SUPADOS TERHINDAR SAKING MUSIBAH

 

KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA

AGAR TERHINDAR DARI MUSIBAH

Ibnu Katsir Ra, didalman tasfirnya menjelaskan, Maksud dari apabila kalian semua sudah menyelesaikan segala urusan perkara dunia maka segeralah bangkit menuju Allah dan mencurahkan segala kerisauan dalam hatimu dengan ikhlas legowo dari niat beribadah kepada Allah Taala.”

KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA

AGAR TERHINDAR DARI MUSIBAH 

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ، وَصَحْبِهِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ  عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْـمُتَّقُوْنَ بِقَوْلِهِ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوْا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

Masyirol muslimin rohimakumulloh

Mboten bosen-bosenipun Khotib paring caos pirso dhateng sedoyo jamaah khususipun prbadi kawulo kiambak supados ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah , awit kanthi takwa puniko mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah .

Masyirol muslimin rohimakumulloh

Saperangan kalangan tiyang Islam ingdalem nyegah musibah, biasanipun namung fokus ing setunggal aspek kemawon. Ing mongko, langkah-langkah nyegah mesthinipun merhatosaken kalih aspek utami, nun inggih : aspek hukum sebab akibat ingkang persifatan material utawi lahiriah. Saklajengipun ingkang persifatan spiritual utawi ruhiyah lan imaniyah. Sekedik gambaran, nalika ngadhepi pandemi, saperangan tiyang kawigatosan sanget kaliyan langkah pencegahan kanthi njagi jarak, ngangem masker, lan nggirahi asta kalih handsanitizer. Hananging ing wanci ingkang sami, piyambakipun nyupekaken ingkang sifatipun ruhiyah lan imaniyah ingkang saged njagani piyambakipun saking penyakit kasebat. Sakmesthinipun kekaleh usaha menika dipun lampahi sesarengan.

Masyirol muslimin rohimakumulloh

Saklejengipun usaha nyegah saking sisi ruhiyah lan imaniyah antawisipun :

Setunggal : Tadharru’ Rumahos ino ing ngarsanipun Allah kaliyan kathah anggenipun ndedungo lan ngetingalaken raos betah kalih Allah . Dawuhipun ing surat al-Mu’minun ayat 60

وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ

“Allah Pangeranira kabeh, wus ngadika ‘Becik padha dungoho siro kabeh marang Ingsun, saktemene Ingsun bakal nyembadani marang sira. Sanyata wong-wong kang padha gumedhe sithik ngibadah marang Ingsun iku bakal padha lumebu ing Neraka Jahannam tur pada ina.’”

Kaping klih: Istighfar lan tobat saha inabah lan wangsul dhateng Allah . Mongko Allah mboten bakal nimpakaken azab nalika wonten ing setunggaling panggenan menika taksih ditepangi tiyang ingkang tansah istighfar dhumateng Allah .Dawuhipun ing surat al-Anfal ayat 33,

وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَاَنْتَ فِيْهِمْۚ وَمَا كَانَ اللّٰهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ

“Allah ora bakal nyiksa marang wong naliko sira pinuju ana ing kono, Lan Allah uga ora karsa anyiksa marang wong-wong mau, kang pinuju wong mau padha nyuwun ngapura.”

Masyirol muslimin rohimakumulloh

Engkang kaping Tiga: nun inggih Taqwllaha engkang saget ndamel kawulo tansah setiti, ngati-ati, lan waspodho nalika nindakaken ngamal pendamelan. Dawuhipun ing surat ath-Thalaq ayat 2-4,

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا {٢} وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَهُوَ حَسْبُهٗ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بَالِغُ اَمْرِهٖۗ قَدْ جَعَلَ اللّٰهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا {٣}

“Sing sapa takwa marang Allah, mongklo bakal dianggampangake dalane. Lan Allah bakal paring rezeki marang wong mahu saka dalan kang ora kannyono-noyono, sing sapa wonge sumareh pasrah marang Allah, mongko Allah bakal nyukupi marang dhewekne. Lan mangertiho siro sanyata Allah iku mesthi hangleksanakake urusane,  andamel samubarang kanthi Papesthin-Ne.

Kaping Sekawan: Mujahadah ing ndalem ngibadah

Allah Ta’ala badhe maringi gangsar wonten ing sedaya perkawis dhateng kawulaipun. Dawuhipun ing surat al-Insyirah ayat 5-8,

فَاِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۙ {٥} اِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۗ {٦} فَاِذَا فَرَغْتَ فَانْصَبْۙ {٧} وَاِلٰى رَبِّكَ فَارْغَبْ {٨}

“Sayekti kanthine rekasa iku gampang 2x,  Manawa sira (Muhammad) wus rampung ngibadah, banjur siro tumemeno ing kewajibin ira.”

Pramila, tiyang Islam menika kedah tansah mujahadah ibadah sae ing ndalem sholat, siyam, qiyamullail, zikir, sedekah, lan sanese. Supados Allah Ta’ala kerso nebihaken kita sedaya saking musibah. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ. 

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوْا اللهَ، وَافْعَلُوْا الْخَيْرَاتِ، وَاجْتَنِبُوْا السَّيِّئَاتِ. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا، وَاغْفِرْ لَنَا، وَارْحَمْنَا، أَنْتَ مَوْلَانَا، فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ، وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا، رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ، وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ، وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، أَقِيْمُوا الصَّلَاةَ.

1 Response to "SUPADOS TERHINDAR SAKING MUSIBAH"