KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA AKHLAK TERHADAP TETANGGA

 

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :

MENJAGA LIMA PERKARA


اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُللهِ الَّذِى جَعَلَ السَّعَادَةَ مَوْقُوْفَةً عَلَى تَأْدِيْبِ النَّفْسِ وَتَطْيِيْبِهَا وَتَطْهِيْرِهَا. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةَ مَنْ هُوَخَيْرٌ مَقَامًا وَاَحْسَنُ نَدِيًّا، وَ أَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلَى الْخَيْرَاتِ وَمُبْدِئُهَا

 اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلًا نَبِيًّا. وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا. اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَاللهِ! اِتَّقُواااللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: أَفَحَسِبْتُمْ أَنَّمَا خَلَقْنَاكُمْ عَبَثًا وَأَنَّكُمْ إِلَيْنَا لاَتُرْجَعُوْنَ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Namung kanthi rahmatipun Allah Ta’ala, ngantos wekdal sak menika kita taksih saget ngraosaken endahipun gesang kanthi mawarni-warni kenikmatan, langkung-langkung nikmat iman lan Islam. Saking sedaya kala wau, kita wajib tansah ngaturaken raos syukur kita dhateng Ngarsa Dalem Allah Ta’ala, lan mujudaken mawi cara patuh dhateng sedaya perintahipun Allah, ugi nebihi sedaya awisanipun.Lan minangka wujud raos syukur kita malih, mangga kita tansah manfaataken wekdal kanthi sae kagem ngibadah lan ngamal shaleh, kagem anggayuh kawilujengan wonten ing dunya lan bekal benjang wonten ing akherat.

Wonten kesempatan ingkang kebak rahmat lan barakah menika, kawula minangka khatib sengaja ngaturaken setunggalipun hadis ingkang masyhur wonten ing kalangan kaum muslimin, bahkan kawula yakin sampun kathah ingkang apal kalian hadis menika:


اِغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ: شَبَابَكَ قَبْلَ هَرَمِكَ وَصِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ وَغِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ وَفَرَاغَكَ قَبْلَ شُغْلِكَ وَ حَياَتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ

Ingkang artosipun: “Manfaatno limang perkara sak durunge tumiba limang perkara, yakni: mangsa mudhamu sak durunge tumiba mangsa tuwamu, mangsa sehatmu sak durunge tumiba mangsa laramu, mangsa sugihmu sak durunge tumiba mangsa faqirmu,  wektu longgarmu sak durunge tumiba wektu repotmu, lan mangsa uripmu sak durunge tumiba mangsa matimu.”

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Mangga sami-sami kita renungaken kanthi sayektos hadis kasebat. Punapa to selami niki kita sampun jumbuh kalian pitedahipun Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam, punapa namung taksih sebatas hafal hadisipun kemawon. Punapa sampun leres-leres kita manfaataken wekdal ingkang sampun kaanugerahaken dening Allah Ta’ala, utawi justru namung mubazir mawon.

Sepisan: شَبَابَكَ قَبْلَ هَرَمِكَ

Nalika kita taksih mudha, mangga kita manfaataken wekdal sak sae-saenipun; kita isi mawi hal-hal ingkang manfaat, ngibadah, lan ngamal shalih.

Sampun ngantos namung mubaziraken mangsa mudha namung kagem foya-foya (suka-suka) lan tumindak dhateng perkawis ingkang dados laranganipun agami lan negari, ugi tumindak ingkang mboten prayogi menggahipun masyarakat.

Kaping kalihipun: وَصِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ

Kesehatan punika wujud anugerah ingkang agung, ingkang wajib kita syukuri. Kalamangsa ugi kita lirwa nalika sehat, mubaziraken wekdal kagem ngibadah lan ngamal shalih. Nanging nalika sakit, banjur getun. Tamtu, tumindak kados ngaten menika badhe ngirangi raos syukur kita dhateng Allah Ta’ala.

