BEDANE NGRUMAT NGELMU LAN BONDHO

 

KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA

BEDANE NGRUMAT NGELMU LAN BONDHO

Jum’at Legi, 20 Januari 2023 M.

27 Jumadil Akhir 1444 H.

 

Wahai Hakim, sesungguhnya harta itu hijau lagi manis. Barang siapa yang mencarinya untuk kedermawanan (tidak tamak dan tidak mengemis) maka harta itu akan memberkahinya. Namun  jika barang siapa yang mencarinya untuk keserakahan, maka harta itu tidak akan memberkahinya, seperti orang yang makan namun tidak kenyang. Tangan yang diatas lebih baik dari pada tangan yang dibawah. (H.R. Bukhori : 1472)

 

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى أَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ وَأَتَمَّ عَلَيْنَا النِّعْمَةَ وَجَعَلَ أَمَّتَنَا وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ خَيْرَ أُمَّةٍ. وَبَعَثَ فِيْنَا رَسُوْلًا مِنَّا يَتْلُوْ عَلَيْنَا أَيَاتِهِ وَيُزَكِّيْنَا وَيُعَلِّمُنَا الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ. أَحْمَدُهُ عَلَى نِعَمِهِ الْجَمَّةَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تَــكُوْنُ لِـمَنِ اعْتَصَمَ بِهَا خَيْرَ عِصْمَةٍ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ لِلْعَالَـمِيْنَ رَحْمَةً وَفَرَضَ عَلَيْهِ بَيَانَ مَا أَنْزَلَ إِلَيْنَا فَأَوْضَحَ لَنَا كُلَّ اْلأُمُوْرِ الْـمُهِمَّةِ فَأَدَّى اْلأَمَانَةَ وَنَصَحَ اْلأُمَّةَ, صَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُوْلِى الْفَضْلِ وَالْهِمَّةِ أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا الْـمُسْلِمُوْنَ, أُوْصِي وَنَفْسِى وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَظِيْمِ, الْقَائِلِ فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : يٰاأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِى خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيْرًا وَنِسَآءً, وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِى تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامِ. إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Monggo kito tansah ngonjukkane raos syukur kito wonten ngarso dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala engkang sampun paring pinten-pinten kanugrahan lan kanikmatan engkang mobten kawical-wical wilangannipun. Lan monggoho kito sami netepi raos ajrih dhumateng Allah kanthi nindakaken sedoyo perintah lan nilar sedoyo cegah, jalaran namung kanthi taqwa punikolah bekal akhirat ingkang langkung  sae lan Allah bakal ngganjar sedoyo amal kito arupi swargo ingkang kebak kenikmatan.

Kanjeng Rasul paring dawuh marang Hakim bin Hazim,

يَا حَكِيْمُ, إِنَّ هَذَا الْـمَالُ خَضِرَةٌ حُلْوٌ, فَمَنْ أَخَذَهُ بِسَخَاوَةِ نَفْسٍ بُوْرِكَ لَهُ فِيْهِ, وَمَنْ أَخَذَهُ بِـإِشْرَافِ نَفْسٍ لَمْ يُبَارَكْ لَهُ فِيْهِ كَالَّذِى يَأْكُلُ وَلَا يَشْبَعُ, الْيَدُ الْعُلْيَا خَيْرٌ مِنَ الْيَدِ السُّفْلَى

Hei Hakim, saktemene bondho iku ijo tur manis. Sopo wahe kang nggoleki kanggo lelomanan (ateges ora tamak tur ora hasil ngemis) mongko bondho iku bakal mberkahi. Lan sopo wahe kang nggoleki bondho kanthi serakah, mongko bondho mahu ora bakal mberkahi. Koyo dene wong kang mangan nanging ora wareg. (Ngertiho) tangan  ing duwur luwih apik tinimbang tangan kang ono ing ngisor. (H.R. Bukhori : 1472)

Wonten ing kitab Miftahu darus Sa’adah Syaikh Ibnu Qoyyim rohimahulloh ta’ala paring paugeran bagagan ngudi ngelmu. Sak mboten-mboten wonten 7 (pitu) point engkang kedah kito perhatosaken.

