KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA. SHOFAR BUKAN BULAN SIAL

KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA
WULAN SAFAR SANES WULAN SIAL
FAIZ, S.Pd.I

Disekitar kita masih beredar mitos bahwa bulan safar merupakan bulan sial, bulan dimana banyak penyakit menular diturunkan. Padahal kita sebagai umat Muslim tahu dan sadar betul bahwa tiada satu penyakitpun yang turun dari langit dan keluar dari perut bumi kecuali atas seizin Allah swt. Artinya, jika kita masih mempercayai mitos semacam ini itu menandakan iman kita setipis kulit ari. Lalu dimana letak ketaqwaan kita sandarkan? Khutbah Jum'at singkat bahasa jawa tentang mitos bulan shofar bulan sial akan di bahas di bawah ini.

 
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدُ للهِ الْكَرِيْمِ الجّوَّادِ اللَّطِيْفِ بِالْعِبَادِ, نَحْمَدُهُ عَلَى مَاوَفَقَ مَنِ اتِّبَاعَ الْحَقَّ مِنَ الْكِــتَابِ وَالسُّنَّــةِ وَأَحَادَ, نَشْكُرُهُ أنْ نَجَانَا مِنَ الْبِدَعِ الْـمُدْلَهِمَّةِ الْحَالِكَةِ السَّوَادِ, نَسْتَغْفِرُهُ وَنَــتُوْبُ إلَيْهِ مِنَ الذُّنُوْبِ وَالْـمَعَاصِى وَارْتِـــكَابِ الْفَسَادِ, أَشْهَدُ أنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّـدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّـهَا النَّاسُ, إِتَّـقُوا اللهَ, فَإِنَّ تَقْوَاهُ نِعْمَ الْعِدَّةُ لِيَوْمِ الْـمِيْعَادِ, وَتَمَسَّكُوْا بِكِتَابِ وَالسُّنَّةِ. فَإِنَّ التَّمَسَّكُ بِـهِمَا أَعْظَمُ الْجِهَادِ.

Ma’asyirol Muslimin Rahimakumullah,
Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah , mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin. 

Wulan Safar inggih wulan kapindho saking kalender Hijriyah midherek tahun Qomariyah, wulan safar punika nggih wulan ingkang dumuginipun kathah masyarakat langkung ati-ati keranten wulan kasebat anggadhahi ugeman bilih wulan safar inggih wulan sial utawi wulan ingkang kathah pantangan.  Mangga kita sedaya minangka kaum Muslimin boten pareng pitados ugeman kasebat, amergi pendapat bilih wulan Safar punika wulan sial sampun dipun bantah dening panjenenganipun Rasulullah Muhammad . Riwayat saking Abu Hurairah RA, bilih Rasulullah paring sabda : “Ora ono penyakit menular (kang teko tanpa izin Allah), ora ono prasongko elek marang sakwijining kedadean, ora ono malang mowo gaok / manuk beluk (burung hantu), ora ana aral (bencana) ing wulan Safar (kang dipercaya)”. Wonten riwayat sanes ugi Rasulullah paring sabda : “Ora ono wabah lan ora ono eleking kewan kang mabur, ora ono kesialan ing wulan Safar, lan ngadoh saka penyakit kusta kaya sira mlayu saka singa” (HR. Bukhari).

Ma’asyirol Muslimin Rahimakumullah,
Saklebeting wulan Safar punika wonten kathah kedadosan penting kagem perkembangan agama Islam, sahingga kedadosan-kedadosan punika ugi sejatosing sampun bantah pendapat ingkang nganggep kathah kesialan ing wulan Safar punika. Kedadosan pertama inggih punika Nikahipun Rasulullah kaliyan Siti Khadijah binti Khuwailid ingkang dipun laksanakaken wonten ing Wulan Safar, miturut Sirah Nabawiyah ingkang katulis dening Syeikh Shafiyurrahman Al Mubarakfuri Rasulullah nikah kaliyah Khadijah dipun prakarsai Nafisah binti Munabbih, maharipun 20 unta. Angka kalih nggih punika peristiwa perang Khaibar ingkang wonten perang punika umat Muslim dipun paringi kemenangan, miturut Ibnu Qayim Al Jauziyah ing Zaadul Maad bilih Rasulullah medal perang ing Khaibar wonten akhir wulan Muharram, Fathu utawi kemenanganipun wonten ing wulan Safar. Perang Khaibar nggih punika perangipun Kaum Muslim ngelawan Yahudi ingkang bersekutu kaliyan Raja Hiraklius, kaum Muslimin saged ngrebut benteng kuat ingkang betahaken wekdal pinten-pinten dinten kagem nembus benteng kasebat.

Ma’asyirol Muslimin Rahimakumullah,
Peristiwa saklajengipun ingkang angka tiga nggih punika peristiwa pengangkatan Usamah Bin Zaid salah satunggaling sahabat Rasulullah  ingkang taksih timur (muda), wonten ing wulan Safar ugi panjenenganipun Usamah bin Zaid dipun angkat dados panglima perang. Rikala semanten umur Usamah bin Zaid nembe 20 taun Rasulullah paring perintah mimpin pasukan Muslim ingkang jumlahipun 3000, perang ing tanah al Balqa’ ing Syam, dinten punika Syahid ayahandanipun Zaid bin Haritsah, enjingipun tanggal 29 Safar 11H utawi 24 Mei 632M Usamah bin Zaid dipun timbali deneng Rasulullah lan dipun angkat dados panglima perang.

Peristiwa nomer sekawan inggih punika peristiwa penaklukan Persia ingkang kedadosanipun wonten masa kekhalifahan Umar bin Khathab tepatipun tanggal 14 Safar 16H utawi 17 Maret 637M, kaum Muslimin ingkang dipun pimpin Saad bin Abi Waqash menang lawan Persia. Sakderengipun kaum Muslimin ngalami perang ingkang hebat wonten ing Qadisiyah (Irak) ugi saged ngerebut istananipun lan dipun paringi kemenangan.

Ma’asyirol Muslimin Rahimakumullah,
Peristiwa-peristiwa ingkang kedadosan wonten wulan Safar kasebat sejatosipun sampun bantah pendapat bilih Wulan Safar nggih Wulan Sial, minangka Muslim, kita boten pareng percados utawi meyakini pendapat kasebat, kita kedah tansah sinau sejarah-sejarah, kathah kedadosan agung ugi mulya ingkang kedadosanipun wonten ing Wulan Safar. Sedaya Wulan mesti wulan ingkang sae amargi Allah boten bakal paring kesialan dumateng hamba-hambanipun. Mugiyo Allah paring perlindungan pangayoman dumateng kita sedaya, Amiin.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, وَإنْ تُطِعْ أَكْـــثَرَ مَنْ فِى اْلأَرْضِ يُضِلُّوْكَ عَنْ سَبِــيْلِ اللهِ إنْ يَّــتَّبِعُوْا إلَّا الظَّنَّ وَإنْ هُمْ إلَّا يَخْرُصُوْنَ .بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فىِ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِى بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلْ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ     


Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


0 Response to "KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA. SHOFAR BUKAN BULAN SIAL"

Post a Comment