KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA CINTA DUNIA


SAAT KETENARAN DUNIAWI MENJADI TUJUAN


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ للهِ الْكَرِيْمِ الجّوَّادِ اللَّطِيْفِ بِالْعِبَادِ, نَحْمَدُهُ عَلَى مَاوَفَقَ مَنِ اتِّبَاعَ الْحَقَّ مِنَ الْكِــتَابِ وَالسُّنَّــةِ وَأَحَادَ, نَشْكُرُهُ أنْ نَجَانَا مِنَ الْبِدَعِ الْـمُدْلَهِمَّةِ الْحَالِكَةِ السَّوَادِ, نَسْتَغْفِرُهُ وَنَــتُوْبُ إلَيْهِ مِنَ الذُّنُوْبِ وَالْـمَعَاصِى وَارْتِـــكَابِ الْفَسَادِ, أَشْهَدُ أنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّـدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّـهَا النَّاسُ, إِتَّـقُوا اللهَ, فَإِنَّ تَقْوَاهُ نِعْمَ الْعِدَّةُ لِيَوْمِ الْـمِيْعَادِ, وَتَمَسَّكُوْا بِكِتَابِ وَالسُّنَّةِ. فَإِنَّ التَّمَسَّكُ بِـهِمَا أَعْظَمُ الْجِهَادِ.


Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Monggo kito samiyo netepi taqwa wonten ngarsanipun Alloh , jalaran namung kanthi taqwa punikolah bekal akhirat ingkang langkung  sae lan Allah bakal ngganjar sedoyo amal kito arupi swargo ingkang kebak kenikmatan.




Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Wonten ing saat puniko, kito sami ngadepi mongso naliko bondho, pangkat, jabatan, sarto sanjungan sampun dados ukuran marang sesaminipun tiyang gesang. Ing zaman sakmeniko, sami nganggep bilih tiyang engkang hebat puniko tiyang engkang asmane disebut-sebut ing pundi-pundi panggenan. Tiyang engkang sukses puniko tiyang engkang anggadahi pangkat lan kedudukan ugi jabatan inggil. Tiyang engkang agung puniko engkang anggadahi bondho katah sarto kecukupan, ngantos sa abrek indikator-indikator palsu ingkang dipun dal-ake kagem ngrusak pemahaman tentang sejatinipun makna kemuliaan lan kesuksesan supados kito supe lan nilar hakekat kemuliaan ingkang sak mestinipun. Kados dawuhipun Allah wonten ing surat Al-Hujurot ayat 13 engkang artosipun “saktemene paling mulyo-mulyone awak iro kabeh yo iku wong-wong kang taqwa (marang Allah)”

Amergi katah tiyang sami ngamal namung ngudi pamuji lan sanjungane sesami menungo sahinggo nilar keikhlasan lan ridho Allah. Tiyang kasebat supe bulih balasanipun Allah langkung utami lan langkung agung. Syareat Allah namung dados tumbal asal dipun remeni dateng sesaminipun. Ing akhiripun muncul golongan menungso ingkang purun ngamal kanthi riya’ mboten sadar bilih piyambakipun sami ngudi kesia-siaan. Bilih gesang ing dunyo puniko mboten namung ngudi pujian lan kebanggaan palsu. Piyambakipun supe bilih hakikat gesang puniko  kagem ngibadan lan ngumawulo dateng Gusti Allah . Sedoyo ngamal kito ing tembe mburi bakal nampi piwales engkang sepadan.  

Kagem tiyang engkang purun ngamal kanthi ikhlas kerono Allah, Allah kiambak engkang badhe mbales lan ngganjar dateng piymbakipun. Lajeng punopo ukumanipun tiyang engkang ngamal kanthi menjilat tiyang sanes? Kanjeng Rasul sampun paring dawuh “cok sinten kemawon engkang ngudi Ridhanipun Allah senadyan piyambakipun dipun caci maki deneng sesami, mongko Allah bakal nyekapi kebutuhanipun lan mbebasaken saking sifat ketergantungan dateng tiyang sanes.lan sinten kemawon cok engkang ngudi ridhaning sesami menungso kanti ndatengaken bendhune Allah, mongko Allah bakal masrahaken ukuman tiyang kasebat dateng menungso” (HR. Tirmidzi)  

Hadits kasebat mengku suraos bilih Allah ndadosaken tiyang kasebat wonten ing sak ngandhapipun sesami tiyang lajeng tiyang kasebat dipunan anioyo lan dipun piloro.  

Engkang langkung nguwatosaken inggih puniko, penyakit haus pujian utawi riya’ mboten namung nyerang dateng tiyang awam kemawon, hananging nyerang dateng tiyang engkang langkung mangertosi, langkung famah ngingingi bahayanupin penyakit riya’ kolowau. Ternyata, syetan langkung kepincut lan tergiur dateng ahli ibadah supados keikhlasanipun saged pudar tumuju dateng sanjungan kamanungsan. Wal iyadzu billah.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Kanjeng Rasul Muhammad mastani riya’ kelawan syirik alit, hananging bahayanipun boten saged dipandang sebelah mata. Lajeng pripun carane supados kito saged nebihi virus riya’ puniko? Inggih puniko kanthi berusaha nindakaken ngamal engkang ikhlas lilahi Ta’ala, sebab Syetan mboten nate nyerah utai leren anggonipiun mbisikki lan ngreridhu dateng menungso supados niatipun saged goyah sahinggo saged ngrisak keikhlasan. Yen sampun kabujuk, salajengipun dados budakipun syetan kanthi beramal engkang semu sarto mencampuradukkan tujuan hakiki amalan engkang shalih kaliyan tujuan engkang bathil.
      
اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ لِى وَلَــكُمْ وَلِسَائِرِ الْـمُسْلِمِـيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْـمَتِــيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلـْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالـَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. 

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْـمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. 

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِيْنَ وَالـْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِـكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


0 Response to "KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA CINTA DUNIA"

Post a Comment