KHUTBAH JUM'AT SINGKAT BAHASA JAWA IKHLAS DALAM BERAMAL


IKHLASH NINDAKAKEN NGAMAL
Ikhlas itu suatu hal yang sangat sulit bahkan sangat rumit untuk dapat dijalankan, memang mudah dalam memahaminya, tapi berat dalam melaksanakannya,. Contoh kecil, saat kita sedang berdoa di waktu tengah malam, kita dianjurkan untuk memasrakan diri sepasrahu-pasrahnya kepada Allah, menyingirkan semua hak-hal yang kita miliki, menyerahkan semua perkara dan kepelikan yang kita hadapi, namun nyatanya itu susah. Heheheh...

Hanya tinggal pasrah saja itu susah.. betul. Saat anda shalat, berapa detik anda ikhlas menjalankan shalat, berpaa detik anda pasrah secara total? He he... lantas bagaimana cara kita agar bisa pasrah dan ikhlas secara total. Simak pembahasannya di khutbah jum’at bahasa jawa berikut ini.

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. : يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قالَ اللهُ تَعَالَى

Ma’asyirol Muslimin Rohimakumulloh.
Sumangga, kula dherekaken sesarengan mbudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Ing pangajab mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing donya ngantos ing akhirat. Shalawat saha salam mugi tansah konjuk dhumateng Nabi Agung Muhammad sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang tansah manut lan mituhu ndherek dhawuhipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ikhlash miturut lughat tegesipun: “Satunggalipun barang ingkang murni boten kacampur dening perkawis ingkang nyampuri.” Dene miturut istilah tegesipun: “Ndadosaken tujuan ngibadah namung konjuk dhumateng ngarsanipun Allah . Syaikh Abdul Malik ngendika: “Ikhlas yaiku nalikane sira ngibadah, mula atimu lan rahimu arahna marang Allah lan ora marang manungsa.”


Estunipun ikhlash punika satunggaling perkawis ingkang awrat sanget, kedah saestu anggenipun mbudidoyo supados saged pikantuk derajat ikhlash. Katah margi ingkang saged dipun lebeti syetan amrih saged ngrisak kaikhlashan kathah. Manawi tiyang sampun slamet saking pangridhunipun setan,  ngantos anggenipun ngamal rampung, pramila setan boten mandheg anggenipun nggodha. Setan badhe nggodha malih dhumateng tiyang ngamal supados piyambakipun nyarios-nyariosaken ngamalipun dhumateng tiyang sanes. Awit ngamal ingkang dipun umpetaken punika langkung sae tinimbang ngamal ingkang dipun mangertosi dening tiyang sanes.
Alloh Swt. dhawuh:

إنْ تُـبْدُوْا الصَّدَقَاتِ فَنِعِمَّا هِىَ, وَإنْ تُخْفُوْهَا وَتُـؤْتُوْهَا الْفُقَرَآءَ فَهُوَ خَيْرٌ لَــكُمْ, وَيُـكَفِّرُ عَنْــكُمْ مِنْ سَيِّــئَاتِكُمْ , وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِــيْرٌ (البقرة : 271)
“Kalamun sira kabeh padha ngedhengake sedhekah, mula iku bagus banget. Lan kalamun sira kabeh padha nyamarake lan sira ulungake marang wong-wong pekir, mula nyamarake iku luwih bagus tumrap sira kabeh. Lan Allah bakal mbusek kesalahan-kesalahan iro kabeh. Lan Allah mangertosi opo wae kang sira kabeh lakoni” (QS. Al-Baqarah [2]: 271).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Mbok bilih leres manawi wonten tiyang ingkang ngendika: “Aja gumun yen sira weruh ana wong kang bisa lumaku ana ing dhuwuring banyu, jalaran setan uga bisa lumaku ana ing dhuwure banyu. Lan aja gumun yen sira weruh wong kang bisa mabur ana ing dhuwuring mega utawa tawang, jalaran setan uga bisa mabur ana ing dhuwure mega utawa tawang. Nanging padha gumuna yen sira weruh ana wong sadhaqah kanthi tangan tengene nanging tangan kiwane ora mangerteni, jalaran setan ora sadaqah (apa maneh kanthi ikhlash). Namung tiyang ingkang begja, inggih punika tiyang ingkang tansah nggatosaken obah-mosik-ing manahipun, inggih tiyang ingkang tansah nggatosaken niyatipun. Kathah-kathahipun tiyang punika boten nggatosaken, kajawi tiyang ingkang pikantuk rahmat lan taufiq saking Allah Swt.

Namung tiyang ingkang begja, inggih punika tiyang ingkang tansah nggatosaken obah-mosik ing manahipun, inggih tiyang ingkang tansah nggatosaken niyatipun. Kathah-kathahipun tiyang punika boten nggatosaken, kajawi tiyang ingkang pikantuk rahmat lan taufiq saking Allah Swt.

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَــكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِى ,وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلْ مِنِّى وَمِنْــكُمْ تِلَاوَتَــهُ, إنَّــهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. 

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. 

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

0 Response to "KHUTBAH JUM'AT SINGKAT BAHASA JAWA IKHLAS DALAM BERAMAL"

Post a Comment