KHOTBAH JUM’AT
SINGKAT BAHASA JAWA
BULAN
SYAWAL
Pada kesempatan kali ini, blog estungkaran.blogspot.com akan menerangkan tentang khutbah jum'at di bulan syawal, tentunya materi khutbah ini ada kaitannya dengan bulan ramadhan dan ucapan selamat tinggal semoga dapat berjumpa lagi di tahun depan kepadanya. lantas apa saja yang menjadi topik khutbah ini? simak kejelasannya di khutbah Jum'at Singkat bahasa jawa.
KHOTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA BULAN SYAWAL
اَلْحَمْدُ لِلّهِ
رَبِّ الْعالَمِيْنَ حَمْدًا كَثِيْرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيْهِ كُلَّ
حَالٍ اَلَّذِى قَدْ اَوْجَبَ مِنْ نُوْرِهِ نُوْرًابِهِ عَمَّ الْهُدَى, اَشْهَدُ
اَنْ لَا اِلهَ اِلَّااللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ لَا
نَبِىَّ بَعْدَهُ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِﻥ
النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ وَالرَّسُوْلِ الْعَظِيْمِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
وَّحَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ أَحْيى سُنَّتَهُ
اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. فَيَآ أَيُّهَالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ
وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ
Kaum
muslimin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah.
Mangga
kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah, inggih
punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya
awisanipun Allah, jalaran kanthi mekaten kita badhe pikantuk kabekjan wiwit
dunya dumugining akherat samangke.
Ing
dinten punika kita sampun nilaraken wulan ingkang kathah rahmat lan
maghirahipun Allah inggih punika wulan suci Ramadhan. Wulan ingkang mungguhipun
Allah kangge nguji dhateng kawulanipun Allah anggenipun mujudaken kesabaran,
kejujuran lan keikhlasan inggih punika kanthi nindakaken shiyam Ramadhan.
Kanthi punika tiyang Islam ingkang kasil anggenipun nindakaken shiyam inggih
punika ingkang pikantuk derajat taqwa, la’allakum tattaqun.
Sahingga
ing tanggal setunggal Syawal kawastanan Idul Fitri, dinten ingkang fitrah. Jalaran
ing dinten punika Allah sampun paring pangapunten dhateng sedaya dosa-dosa
kawulanipun, sahingga melai setunggal Syawal tiyang-tiyang Islam melai nanem
lan makarya, nindakekan ngibadah dhateng Gusti Allah kanthi ingkang langkung
sae. Wulan syawal ugi kawastanan wulan peningkatan sedaya amal ibadahipun
dhateng Allah.
Shalat
fardhunipun dipun sempurnakaken, shalat sunnahipun dipun tindakaken lan shalat
jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid, langgar lan
mushala dipun makmuraken. Alquran dipun kaji, dipun udari makna lan
kandunganipun kangge pedomanipun gesang. Infaq lan shadaqahipun dipun
giyataken, shilaturahiminipun dipun lestantunaken, sahingga tansah rumaos
andhap ashor lan prasojo, gedhe athi lan cilik ing pamrih. Mekaten punika
mujudaken pikantuk kasil la’allakum tattaqun. Amargi taqwa boten namung
lelamisan ing lathi lan boten namung pengangen-angen, ananging i’tiqod ingkang
sampun manggen ing athi dipun ucapaken kanthi lisanipun lan dipun tindakaken
kanthi amal ibadah. Mekaten punika pangerosan ideal wulan Syawal.
Ananging
ingkang dados keprihatinan bilih wulan Syawal dados dinten lebaran, inggih
punika sampun lebar anggenipun nglerem hawa nafsu, sampun lebar anggenipun
nindaken shalat fardhu kanthi jam’ah, sampun bibar angggenipun tindak ing
majlis taklim, sampun bibar anggenipun tadarus Alquran, sampun bibar anggenipun
jihad, berjuang kangge jumbuhaken Islam minangka rahmatan lil alamin
kangge kemajengan umat Islam. Sahingga prasast sasampunipun mlebet ing wulan
Syawal sedaya tumindak sae dipun tilaraken sahingga masjid, langgar, musholla
dipun tilar dening umatipun, Alquran dipun tinggalaken, rukuh sajadah dipun
canthelaken lan sak terasipun.