1.        Tiyang engkang remen bondho kedah saged ndamel sahe marang tiyang sanes, yen mboten, kiambakipun badhe ngadhepi kalih kemungkinan, nun inggih nutup utawi mbika kori. Yen nutup kori ethok-ethok ora ngerti, kiambakipun bakal dihujat lan dikenal sebagai tiyang engkang tebih saking kesahenan lan kemanfaatan, saged ugi bakal digething tonggo tepalih sahinggo nuwuhaken perihing manah. Lha yen purun mbika kori kiambakipun badhe mapak kesahenan, purun berbagi klawan tiyang. Senadjan mekaten kiambakipun mboten saged ndamel sahe utawi loman marang sedayane tiyang. Punikolah hakekat bondho engkang kedah kito jogo, sewalik’e kaliyan ngelmu kang tansah njogo pribadi lan kluwargo kito.

2.        Ngempalaken bondho puniko nuwuhaken 3 (tigang) perkawis, (1) setinggal, penyakit lan pacoben sak derenge angsal bondho. (2) kaping kalihe,  penyakit lan pacoben naliko njogo bondho hasil kerjane. (3) kaping tigane, penyakit lan pacoben naliko pisah klawan bondho. Penyakit lan pacoben kasebat tansah ngetok keranten bondo sampun ngebaki manah lan tujuanipun gesang. Benten kaliyan ilmu engkang tansah ndamel tentreme manah lan ayeme gesang kito engkag saged njamin kanikmatan, kesenangan kito saking loro ati.

3.        Nikmatipun kekayaan saged dipun rahosaken naliko kempal kaliyan tiyang sanes, sebab kanthi menjalin hubungan sosial meniko kito saged guyub rukun lan saling njagi antar sesami, sahinggo ati kito tansah ngroso ayem mboten khawatir griyane kebobolan maling. Penyakit khawatir lan was-was mboten mempan kagem tiyang engkang anggadahi ngelmu.

4.        Tiyang engkang remen bondho biasane gething kaliyan kematian lan mboten bronto panggih Pengeran. Hal puniko disebabaken saking trisnane marang bondho donya sahinggo kekarepane ati kedah dipun turuti lan terus menerus menikmati bondho kolo wahu. Benten kaliyan ilmu engkang tansah ngarep-arep kepaging Pengeranipun lan berusaha supados saged zuhud saking kesusahan dunyo engkang fana’ meniko.

5.        Naliko sampun  pejah, tiyang engkang numpuk-numpuk bondho asmane ical diterjang zaman, hananing tiyang engkang berilmu asmane tasnah cemerlang sepanjang zaman kanthi sifat-sifat lan teladan engkang dipun tilaraken lan dipun tularaken ing sajroning saben-saben manahipun tiyang.

6.        Ruh meniko gesang mawi ilmu, lirkadyo rogo engkang mbetahaken nyowo. Orientasi tiyang engkang anggadahi bondho nun inggih ambah-nambah uriping rogo kemawon, ewondene tiyang berilmu tansah nambah umur ati lan rohani.

7.        Engkang dimaksud cukuping  bondho meniko sekedar saged ngobahake balung lan nolak madhorot supados saged nyiyapaken bekal kagem niti perjalanan menuju Ilahi Robbi. Bahayanipun bondho langkung katah ketimbang manfaatipun. Benten kaliyan ilmu engkang katah manfaatipun engkang tansah ngajak caket marang pengeran.

أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِى وَلَكُمْ فَسْتَغْفِرُوْهُ, إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفٰى, وَأُصَلِّىْ وَأُسَلِّمُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ نِالْـمُصْطَفٰى, وَعَلٰى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَاَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا اْلـمُسْلِمُوْنَ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوٰى اللهِ اْلعَلِيِّى الْعَظِيْمِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ, أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ : إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالـْمُؤْمِنَاتِ وَالـْمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُـمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةًفِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَ قَبْلَ الـْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَالـْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الـْمَوْتِ،رَبَّنَا لَاتُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا, رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا, رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ, وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْلَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِبْنَ.

عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.

 Khutbah Jum'at bahasa Jawa versi Word Klik DISINI

0 Response to "BEDANE NGRUMAT NGELMU LAN BONDHO"

Post a Comment