمْ فَنِعْمَ اْلـمَـوْلٰى وَنِعْمَ النَّصِيْرُ. 

            Poro hadlirin  sholat jum’at ingkang dipun mulyaaken dining Alloh, Mohnggo samiho nambahi taqwa dumateng Alloh, lan kito sedoyo sampun ngantos pejah kejawi neneti agami Islam.

            He kawulane Alloh! Podo ngertiyo bilih anak turunipun Nabi Adam (Menungso) meniko salah setunggalipun makhluk ingkang apes, ingkang dipun kepung dening pinten-pinten mungsuh, ingkang arupi syaithon, jin lan menungso. Ingkang sedoyo kolowahu mahes-mahesi utawi ngapik-apik dateng barang engkang awon, lan ngawonaken dateng barang engkang sahe. Ing mongkom piambakipun sareng-sareng nafsunipun menungso ingkang selalu ngajak-ajak dateng kaawonan. Nanging kaliyan sedoyo wahu Gusti Alloh ndadosakan alat ingkang kangge merangi, inggih ouniko Taubat dateng Gusti Alloh sarono nyuwun pitulunganipun.
كما قــــال اللـه تـــعالى :
وَاعْتَصِمُوْا بِاللّٰـهِ هُوَ مَوْلَاكُمْ فَنِعْمَ اْلـمَـوْلٰى وَنِعْمَ النَّصِيْرُ.

Artosipun,  Wallohu ‘alamu bimurodih :
“Podo gondelono siro kabeh marang Alloh ta’ala, sakestunipun Alloh ta’ala iku bendoro iro kabeh. Mongko sak bagus-baguse bendoro hyo iku Alloh. Lan sak bagus-baguse dzat kang nulungi hyo iku Alloh.”

   Milo. Sinten tiyang ingkang ngelampahi kesalahan utawi ma’siyatsupadoso nenggal-enggal tobat lan nyuwun ngapunten dateng Alloh SWT, lajeng dipun sarengi kaliyan ngamal ingkang sahe, soho mareni / nilar dateng perbuatan ma’siyat kolo wahu. Keranten sedoyo perbuatan ingkang sahe puniko saget ngelebur dateng lelampahan ingkang awon utawi ma’siyat.
كما قال اللـه تعالى :
وَمَنْ يَعْـمَلْ سُوْءًا أوْ يَظْلِمْ نَـفْـسَهُ ثُـمَّ يَـسْـتَـغْـفِرِ اللّٰـهَ يَجِدِ اللّـهَ غَـفُـوْرًا رَّحِيْمًا.

Artosipun Wallohu “alamu bimurodih :
 “Sing sopo wonge ngelakoni olo utawi nganioyo awake dewe nuli podo nyuwun ngapuro ing Gusti Alloh mongko bakal nemu ing Dzat kang akeh Pengapurane lan Welase.”

Poro hadlirin sidang Jum’at Rohimakumulloh...! pancen taubat ingkang sak estuu puniko saget ngelebur dateng ngamal awon ingkang dupun lampahi dene doso meniko wonteng inglang alit  lan wonten ingkang ageng.  Ananging pengapurane Alloh puniko langkung ageng. Al hasil..! menawi wonten tiyang  nyono bilih doso puniko boten saget dipun ngapuro dening Alloh, tiyang ingkang ngaten puniko berartos sampun nyono awon dateng Gusti Alloh. Lan tiyang kolo wahu termasuk tiyang ingkang putus asa saking rohmate Alloh. Ing mongko putus asa puniko merupaken doso ingkang ageng,
  قـال رسول اللـه صلى اللـه عليه وسلم : لَا تــَـيـْأَسُــوْا مِنْ رَحْمَةِ اللّٰــهِ
 ojo podo putus asa siro kabeh saking rohmate Alloh )