Mangga
kita muhasabah, ngitung-ngitung dhateng awak kita piyambak-piyambak,
sasampunipun kita tingkas nindakaken shiyam Ramadhan kados pundi anggen kita
ngabekti dhateng Gusti Allah nindakaken amal ibadah. Menawi akhir saking wulan
Ramadhan boten ningkat amal ibadahipun ananging malah mandhap, pramila
tiyang-tiyang dipun umpamikaken kados kewan ingon-ingon malah langkung asor
malih.
ôs)s9ur $tRù&us zO¨YygyfÏ9 #ZÏW2 ÆÏiB Çd`Ågø:$# ħRM}$#ur ( öNçlm; Ò>qè=è% w cqßgs)øÿt $pkÍ5 öNçlm;ur ×ûãüôãr& w tbrçÅÇö7ã $pkÍ5 öNçlm;ur ×b#s#uä w tbqãèuKó¡o !$pkÍ5 4 y7Í´¯»s9'ré& ÉO»yè÷RF{$%x. ö@t/ öNèd @|Êr& 4 y7Í´¯»s9'ré& ãNèd cqè=Ïÿ»tóø9$#
“ Lan satemene Ingsun dadekake kanggo isine
neraka Jahannam akeh-akehe sangka jin lan manungsa, dheweke padha duweni ati,
ananging ora digunakake kanggo mahami (ayat-ayate Allah) lan dheweke padha
duweni mata nanging ora digunakake kanggo ningali lan dheweke padha duweni
kuping ananging ora digunakake kanggo ngrungokake (marang ayat-ayate Allah).
Dheweke iku kaya dene kewan ingon-ingon malah dheweke luwih ashor, dheweke iku
wong-wong kang padha lali”. (QS. Al A’rof: 179)
Tiyang Jawi mastani agomo puniko ageman. Ageman ingkang resik, syukur
dipun gosok lan dipun paringi minyak wangi. Yektos badhe sekeca dipun agem tur
ambetipun ingkang wangi, lan luwes dipun pirsani. Kanthi mekaten punika agami
Islam menawi dipun tindakaken kanthi saestu yektos badhe dhatengaken kemaslahatan
dhateng pribadi, keluarga lan masyarakatipun. Ngibadah ugi kedah dipun
tindakaen kanthi ikhlas, inggih punika namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti
Allah. Ngibadah dhateng Allah ugi kedah dipun tindakaken kanthi sabar, amargi
sedaya tumindak manungsa mesthi wonten godha lan rubidonipun.
Tiyang Islam ingkang ngibadah kanthi istiqomah, ikhlas, sabar lan
tawakal, yektos badhe dipun paringi katentreman ing ati, rumaos pikantuk
perlindungan saking Gusti Allah, piyambakipun rumaos caket dhateng Allah.
Sahinga tiyang ingkang mekaten punika badhe dipun paringi kanugrahan tanpa
upami. Sahingga tiyang punika boten badhe supe tansah ngunjukaken raos syukur,
kanthi tansah ningataken amal ibadahipun dhateng Allah.
Jalaran midherek ngendikanipun Rasulullah SAW, sinaosa sedaya
gesangipun manungsa punika dipun ginakaken kangge ngibadah yektos dereng saget
kangge bayar kanugrahanipun Allah SWT. Pramila mangga kita tansah ningkataken
ibadah kita dhateng Allah SWT, kaleres ibadah maghdhoh lan ghairu
maghdhoipun. Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, lan
mugi-mugi Gusti Allah kersa bikak manah dhateng kawulanipun ingkang dereng
insaf.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ.
أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ
إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ
الرَّاحِمِيْنَ
KHUTBAH KEDUA
اْلحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ
وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ
اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ
وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ
رِضْوَانِهِ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ
وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِــثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ
فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ
اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَــهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ.وَاعْلَمُوْا
اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ
ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ
عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ
وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ
وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ
اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ
وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ
الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ
وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ
اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ
عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ
خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى
يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ
وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا
وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ
اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا
بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَرْ
0 Response to "KHOTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA BULAN SYAWAL"
Post a Comment