KHUTBAH JUM'AT SINGKAT BAHASA JAWA. CINTA SEJATI


Tresna Sejati
Suatu ketika nabi Ibrahim as, ditanya oleh Allah mengenai cintanya, ia memilih cinta kepada orang tuanya atau cinta kepada Allah ?  Nabi Ibrahim as, memilih cinta kepada Allah daripada cinta selain Dia, walaupun berat cobaan yang bertubi-tubi selalu datang silih berganti mewarnai kehidupannya, Nabi Ibrahim tetap tabah dalam mempertahankan rasa cintanya kepada Allah . Ia tahu bahwa ayahnya adalah musuh Allah ia nabi Ibrahim selalu mendoakannya agar menjadi orang yang beriman dan menyembah Allah . 


Kemudian Allah mewahyukan kepada nabi Ibrahim yang tertuang dalam Al Qur’an surat At-taubat ayat 114 : yang artinya “dan permintaan ampun dari Ibrahim (kepada Allah) untuk bapaknya tidak lain hanyalah karena satu janji yang telah diikrarkannya kepada bapaknya itu, maka tatkala jelas bagi Ibrahim bahwa bapaknya adalah musuh Allah, maka Ibrahim berlepas dari padanya. Sesungguhnya Ibrahim adalah seorang yang sangat lembut hatinya lagi penyantun”.  

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ : يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt.. Mugi-mugi kanthi taqwa punika gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing ‘alam donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat. Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng panutan kita Nabi Muhammad , para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Raos tresna punika anugerah peparingipun Allah Swt.. Wujuding raos tresna kaperang dados kalih warni; inggih punika tresna dhumateng kanikmatan donya, ingkang kawastanan hubbu syahawat lan tresna dhumateng Allah ingkang kawastanan hubbul iman ingkang sifatipun ukhrawi.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Agami kita Islam boten ngawisi tiyang ingkang nresnani dhumateng wanita, anak-anak, bandha ingkang kathah, lan pangkat utawi jabatan ingkang inggil. Namung kemawon inggih tresna ingkang kanthi lelambaran dhawuhing agami. Al-Qur’an paring pepemut, bilih kenikmatan donya punika sifatipun sawatara, boten abadi, enggal utawi dangu sedaya badhe nilaraken kita utawi kita piyambak ingkang nilaraken. Sedaya kita tilar lan boten badhe kita beta nalika sowan ngarsanipun Allah . Wondene tresna dhumateng Allah ingkang sifatipun ukhrawi, manawi saged subur lan ngrembaka bakal mujudaken kenikmatan ingkang langkung utami, jalaran badhe ndadosaken tiyang tebih saking kekafiran, kefasikan, lan kadurakan.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sedaya katresnan kasebat, inggih hubbud dunnya lan hubbul iman sedaya kedah dipun papanaken wonten ing sangandhapipun tresna dhumateng Allah Tresna ingkang ngungkuli tresnanipun dhumateng Allah mujudaken bencana engkang badhe nyengsarakaken tiyang gesang. Sadaya tiyang saged kemawon dipun parengaken nresnani dhumateng sinten lan dhateng punapa kemawon, hananging tresna dhumateng Allah kedah dados prioritas utamini.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah sanget anggenipun duka dhumateng tiyang ingkang tresnanipun dhumateng samukawis barang utawi tresnanipun dhumateng tiyang ingkang tresnanipun punika ngungkuli tresnanipun dhumateng Allah Kados kasebat wonten ing Al-Qur’anul Karim:

قُلْ إنْ كَانَ ءَابَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ وَإِخْوَانُــكُمْ وَأَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيْرَتُـكُمْ وَأَمْوَالٌ نِاقْــتَرَفْتُمُوْهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسَاكِنُ تَرْضَوْنَهَا أَحَبَّ إِلَيْكُمْ مِنَ اللهِ وَرَسُوْلِهِ وَجِهَادٍ فىِ سَبِيْلِهِ فَتَرَبَّصُوْا حَتَّى يَأْتِيَ اللهُ بِأَمْرِهِ, وَاللهُ لَا يَـهْدِى الْقَوْمَ الْفَاسِقِيْنَ.

“Dhawuhno Muhammad! “Menawa bapa-bapa ira, anak-anak ira, sedulur-sedulur ira, bojo-bojo ira, kaum kerabat ira, bandha-bandha ira, (kabeh mau) isih luwih sira senengi katimbang Allah lan utusane (katimbang) jihad ana ing dalane, mula entenono nganti Allah nekak-ake keputusane. Lan Allah ora bakal paring pituduh marang wong-wong kang podo fasiq.” (QS. 9 [At-Taubat]: 24).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Nabi Ibrahim as. minangka kawula engkang pantes dados tuladha kang paling sae anggenipun tresna dhumateng Allah Tresnanipun Nabi Ibrahim as. dhumateng Allah dados prioritas utami. sahigggo saged ngungkul sedoyo ujian lan pacoben engkang dipunlampahi kanthi sabar, sahinggo andadosaken Nabi Ibrahim as. saged lulus lan pikantuk gelar Kholilullah saking prestasinipun engkang  gemilang .

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah maringi pangalembono dhumateng Nabi Ibrahim as. jalaran tresna lan taatipun dhumateng Allah linangkung ageng, katimbang sanes-sanesipun, dipunlestarekaken Allah kanthi syare’at kewajiban haji saben-saben tahun tumrap tiyang ingkang saged nyekapi syarat-syaratipun. Malah tumrap tiyang ingkang boten saged nindakaken haji kadhawuhan nindakaken kurban.

Pangalembana lan pujian Allah dhumateng Nabi Ibrahim as. Puniko dipunlestantunaken wonten ing Al-Qur’anul surat Ash-Shaffat ayat 108-111:

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الْآخِرِينَ (108) سَلَامٌ عَلَى إِبْرَاهِيمَ (109) كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (110) إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِينَ (111(

“Lan Ingsun nglanggengake (pangalembana bagus) marang Ibrahim ana ing umat-umat kang akhir, hya iku “Kaselametan muga tetep kaparingake marang Ibrahim, kang koyo mangkono iku Ingsun paring piwales marang wong-wong kang padha tumindak bagus. Sejatine Ibrahim iku kalebu kawula-kawulaningsun kang padha iman.”.

Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Makaten ingkang kawastanan tresna sejati. Tresnanipun tiyang dhumateng Gusti Allah . ngungkuli tresnanipun dhumateng sanes-sanesipun.

Mugi-mugi kita saged mujudaken tresna ingkang sejati. Tresna kita dhumateng anak lan bojo, dhumateng bandha, dhumateng pangkat lan jabatan dhumawah kantun lan dipunutamekaken tresna kita dhumateng Allah . Lan mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan wilujeng, ayem, lan tentrem wiwit ing donya ngantos bejang wonten ing akhirat. Amin, Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih


اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ



0 Response to "KHUTBAH JUM'AT SINGKAT BAHASA JAWA. CINTA SEJATI"

Post a Comment