KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA
MEWUJUDKAN MASYARAKAT BERAGAMA DAN KEBERAGAMAAN DI HARI SANTRI NASIONAL
Sesungguhnya orang-orang kafir yakni ahli kitab dan
orang-orang musyrik yang masuk neraka jahannam dan mereka kekal didalamnya. Mereka
itu adalah seburuk-buruk makhluk. Sesungguhnya orang-orang yang beriman dan
mengerjakan amal shaleh, mereka itu adalah sebaik-baik makhluk. Balasan bagi
mereka di sisi Tuhan adalah surga ‘Adn, yang mengalir dibawahnya sungai-sungai,
mereka kekal didalamnya selama-lamanya. Allah ridho terhadap mereka dan
mereka-pun ridho kepada-Nya. Yang demikian itu adalah (balasan) bagi
oranmg-orang yang taqwa (takut) kepada Tuhannya.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُوْدُوْا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الْـمَـنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya
puji namung kagunganipun Allah ﷻ Dzat ingkang nguwaosi
sadaya alam. Dzat kang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan
Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken. Sholawat lan
salam mugi tansah dipun paringaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi
akhir zaman, Rasulullah Muhammad ﷺ, ugi dhumateng para kulawarga,
shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng
panjenenganipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Negari Indonesia dipun wujudaken dening
para pemimpin ingkang tansah ngugemi piugeranipun agami. Sahingga wiwit saking
usaha perang nglawan poro penjajah tansah dipun lambari kanthi kalimat takbir
“Allahu Akbar”. Kanthi mekaten boten selak malih, pengakenan punika dipun
cathet wonten ing salebetipun Pembukaan Undang-undang dasar 1945. “Atas berkat
rahmat Allah Yang Maha Kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan luhur supaya
berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini
kemerdekaannya”.
Kanthi dasar punika nedahaken, bilih
negari Indonesia tansah ngakeni wontenipun agami, lan para penganutipun dipun
lindungi dening undang-undang. Ananging negari Indonesia sanes nagara agama,
ananging Pancasila minangka dasar negara Indonesia. Kanthi Pancasila sedaya
agama dipun jamin lan dipun lindungi dening pemerintah. Kosok wangsulipun
negari Indonesia boten marengaken dasar negara komunis, inggih punika ingkang
boten ngakeni wontenipun agami. Mangga kita tansah ngudi ningkataken anggenipun
ngamalaken agama. Jalaran sampun jelas bilih komunis boten cocok kalian iman
lan budayanipun masyarakat Indonesia, ingkang tansah yakin wontenipun Allah
SWT.
Melalui Keputusan Preesiden (Kepres) nomor 22 tahun 2015 bapak Prsedien
Jokowidodo netepaken bilih tanggal 22 Oktober sebagai hari santri nasional.
Tanggal 22 Oktober piunko merujuk Fatwa Resolusi Jihad panjenenganipun Rois
Akbar Nahdlatul Ulama’ KH. Hasyim As’ary, bilih fatwa puniko nggeraaken poro
santri, kyai lan sedoyo umat Islam kagem ngusir tentara sekutu ngantos
pecahipun peristiwa 10 Nopember. Dipun tetepaken hari Santri kanthi tujuan
kagem nuladhani semangat jihad ke-Indonesia-an para pendahulu.
Semanten ugi anggenipun mujudaken sedaya
maksud lan tujuan, ngagem cara-cara ingkang dipun garisaken dening Allah lan
rasulipun, kanthi langsung utawi mawi undang-undang ingkang dipun tetepaken
dening para umaro’. Cara-cara ingkang dipun tindakaken dening para komunis
inggih punika ingkang marengaken sedaya cara kangge mujudaken tujuanipun. Cara
mekaten punika boten dipun parengaken dening agami, kados pangandikanipun
rasul:
إِنَّ الْحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الْحَرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ، فَمَنِ اتَّقَى الشُّبُهَاتِ فَقَدْ اسْتَبْرَأَ لِدِيْنِهِ وَعِرْضِهِ، وَمَنْ وَقَعَ فِي الشُّبُهَاتِ وَقَعَ فِي الْحَرَامِ (رواه البخاري ومسلم(
“Satuhune perkara kang halal iku wus jelas
lan kang haram uga wus jelas. Ing antarane lorone ana perkara-perkara kang
subhat (remeng-remeng) kang ora dingerteni wong akeh. Mangka sapa wonge kang
njaga awake seka perkara kang syubhat ateges dheweke wus nylametake agama lan
kinurmatane. Lan sapa wonge kepleset ing perkara kang subhat ateges kepeset ing
perkara kang diharamake”. (HR. Buchari Muslim)
Kanthi mekaten sedaya tumindak ingkang
boten pikantuk karidhan saking ngarsa dalem Allah SWT, yektos sawekdal-wekdal
badhe damel cilaka malah badhe hancur. Mekaten punika sampun kabukten nalika
faham komunis badhe katancepaken ing negara Indonesia, malah badhe nggantos
dasaripun negari inggih Pancasila kanthi dasar komunis, akhiripun inggih
hancur. