KEUTAMAAN MANUSIA

Kautaman Menungso

Manusia adalah makhluk paling sempurna atau fii ahsani taqwiim (sebaik-baik bentuk) dibanding makhluk Allah yang lain. Semua anggota dipasang pas sesuai dengan kebutuhan. Dan yang membuat manusia ini unggul bukan atas fisiknya saja, namun terletak pada akalnya. Akal lebih dahulu diciptakan ketimbang organ tubuh hang lainnya. Di zaman azali sebelum ia di titahkan sebagai manusia di alam dunia, Allah berfirman “Siapa Aku? ” akal menjawab “Engkau adalah Tuhanku dan aku adalah hamba-Mu”. Baru setelah akal berikrar janji, berarti ia telah siap untuk menghuni jasadi dan bermukim di bumi.


Khutbah jum’at singkat bahasa jawa pada kesempatan kali ini akan membahas tentang keutamaan manusia. Simak penjelasannya berikut ini.


إِنَّ الْحَمْدَ لِلــّٰهِ؛ نَحْمَدُهُ وَنَـسْتَـعِـيْـنــُهُ وَنَـسْتَـغْـفِـرُهُ وَنَــتُـوْبُ إِلَيْهِ، وَنَــعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْــفُسِنَا وَمِنْ سَـيّــئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَـهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلـٰـهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلـُهُ بَـلَّـَـغَ الرِّسَالَةَ وَأَدَّى الأَمَانَـةَ وَنَــصَحَ الأُمَّــةَ؛ فَصَلَوَاتُ اللهِ وَسَلَامُهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ, أَمَّا بَـعْدُ ۞ مَعَاشِرَ المُؤْمـِنِيْنَ رَحِـمَكُـمُ اللّـٰهُ : اِتَّــقُـوْا اللَّـهَ تَعَالَى؛ فَإِنَّ مَنِ اتَّــقَى اللـهَ وَقَـاهُ وَأَرْشَدَهُ إِلَى خَيْرٍ أُمُوْرٍ دِيْنِهِ وَدُنْــيَـاهُ.

Hadlirin jamaah sholat jumat rohimakumulloh.

Sumonggo kito sami ngaturaken raos syukur kito ing ngarsanipun Alloh Swt, atas sedoyo nikmat ingkang kaparingaken dhumateng kito. Sholawat tuwin salam, katur dhumateng Nabi agung Muhammad SAW. dateng keluargo, sahabat, lan lumeber dhumateng sedoyo umatipun. Salajengipun, sumonggo kito tansah ambudidoyo supados tambah iman lan taqwa kito dhumateng Alloh, lan saged nindakaken sedoyo dhawuhing agami, lan saged nebihi sedoyo awisanipun agami.

Hadhlirin jamaah sholat jumat rohimakumulloh.

kito sesami tiyang muslim monggo sami ngemutaken dhateng kesaenan, twin wasiat nebehi wewaleripun Allah SWT. Awit Saben menungso temtu anggadhahi kautamen utawi kaluwihan piyambak- piyambak. Kautamen menungso puniko sampun kaserat wonten ing Al-quran, lan poro Malaikat, Jin, ugi nyekséni kautamen sarto keluwihan menungso puniko.

Dawuhipun Alloh ing Al-quran surat At-Tiin ayat 4 engkang artosipun : Yekti temen Ingsun wis nyipto menungso ono ing kahanan kang paling becik”.
Buktinipun bilih menungso puniko langkung mulyo antawisipun inggih puniko  :

1.        Menungso saged nyebataken asmo-asmo barang utawi makhluhipun Allah. Ananging Malaikat lan Jin mboten saged nyebataken. Allah SWT paring dhawuh Wonten ing Al-quran surat al-baqarah : 32 : Poro Malaikat padha munjuk atur:“ Panjengan Moho Suci. Kawulo sami mboten gadhah kaweruh punopo-punopo kejawi barang ingkang sampun Panjenengan tedahaken dateng kawulo, Saestunipun Panjengan puniko Moho Nguningani soho Moho wicaksono