Kaping tiga: وَغِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ

Kathahipun nikmat bandha, kalamangsa andadosaken kita lupa diri, sahingga kasupen nekani hak-hak ipun Allah. Amargi rumaos bilih bandhanipun saking budidayanipun piyambak, angginaaken bandha dhateng perkawis ingkang mboten migunani. Supe bilih bandha menika minangka amanah saking Allah Ta’ala, ingkang kedahipun dipun tasharuf-aken dhateng perkawis ingkang sae lan dipun ridlani Allah. Mboten kosok wangsulipun, ngufuri nikmat (bandha) kagem perkawis ingkang nuju dhateng kemaksiatan lan kemungkaran.

Kaping sekawan: وَفَرَاغَكَ قَبْلَ شُغْلِكَ

Kalamangsa, nikmat kesempatan andadosaken kita lirwa lan muspra tan migunani. Kanjeng Rasul shallallahu ‘alaihi wasallam sampun paring dhawuh wonten ing hadisipun:

نِعْمَتَانِ مَغْبُوْنٌ فِيْهِمَا كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ الصِّحَّةُ وَاْلفَرَاغُ

“Ana rong warna kenikmatan sing gampang dilalekne akehe manungsa, yaiku nikmat sehat lan kasempatan.”

Ingkang kaping gangsal: وَ حَياَتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ

Maut (mati) menika perkawis ingkang haq, lan mboten wonten setunggal mawon piyantun ingkang mangertosi kapan maut badhe dhumawah. Lan sepinten alitipun ngamal kita, sae utawi awon, mesti badhe dipun suwuni pertanggungjawaban kalian Allah Ta’ala benjang wonten ing akhirat.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Mugi-mugi hadis kasebat kalawingi saget dados bahan renungan, kagem kita ngudarasa dhateng diri pribadi kita sami. Lan kanthi hidayah saha maunahipun Allah Ta’ala, gesang kita saget langkung sae lan langkung manfaat.

باَرَكَ اللهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَ نَفَعَنيِ وَ إِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنّىِ وَ مِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ ولَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْوَاحِدِ الصَّمَدِ. اَلَّذِى لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفُوًا أحَدٌ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الْكَرِيْمِ الْمُمَجَّدِ. وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ الَّذِيْنَ شَيَّدُوْا الدَّيْنَ بِعَزْمٍ قَوِيٍّ وَعَزِيْزِ الْمَدَدِ. أمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ! قَدْ أشْبَعَ لَكُمْ أنْوَاعُ الْخُطَبِ الْجُمْعِيَّةِ وَكَأَنِّى أنْظُرُ فِى أسْمَائِكُمْ بِهَا مَلْآن. وَلَكِنْ مَا أرَى مِنْكُمْ اِلّأ عَلَى جُمُوْدٍ عَرِيْقِ. قَلَّمَا تُغَيِّرُ أعْمَالَكُمْ تِلْكَ الْخُطَبُ اِلَى تَرْقِيَةِ الْأعْمَالِ وصَلَاحِ الْجَنَانِ. وَمَا اُمَثِّلُكُمْ اِلَّا كَالْحَدِيْدِ الْبَارِدْ. يُضْرَبُ كُلَّ وَقْتٍ لِيَمْتَدَّ فَلَمْ يَمْتَدِدْ. فّتَبَصَّرُوْا وَاَفِيْقُوْا ثُمَّ أحْسِنُوْا, اِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الـْمُحْسِنِيْنَ.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. إنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ, وَقَاضِى الْحَاجَاتِ. .

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِاُمَةِ مُحَمَّدٍ. وَارْحَمْ أُمَّةَ مُحَمَّدٍ. وَأَصْلِحْ أُمَّةَ مُحَمَّدٍ. واسْتُرْ لِاُمَةِ مُحَمَّدٍ. اَللّٰهُمَّ انْصُرْهُمْ عَلَى أَعْدَائِهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِعَمَلٍ صَالِحٍ يَنفَعُهُمْ فِى دُنْيَاهُمْ وَأُخْرَاهُمْ. اَللّٰهُمََّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا وَعُلَمَائَنَا وَزُعَمَائَنَا وَاجْعَلْ هِمَّتَهُمْ فِى اِزَالَةِ الْمُنْكَرَاتِ وَالْمَعَاصِى وَاهْدِهِمْ سَبِيْلَ الرَّشَادِ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيأ حَسَنَةً, وَفِى ألآخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعّالّمِيْنَ.

إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

0 Response to "KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA AKHLAK TERHADAP TETANGGA "

Post a Comment