 Ananing sedoyo kolo wahu boten ateges nggegampang dateng pengapuraen Gusti Alloh, salajeng tansah nindaaken maksiyat dateng gusti Alloh puniko mboten. balik monggo poro kaum muslimin sedoyo sami mangertoso, bilih ingkang nami taubat inggih puniko mareni maksiyat tumuju tho’at dateng Gusti Alloh ta’ala boten namung dipun ucapaken wonten ing lesan kemawon. Lan tobat puniko ugi wonten syarat-syaratipun :
1.         Kedah niat nilaraken / nebihi dateng maksiyat utawi doso lan nebihi dateng perkawis ingkang dumugiaken dateng doso utawi maksiyat kolo wahu.
2.         Anggetuni dateng doso ingkang sampun dipun lampahi lan rumongso isin dateng Alloh. 
3.         Kedah kagungan sejo, boten badhe mangsuli dateng perkawis ingkang dipun larang dateng Gusti Alloh ta’ala.
4.         Menawi doso ingkang dupun tobati puniko berhubungan kaliyan sesami menungso, puniko ingkang langkung rumiyin anggone nyuwun ngapunten. Menawi hubunganipun masalah bondo akeh kedah nyuwun halalipun utawi ngijoli dateng bondo kolo wahu. Menawi kesalahanipun berhubungan kaliyan kehormatan kadosto gelndheng, utawi adu-adu, puniko kedah nyuwun pengapunten dateng tiyang ingkang berhak. Lan sak ba’danipun kedah merubah sikap. Tegesipun damel bagus utawi boten badhe mangsuli malih dateng pinten-pinten kesalahan ingkan kasebat ngajeng.

Poro hadlirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh...! sak sampunipun kito mangartosi bilih doso punopo kemawon kejawi musyrik saget dipun tobati. Milo, monggo enggal-enggal kito ngelampahi tobat, mumpung dereng dumugi ajalipun. Sebab, ajal kito sedoyo boten mangertos kapan dumugine... lan menawi sampun dumugi, puniko mboten saged dipun sumayani. Milo monggo sepindah malih, mumpun lawang tobat tasih dipun bikak inggal-enggal kito ngelampahi tobat. Jalaran menawi lawang tobat sampun katutup, badhe tobat ingkang kados pundi tetep boten saget dipun terimo. Dene batese/ tutupipun lawang tobat inggih puniko sak derenge nyawane dumugi gorokan.

أَعُوْذُ بِاللّٰـهِ مِنَ الشَّيْطٰانِ الرَّجِيْمِ : يٰاأَيـُّـهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا لَا تُـلْهِكُمْ أَمْــوَالُكُمْ وَلَا أَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰـهِ. وَمَنْ يَعْمَلْ ذٰلِكَ فـَــأُلــــــــۤـــــئِكَ هُمُ الـْخــَاسِرُوْنَ. وَأَنْــفِقُوْا مِمَّا رَزَقـــْـــــــنَاكُمْ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَّـــــأْتِــيَ أَحَدُكُمُ الْمَـوْتُ فَيَقُوْلُ رَبِّ لَوْلَا أخَّــــــرْتَــــنِى إِلىَ أَجَلٍ قَـــرِيْبٍ. فَأَصَّدَّقَ وَأَكُنْ مِنَ الصَّالِحِيْنَ. وَلَنْ يـُّــــــــؤَخِّـــــرَ اللّٰـــــهُ نَــــفْــــسًا إِذَا جَـــــآءَ أَجَــــلُهَا, وَالـلّٰـــــــهُ خَــــبِـــيْرٌ بـِـمَا تَـعْـــمَلُوْنَ.

بَــارَكَ اللّٰـــــهُ لـِى وَلَـــــكُمْ فِى الْقُــــــرْآنِ الْعَــظِـــــيْمِ. وَنَـــفَـــعَــــــنِىْ وَإِيَّــــــــــاكُـــمْ بِـــالْأَيَــــــاتِ وَالـــــــذِّكْــــــرِ الْــحَكـِـــــيْمِ. إنَّـــهُ هُـوَ الْــغَــفُــوْرُ الـــــرَّحِـــــيْمِ.

0 Response to "FADHILAH ISTIGHFAR DAN TAUBAT"

Post a Comment