KERJA, JUJUR DAN BERTASBIH

KHOTBAH JUMAT BAHASA JAWA
(KERJA JUJUR DAN BERTASBIH)


اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ مَنْ تَوَكَّلَ عَلَيْهِ بِصِدْقِ نِيَّةٍ كَفَاهُ وَمَنْ تَوَسَّلَ إِلَيْهِ بِاتِّبَاعِ شَرِيْعَتِهِ قَرَّبَهُ وَأَدْنَاهُ وَمَنِ اسْتَنْصَرَهُ عَلَى أَعْدَائِهِ وَحَسَدَتِهِ نَصَرَهُ وَتَوَلاَّهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ حَافَظَ دِيْنَهُ وَجَاهَدَ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ (أَمَّا بَعْدُ) فَقَالَ تَعَالَى فَإِذَا قُضِيَتِ الصَّلَاةُ فَانتَشِرُوا فِي الْأَرْضِ وَابْتَغُوا مِن فَضْلِ اللَّهِ وَاذْكُرُوا اللَّهَ كَثِيرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Monggo samiho nambahi taqwa dateng Allah SWT kanthi nilaraken kecurangan tuwin kebohongan lan sifat-sifat awon sanese. Ugi melatih diri kanthi ngugemi sifat jujur. Sebab sifat jujur puniko penentu nasib kito kiambak-kiambak.

Hadirin jamaah jum’ah rohimakumulloh
Nyambut damel pados ma’isyah / rizki kagem ibadah saben dinten hukumipun wajib. hal puniko engkang sampun dipun sepakati deneng poro Ulama’. Sebab kanthi kerja merupakan salah setunggalipun coro kagem nenetpi kebutuhan sabendintenipun. Kanthi kerjo kito saget terhindar saking sifat thoma’ ingkang dipun larang deneng agami kados dawuhipun Alloh swt ingdalem surat Al-Jumuah ayat 10.

فَإِذَا قُضِيَتِ الصَّلَاةُ فَانتَشِرُوا فِي الْأَرْضِ وَابْتَغُوا مِن فَضْلِ اللَّهِ وَاذْكُرُوا اللَّهَ كَثِيرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

Naliko sampun rampung anggenipun sholat mongko enggal-enggalo tumandang/ sumebyar ing bumi (pados rizki), lan podo golek’o kanugrahanipun Alloh SWT kanthi sak katah-katahe menowo-menowo siro kabeh podo nemu kabejan

Agami Islam boten remen yen wonten tiyang namung angklung-angklung/ ongkang-ongkang kaki nyadong rizki tanpo usaha. Sebab saktemene  al-barakatu ma’al harakatun. Tiap-tiap keberkahan puniko kanthi usaha/ gerak. Pundi wonten usaha meniko wonten keberkahan saking Allah ta’ala.

Ibrahim al-Matbuly berpendapat bahwa tiyang fakir engkang tekun ngibadah (kirang anggenipun usaha) ananging boten kerso pados pendamelan ingkang ngasilake ma’isyah meniko kados manuk beluk kang manggon ono ing griyo kosong

Usaha pados ma’isyah merupakan setunggaling kemuliaan. Sebab wonten ing mriku tiyang saget nimbang-nimbang posisi rizki hasil kerjanipun halal, haram lan syubhatipun. Benten kaliyan tiyang engkang nyadong peparinge tiyang sanes engkang taksih ngandung kesyunhatan sebab piambake boten mangertosi asal bukane rizki meniko.
Kanjeng Rasul SAW dawuh
كَانَ دَاوُدَ عَلَيْهِ السَّلَامْ لاَ يَأْكُلُ الُّا مِنْ عَمَلِ يَدِيْهِ

Nabi Daud as boten kerso dahar kecuali saking hasil kerjanipun kiambak (HR.Bukhari)

Jama’ah Jum’ah rohimakumulloh.
Disamping bekerja engkang giat islam ugi ngajaraken sikap jujur, sebab nindakake kejujuran puniko tergolong kewajiban. bekerja engkang dipun lampahi kanthi kejujuran meniko saget mempngaruhi nilai ibadah kito. Sebab barang engkang halal meniko saget anggampilaken anggen kito ngibadah keparek dumateng Alloh swt. Nah ... Engkang dados pertimbanganipun inggih puniko proses pados ma’isyah ipun.

Hasil engkang kirang maksimal ananging diproses kanthi sempurna saget ngasilake keberkahan. Sak wangsulipun, hasil engkang maksimal ananging prosese kanthi cacat (curang) meniko saget beto penyakit moral. Engkang mekaten puniko dipun dibenci deneng kanjeng Rasululah Muhammad saw.

Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Imam Abu Hasan As-Syadzili sampun dawuh “sinten tiyang engkang bekerja kanthi jujur mongko tiyang aksebat kagolong tiyang engkang berjuang melawan hawa nafsu engkang tansah condong marang kebatilan”.

Jamaah jum’ah yang Dirahmati Allah
Sak sampuniupun kejujuran saget kito agem, kito saget melangkah ing tingkat salajengipun inggih puniko mengisi kejujuran kanthi niat ngibadah. kados engkang dipun dawuhaken deneng Abu Abbas al-Mursi:
عَلَيْكُمْ بِالسَّبَبِ وَلْيَجْعَلْ أَحَدُكُمْ مَكُوْكَهُ سَبْحَةً وَقَدُوْمَهُ سَبْحَةً وَاْلخِيَاطَةُ سَبْحَةً والسفَرُ سبحةً

Nyambut gaweho siro kabeh lan dadosno alat tenunmu (naliko nenun) sebagai tasbih, kapakmu sebagai tasbih, jarummu sebagai tasbih, dadosake lelunganmu sebagai tasbih.

Apaun bentuk pekerjaan kita lan wonten eng pundi kemawon ampun ngantos supe dipun niati kelawan ngibadah, disambi kaliyan maos tasbih maksude ampun supe ngibadah / dzikir nyang Alloh ta’ala.

Semanten khotbah jum’ah engkang saget kawulo aturaken, mugiho andadosaken berkah lan manfaat fiddini waddunya wal akhiroh. amin.

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.



Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

0 Response to "KERJA, JUJUR DAN BERTASBIH"

Post a Comment