BERGAUL DI TENGAH-TENGAH MASYARAKAT

KHOTBAH JUM'AT SINGKAT BASA JAWA
Srawung Bebrayan ing Masyarakat
Oleh : Faiz, S.Pd.I
Mrico Lebak Grobogan Jawa Tengah



إنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُاَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.

يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا . يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.


Ma'asyirol muslimin rohimakumulloh.

Sumangga kita sami hangaturaken raos syukur ing ngarsanipun Allah Swt, awit sedaya nikmat ingkang kaparingaken dhumateng kita . Lan kita wajib bersyukur tasih saged sholat jumat berjamaah, awit rosulullahMuhammad SAW mastani dinten jumat meniko kanti sebatan sayidul ayam, dinten ingkang minulya. Lan cara mulyakaken dinten jumat antawisipin : kanthi sholat jumat berjamaah, midangetaken khutbah ingkang saestu , mendet hikmah khutbah jumat , lan dipun praktekaken wonten ing bebrayan agung masyarakat. Sumangga kita ngaturaken Sholawat tuwin salam , mugi Allah karsa maringaken dhumateng nabi agung Muhammad SAW , dateng keluarganipun, para shahabat , lumeripun dateng sedaya umatipun. amin.

Lan salajengipun , sumangga kita tansah ambudidaya supados tambah iman lan taqwa kita dhumateng Allah , lan saged nindakaken sedaya dhawuhing agami islam. Lan saged nebihi sedaya awisanipun agami. Sederek hadhlirin jumat ingkang minulyo. Rosulullah Muhammad SAW , sampun dhawuhaken mekaten :” Sakabehe makhluq iku keluargane Allah . ing antarane makhluq kang paling disenegni Allah yaiku wong kang paling migunani marang keluargane Allah “ ( Hadist Riwayat Bukhori ).


Manungsa boten saged gesang piyambakan wonten ing alam donya menika. Kita mbetahaken pitulunganipun tiyang sanes. Kita kedah mangertos bilih wonten rencang utawi tangga tepalih ing bebrayan agung masyarakat . menawi wonten tangga tepalih ingkang nyuwun pitulungan kita kedah kersa paring pitulungan. Wonten ing alquran surat al-maidah ayat : 2 , Allah SWT paring dhawuh :

“ lan Sira kabeh supaya padha tulung –tinulungan ana ing tindak becik lan bektia ing Allah .Lan sira aja padha tulung-tinulungan ana ing laku dosa lan memungsuhan. Sira padha bektia ing Allah jalaran satemene Allah iku banget penyiksane “

Ayat kala wau njlentrehaken dhawuhipun Allah SWT , supados kita remen tulung –tinulungan dhumateng sesame makhluhipun . Lan tulung –tinulungan saged nuwuhaken raketen pasedherekan wonten ing masyarakat , sesame kaum muslimin sarto sesami manungso ing alam donya meniko. Tulung- tinulungan ing bebrayan agung masyarakat kedah dipun dasari kanthi niat ingkang ikhlas lillahita”ala. Sebab kanthi niat ikhlas kita badhe pikantuk piwales ingkang sae wonten ing donya lan akhirat.

Allah SWT paring dhawuh wonten al-quran surat Az-zumar :2 : “Satemene Ingsun nurunake kitab alquran marang siro Muhammad kanthi haq. Mulane padha ngabekthiya marang Allah kanthi ikhlas ngelakoni agama islam “. Sederek hadhlirin jumat ingkang minulyo. Tulung-tinulungan meniko saged kanthi cara nuladha tindak lampahipun Rosulullah Muhammad SAW, awit Allah sampun nenetapen Nabi Muhammad SAW , minangka tuladha ingkang paling sae kagem umat islam . Allah paring dhawuh wonten alquran surat Al-ahzab 21 : 

“Satemene ana ing pribadine Rasullullah SAW iku dadi tuladha kang becik tumrap sira kabeh “ Hadist kala wau tegesipun bilih panjenganipun Nabi Muhammad kedah dados kaca benggala khususipun tumrap sedaya kaum muslimin , Lan ugi saged dados tuladha sedaya manungso ing alam donya meniko . tiyang –tiyang non muslim ugi saged mendet tuladha akhlaq mulya kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten babagan social , politik , kepimpinan, ekonmi, perdagangan lan sanes – sanesipun . 

Sederek hadhlirin jumat ingkang minulyo.
Pasrawungan ingkang sae ing bebrayan agung masyarakat , saged dipun pantha dados tigang tingkatan : 

1.             Tingkatan Ingkang sepindah : Tingkatan paling asor. Inggih meniko menawi kita njalari susahipun tiyang sanes. Umpaminipun wekdal ndalu rikala tiyang sanes nembe sare , kita lajeng nyetel radio / tape/ Teve/ kanthi suoro ingkang sora/ leluwihan. Temtu kemawon perkawis kalawau saged ndamel susahipun tiyang sanes. Utawi kita mbucal larahan / sampah / batang kewan ingkang ambunipun bosok wonten pekarangan tiyang sanes, temtu badhe numuhaken raos susah tumrap tiyang sanes . lan sanes- sanesipun . Rosulullahngendhiko mekaten :“Sapa wonge kang iman marang Allah lan dino akhire, becik ora gawe lara atine tangga “ ( Hadist Riwayat Bukhori ).

2.           Tingkatan kaping kalih : tingkatan ingkang langkung inggil saking nomor satunggal. Pasrawungan ingkang sae miturut tingkat kaping kalih , inggih meniko , mboten dadosaken sisah tiyang sanes ditambah saged migunani tiyang sanes . Umpaminipun , menawi kita ngadhah tangga tepalih ingkang kahananipun kacinkrangan / kekirangan/ fakir miskin kita paring pambiyantu . Mboten malahan ethok –ethok mboten mangertos . Rosulullah SAWparing pangandika : “ Dudhu wong mu’min wong kang wareg nanging tangga sisihi ora bisa mangan “ ( Hadist Riwayat Bukhori )

3.             Tingkatan kaping tiga : tingkatan ingkang paling sae inggih menika , menawi kita kersa sabar menawi wonten tiyang sanes / tangga tepalih ingkang ndamel sakit manah kita . langkung sae menawi saget paring pinwales ingkang langkung sae. Sederek hadhlirin jumat ingkang minulyo. Mugi-mugi Allah SWT , tansah paring hidayah lan ma’unah dhumateng kita sedaya. sebab gesang kita menika naming sepisan , sahingga saged nindakaken dhawuhipun , saged nglampahi tingkatan sesrawungan ingkang utami , supados pasedherekan kita keluarga muslimin saget kukuh, kuat , kita gesang saged tentrem ayem , pinaringan barokah, lan nebehi sedaya wewaleripun , saha dipun apura kalepatan kita . amin . Allahumma Amin.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِأَقُوْلُ قَوْلِيْ 

هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

Khutbah kedua:

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُوَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِأَمَّا بَعْدُ؛ وَلاَ تَكُونُواْ كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لاَ يَسْمَعُونَ إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًااَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِرَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌرَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ .رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ . وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد تسليمًا كَثيْرًا وآخر دَعْوَانَا لله رَب الْعَالَميْنَ 
 .

0 Response to "BERGAUL DI TENGAH-TENGAH MASYARAKAT"

Post a Comment