SHIYAMU ROMADHON EDISI 1

HOTBAH JUM’AT BAHASA JAWA

SIYAMU ROMADHON EDISI : 1

Jum'at Legi, 10 Juni 2016 M/ 5 Romadhon 1437 H

Assalamu'alaikum warohmatullohi wabarokatruh. sugeng Enjang, Sugeng pepanggihan malih kaliyan Blog mbahkenyung.blogspot.com. Wonten ing kesempatan punuko kawulo badhe tumut ngramekaken swasana Romadhon urun kaweruh babagan ngelmu agami. 


Nah, engkang ajeng kawulo rembag ing saat puniko inggih  perkawis engkang kedah dipun perhatosaken naliko nindakaken lelampahan twin amalan-amalan ing wulan Ramadhon ingkang kawulo format mawi runtutan khotbah jumat basa jawi. 

Engkang kerso ndherek, nyimak, mirengaken utawi download kawulo sumanggakaken, 


 إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ . اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍوَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا . يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ...  فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya

Mangga kita tansah sami netepi taqwa dateng Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, kanthi tansah  nindakaken sedaya perintah lan nebihi sedaya cegah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan,  saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya saged nggayuh kabegjan wiwit dunya ngantos akhirat.

Mekaten ugi taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang rosa. Lan minangka rem ingkang saged mekak mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa.

Kita manungsa limrah, titah sawantah, ingkang kongang khilaf lan salah, mekaten ugi kita kadang dumawah ing pendamel awon, nanging nalika sampun kadung tumindak awon, enggal enggala dipun tututi kanti pendamel sae, jalaran kesaenan menika saget nglebur lan mbusek pendamel awon supados iman kita punika tansah kareksa, ampun ngantos risak jalaran kedlarungipun pendamel awon saha mboten enggal dipun sadari lan dipun tututi kanti amal sae.


Miturut dawuh Al Qur’an  perwaca bilih hikmah ingkang paling utami shiyam punika supados kita langkung taqwa dumateng ngarsa dalem Allah Swt. 

يـــٰـأَيُّـــهَا الَّذِيْنَ آمَــنُوا كُــتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُــتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِــكُمْ لَعَلَّــكُمْ تَــتَّــقُوْنَ

Hai wong-wong kang beriman, diwajibake tumrap siro kabeh poso kang wus diwajibake tumrap wong kang sakdurunge siro, supoyo siro bertaqwa. (Al-Baqarah 183)

Pramila kita ingkang sampun biasa nindakaken shiyam saben wulan Ramadlan punika ampun ngantos shiyam kita sekedar ngampet dahar lan ngunjuk ing wedal rinten kemawon, ananging kedah saget nuwuh aken hikmah inggih tambahipun taqwa kita dateng Allah Swt. Jalaran mila kasunyatan mboten sekedik tiyang nindakaken shiyam ananging mboten saget nggayuh hikmahipun shiyam sahengga tiyang wau kanti shiyamipun namung pikantuk ngelak lan luwe , kados dawuhipun Kanjeng Nabi 

رُبَّ  صَـائِـم  لَـيْـسَ مِنْ صِيَامِـهِ  اِلَّا الـجُـوْع  وَالْـعِطْش

“ Pirang pirang wong kang pasa , kang saka pasane ora oleh apa apa kejaba    mung    ngelak lan luwe  (HR. An Nasai, Ibn Majjah  lan Al Hakim).

Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,

Siyam punika mboten namung sekedar ngampet ngelak lan luwe, ananging ugi ngrupekaken didikan jasmani lan ruhani lan budi pakerti. Kanti shiyam kita kedah nglatih diri sabar, lan nahan diri kangge nilaraken samukawis kaenakan ingkang katah mengku doso ingkang dados kacenderungan saha panyengkuyung hawa nafsu. Pramila shiyam kita ampun ngantos namung nahan lisan menika saking perkawis ingkang lumebet, nanging kasunyatan ingkang langkung awrat mila njagi lisan saking perkawis ingkang medal saking lisan, inggih wijiling pangandikan ingkang kaprahipun gampil dumawah dateng perkawis ingkang nerjang dateng pranatan syari’at agami.

Hikmah sanes, siyam Ramadlan mengku didikan supados kita ningkataken roso kumawula kita kanti amal ibadah saha amal sosial, keranten saklebetipun wulan Ramadlan kita mboten namung siyam ing wanci rintenipun, ananging ugi ngatah ngatahaken ibadah ing dalunipun, kados shalat tarawih, tadarus Al Qur’an, giyatipun pengaosan, mekaten ugi amal amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, bektos dateng tiyang sepuh , welas asih dateng sederek lan sanes sanesipun, ingkang sedaya kala wau saget kita raosaken, sanget meningkat katimbang wekdal sanesipun wulan Ramadlan. Kanti tembung sanes bilih siyam saget nyuburaken semangat ibadah, sae ingkang asifat hablum minalloh, utawi hablum minannas.
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,

Supados siyam kita saget ngasilaken pahala kito kedah mangertosi punopo ingkang dados sebab utawi syarat angsal pahala. inggih puniko supados buka kanthi dahar tedoi ngkang halal. Menawi berbuka kanti daharan ingkang haram panyunwunanipun bakal mboten dipun ijabahi.

Tiyang ingkang siyam kedah berjihad, artosipun bilih tiyang mu’min ing wulan ramadhan nglampahi kaleh jihad, inggih puniko:
1. Jihad kangge diri pribadi ing wekdal siang hari kanti nindakkaken puasa.
2. Jihad ing wekdal dalu kanti nindakaken shalat malam.

Sinten ingkan madukaken kalih jihad kolo wau pramilo netepi hak-hakipun lan sabar. Niscaya dipun paringi pahala kan mboten kewates.
Akhiripun Mangga kita upayaaken amrih siyam kita punika langkung bermakna, saha ngasilaken hikmah hikmah ingkang katah tumrap kita sedaya,  saha tinampi wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
أَقُوْلُ قَوْلِــي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ لِي وَلَــكُمْ وَلِسَائِرِ الْـمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِيْنَ وَالْمــُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

KHUTBAH KE-2

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّيَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا  . اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ  وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ . رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ . رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

0 Response to "SHIYAMU ROMADHON EDISI 1"

Post a Comment