DASAR SILLATUR RAHMI

KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA
DASAR SILATURRAHIM

Manusia Ciptaan Alloh yang paling sempurna, namun didalam kesempurnaan itu terdapat pula kekhilafan dan lupa. maka dari itu di bulan syawal ini mari kita tingkaykan amal ibadah kita, mendekatkan diri pada Alloh melalui pelatihan bulan Raadhan yang telah lewat sebagai dasar dan modal lanjutan dalam beribadah dan bermasyarakat.


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ 
.
Masyirol muslimin rohimakumulloh.

Sampun kito tingkas nindakaken shiyam Ramadhan, Prasasat boten wonten wekdal ingkang dipun sia-siakaken amargi sampun mangertosi kautaman ing salebetipun wulan Ramadhan, wulan peningkatan amal ibadah dhateng Allah , sameniko kito mlebet ing wulan Syawal. Kanthi punika milai ing wulan Syawal, mangga kita jumbuhaken sedaya ibadah punika kanthi ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah .

Tasih wonten swasana Idul Fitri, kawula aturaken “ja’alanallahu minal ‘aidin wal faizin. Sampun dados kodratipun Allah  bilih manungsa punika dipun titahaken dados makhluk ingkang paling sempurna, ananging dipun panjingi sifat khata’ lan nisyan,. Langkung utami menawi nyuwun lan paring pangapunten menawi lepat dhateng Allah kita hangaturaken istighfar lan enggal-enggal mertobat dhateng Allah.

Semanten ugi menawi kita rumaos damel lepat dhateng sesaminipun supados enggal-enggal nyuwun pangapunten dhateng sesaminipun. Amargi kelepatan punika saget dadosaken pasederekan ing antawis kita dados boten sae, kados nindaaken adu domba, mitnah, ngapusi, nyana ala dhateng tiyang sanes, lan sanes-sanesipun. Fikirani kito kedah dipun gunakaken kagem mikiraken perkawis ingkang penting. Supados mboten njalari tuwuhipun penyakit lahir, kados mag, darah tinggi, diabetes lan penyakit-penyakit sanesipun.

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah

Wonten sekawan perkawis ingkang dados dasar nindakaken shilaturahim, inggih punika:

1.        Sedherek margi keturunan (ukhuwah dzurriyah) inggih punika amargi saking pernikahan. Enbgkang asale tiyang sanes, ananging sasampunipun dipun nikahaken mila dados sedherek, malah ing antawis bapa, ibu, kadang nem lan sepuh ingkang waunipun tiyang sanes dados sedherek. Selaras kalian pangandikanipun Allah wonten Alquran Surat Annisa’ ayat 1:

ياأيها الناس اتقوا ربكم الذى جلقكم من نفس وحدة وخلق منها زوجها وبث منهما رجالا كثيرا ونسآء. واتقوا الله الذى تسآءلون به والأرحام. إن الله كان عليكم رقيبا.

“ He kabeh para manungsa, padha taqwaha sira kabeh marang Panjenenganira kang wus nitahake sira kabeh saka wong ijen, lan saka wong ijen iku Allah nitahake bojone lan saka dene loro-lorone Allah nitahake pirang-pirang lanang lan wadon kang akeh. Lan padha taqwaha sira kabeh marang Allah, kang kanthi (nganggo) asmane sira kabeh padha jaluk jinaluk ing antarane siji lan sijine, lan padha (reksanen) seambungan shilaturahim. Satemene Allah tansah ngjaga lan ngawasi sira kebeh.

2.    Sedherek marga saking agama utawi ukhuwah Islamiyah, sesami tiyang Islam punika sedherek, margi sampun dipun ngendikakaken dening Rasullulah SAW bilih antawis setunggal muslim kalian muslim sanesipun punika sedherek: 

اَلْمُسْلِمُ أَخُو الْمُسْلِم

“ Wong Islam siji karo sijine iku dadi sedulur”. 

Ing hadits sanesipun Rasulullah ngendika bilih raos welas asihipun tiyang Islam dipun ibarataken setunggal badan:

مثَلُ الْمُؤْمِنِيْنَ فِيْ تَوَادِّهِمْ وتَرَاحُمِهِمْ وتَعاطُفِهِمْ، مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اشْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَداعَى لهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهْرِ وَالْحُمَّى " متفقٌ عليه

Pralambang, wong Islam ing sak jroning padha sesenengan lan melas asihi, lan padha trenyuh-trenyuhan iku kaya awak siji. Lamun salah sijine bagian saka awak lara, mangka sakabehane awak ngrasakake lara, melek, ora bisa turu lan krasa panas”. (HR. Buchari Muslim)

3.  Sedherek margi sami-sami manungsa utawi ukhuwah insaniyah utawai bashariyah. Allah SWT ngendika:

ياأيها الناس إنا خلقناكم من ذكر وأنثى وجعلناكم شعوبا وقبائل لتعارفوا

“ He manungsa, satuhune Ingsun (Allah) dadekake sira kabeh saka pawongan lanang lan wadon lan wus dadekake Ingsun ing sira kabeh pira-pira bangsa lan pira-pira suku supaya sira kabeh siji lan sjine bisa kenal. Satemene wong kang paling mulya ing dalem antarane sira kabeh iku wong kang paling taqwa. Satemene Allah iku Maha Pirsa lan Maha Niteni”. (QS. Al Hujurat: 13)

4.   Sedherek margi sami setunggal daerah, utawi ukhuwah Wathaniyah. Sahingga nalika kita gesang wonten ing satengahing kampung, desa utawi kitha, tiyang-tiyang ing wilayah punika dados sedherek. Tiyang-tiyang punika sinaosa tiyang sanes ananging amargi asring pinanggih, sahingga prasasat kados sedherek mawon. Malah raosipun langkung caket, dipun bandhing kalian dzhurriyah ingkang boten nate pinanggih.

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah

Sekawan perkawis ingkang dados mahnet utawi lem kangge sarana ngraketaken ing antawis sesami tiyang gesang. Kanthi punika kita melai ing wuan Syawal, ingkang prasasat boten wonten tiyang ingkang rumaos leres, sedaya ngraosaken kathah lepatipun. Sahingga kalepatan kalian Gusti Allah, melai rina malem riyaya dumugi akhir nindakaken shalat Id kita sampun ngalembana dhateng Agengipun Allah, nyucikaken Allah dan memuji dhateng asama dalem Allah SWT. Semanten ugi kalepatan dhateng sesaminipun dipun tindakaken kanthi muhasafah lan sami shilaturahim, sami sowan pisowanan sahingga ketingal welas-asihipun dhateng sesaminipun.

Mugi-mugi raos pasederekan punika saget dipun lestantunipun, amin ya Robbal ‘alamin.

جعلنا الله وإياكم من العائدين والفائزين وأدخلنا وإياكم من زمرة عباده الصالحين. وقل رب اغفر وارحم وأنت خير الراحمين.


Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُوَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

0 Response to "DASAR SILLATUR RAHMI"

Post a Comment