KHUTBAH JUM'AT SINGKAT BAHASA JAWA: ISTIQIOMAH / KONSISTEN


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
ISTIQOMAH

Istiqomah itu ada 3 (tiga) : (1) istiqomah billisan, yaitu lidah kita harus benar-benar mengucapkan kesaksian tersebut bahwa tiada Tuhan yang berhak disembah selain Allah dan nabi Muhammad adalah utusan Allah. (2) istiqomah bilqolbi / biljanan yaitu selalu meyakini dengan sepenuh hati dengan kesaksian yang kita ucapkan tadi. (3) istiqomah binnafsi, yaitu istiqomah atau ajeg / konsisten dalam menjalankan apa yang diyakininya singkat kata, kita selalu berusaha untuk menjalankan semua perintah Allah dan meninggalkan larangan-Nya.

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدَ ِللهِ الَّذِى أَمَرَ عِبَادَهُ بِلُزُوْمِ طَاعَـــتِــهِ فَبَــــشَّرَهُمْ بِذَلِكَ بِالْجَــنَّــةِ الَّــتِى فِيْــهَا أَنْوَاعُ نِعَمِهِ. وأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْــكَ لَهُ إعْــــتِرَافًــا بِرُبُوْبِــيَّـــتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَيْرُ خَلْقِهِ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّــدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ حَثَّ أُمَّـــتَــهُ عَلَى اْلإِسْتِــقَامَةِ بِقَوْلِهِ قُلْ آمَــنْتُ بِاللهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ وَهُوَ خَيْرُ هَدْيِهِ. وَعَلَى ألِهِ وَصَحْبِهِ السَّالِـــكِـــيْنَ سُبُلَ النَّجَاةِ. أمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إتَّــقُوا اللهَ تَعَالَى وَلَازِمُــوْا عَلَيْهِ جَمِيْعَ اْلأَحْوَالِ.


Ma’asyitol muslimin rohimakumulloh
Monggo kito sareng-sareng tansah ambudidoyo ningkataken raos taqwa dumateng Gusti Allah , tegesipun tansah ambudidoyo nyataakensedoyo dawuh-dawuhipun wonten ing saben-saben tingkah sarrono nebihi sedoyo awisanipun. Lan monggo samiyo netepi istiqomah wonten ing sedyo ngamal kesahenan. Amergi menungso puniko tansah dipun godho dening iblis supados aras-arasen lan bosen dumateng ngamal kesahenan. Milo menawi kito mboten ambudidoyo tansah ngugemilan ngrekso istiqomahipun, temtu mawon kito badhe kejeblos dhateng raos aras-arasen lan bosen. Lajeng akhiripun kito badhe nilar babar pisan dateng ngamal kesahenen puniko.

Milo, ambudidoyo istiqomah meniko penting sanget, supados kelatih lan dados perkawis ingkang biasa, artosipun tindakan utawi ngamal kesahenan puniko dados pakulinan kito.
Monggo kito gatosaken Dawuhipu Gusti Alloh;

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, إنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّــنَا اللهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا تَــتَنَـــزَلُ عَلَيْـهِمُ الْـمَلَائِــكَةُ أَنْ لَا تَخَافُوْا وَلَا تَــحْزَنُوْا وَأَبْــشِرُوْا بِالْجَنَّةِ الَّتِى كُــنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ. نَحْنُ أَوْلِــيَآءُكُمْ فِى الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِى اْلآخِرَةِ ,وَلَـــكُمْ فِيْـهَا مَا تَشْتَهِى أَنْفُسُكُمْ وَلَــكُمْ فِيْـهَا مَاتَدَّعُوْنَ. نزُلًا مِّنْ غَفُوْرٍ رَّحِيْمٍ  

Artosipun : Sak temene wong-wong kang podo ngucapaken  “Pengeran kito iku Gusti Alloh” nuli wong-wong mahu podo istiqomah, ikuporo malaikat bakal podo tumurun marang wong-wong mahu (lan podo ngucap) “Siro kabeh ojopodo wedi lan susah, lan bungaho siro kabeh kelawan suwargo kang den janjeake marang siro. Ingsun (poro malaikat) dadi kekasih siro kabeh engdalem kahuripan ndunyo lan akhirat. Lan eng kono, ono barang-barang kang siro senengi lan siro suwun, kerono dadi peparing saking Dzat kang Akeh pangapurane lan Moho Asih”.”

Dados samun cetho bilih masalah istiqomah puniko perkawis ingkang agung lan kedah kito gatosaken kanthi sakestu.

Salajengipun poro rawuh ! Masalah istiqomah meniko ngliput 3 (tigang) bab : (1) sepindah : istiqomah billisan, tegesipun lisan kito kedah tansah ngugemi dhateng paseksen bilih boten wonten Pengeran ingkang Mujud kejawi namung Gusti Alloh, lan nekeseni bilih Nabi Muhammad puniko utusaipun Alloh. Salajengipun lisan kito tansah mbuktiaken kanthi ngamal kesahenan. (2) engkang nomer kalih : inggih puniko istiqomah bil janan, tegesipun : manah kito tansah ngugemi kanthi jejek dhumateng punopo engkang kaucapaken deneng lisan. Lajeng manah kito, kitoisi kanthi perkawis  engkang dipun anggep sahe menggah agami islam. (3) Engkang pungkasan puniko istiqomah binnafsi utawi istiqomah badan dhohir : tegesipun ngiqroraken manahlan lesan kito. Cekakipun, tansah ambudidoyo nglampahi ngamal kesahenan kanthi anggota lahir minongko bukti saking iqroripun manah lan lesan.

Miloporo rawuh ! sak sampunipun kito pahami masalah istiqomah meniko, milo monggo, kito ambudidoyo mujudaken istiqomah kolowahu saking sekedhik,pokokipun ajeg lan sarono keyakinan ingkang mantep. Kanthi mekaten, Insya Alloh, kito saged dados tiyang Islam ingkang istiqomah, sahinggo kito kalebet golonganipun tiyang-tiyang engkang bejo sami ugi wonten ing dunyo utawi wonten ing akhirat mbenjang. Amin Ya Robbal ‘Alamiin.         
بَــارَكَ اللهُ لِى وَلَــكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِــيْمِ . وَنَفَعَنىِ وَإيَّــاكُمْ بِالْأَيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ, إنَّــهُ هُوَ الْبَرُّ الرَّؤُفُ الرَّحِيْمُ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. إنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّـــنَااللهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْـهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِــيْنَ.


0 Response to "KHUTBAH JUM'AT SINGKAT BAHASA JAWA: ISTIQIOMAH / KONSISTEN"

Post a Comment