2.  Menungso diparingi amanah minongko kholifah ing bumi, supados makmuraken soho ngginakaken sedoyo nikmatipun Allah ingkang gumelar ing alam meniko. Dhawuhipun Alloh ing surat al-Baqoroh 30 :”Naliko Pangeranniro ngunandiko marang poro Malaikat : Ingsung nitahake sesulih (khalifah ) ono ing bumi“. Poro Malaikat nuli podho munjuk atur: Kados pundi dene Panjengan nitahaken menungso ingkang badhe ndamel risak wonten ing bumi soho badhe mutahaken ludiro?. ing mongko kawulo puniko sami nyebut dumateng Panjengan ingkang Moho Suci lan ngalembono dumateng Panjenengan“. Alloh nuli dawuh:” Ingsung nguningani samubarang kang siro podho ora weruh “3.

3.        Menungso diparingi akal, sahinggo menungso saged ndamel margi, jembatan, bendungan, saluran air lan sanes-sanesipun. Dawuhipun Allah SWT ing surat Al- surat Al-israayat 70 : “Lan temen Ingsung wus mulyakake anak turune Adam (menungso) lan ingsun wus nunggangake dheweke ono ing tunggangan darat lan segoro. Lan ingsung paring rezeki pirang-pirang kang becik serto wus ingsung utamake ngungkuli sakabéhé makhluk kang ingsung titahaké.

Ma’asyitol musliumin rohimakumulloh.

        Menungso saged mabur kados peksi, malahan sok-sok wonteng ingkang saged dumugi mbulan. Saged nyebrang segoro tanpo teles. Saged ndamel tegnologi, lan saged mangertosi sedoyo kedadosan ingkang wonten Negara monco. lan sanes–sanesipun. Anannging, menungso puniko kadang gadah watak ingkang awon, inggih punika nggumun kaliyan teknologi soho ilmunipun piyambak. Lajeng kesupen dateng Allah lan aturan–aturanipun. Pramilo tiyang engkang ndamel kerusakan ing dunyo, Alloh badhe ngasoraken wonten papan ingkang paling asor, kados dhawuhipun Allah SWT ingkang kapacak wonten al-quran, surat at Tiin 5 : Banjur ingsung nuli mbalekeake menungso ono ing asor-asoring panggonan “Pramilo, sumangga kita ngilõ dumateng pribadi kito piyambak-piyambak, menopo kito sampun saged bersyukur dumateng nikmat Allah SWT, utawi malahan kita kufur dhumateng nikmatipun Allah SWT.
  
      Mugi-mugi Allah SWT. tansah paring hidayah lan ma’unahipun dhumateng kita sedoyo, sahinggo kito saged nindak-aken dhawuh-dawuhipun Alloh lan saged nglampahi sesrawungan ingkang utami, supados pasedherekan kito keluargo muslimin saget kukuh, kuat. Kita saged gesang ayem tentrem, pinaringan barokah, soho dipun ngapuro kalepatan-kalepatan kita. amin . Amin. Ya robbal ‘alamin.
وَالْعَصْرِ إِنَّ اْلإِنْسَانَ لَفِى خُسْرٍ إِلَّا الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ. بَارَكَ اللـهُ لِيْ وَلَــكُمْ فِي الْـقُـرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَـفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِـيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ
هَذَا وَأَسْتَـغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَـغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ .

Khutbah Kedua :

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْـفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ. أَمَّا بَعْدُ؛ وَلاَ تَكُونُواْ كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لاَ يَسْمَعُونَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّــُوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنــَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنــَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنــَا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى  سَيِّدِنــَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ  سَيِّدِنــَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى  سَيِّدِنــَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنــَا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ . رَبَنَا آتِـنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِـنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ . وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد تسليمًا كَثيْرًا وآخر دَعْوَانَا لله رَب الْعَالَميْنَ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْن وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


0 Response to "KEUTAMAAN MANUSIA "

Post a Comment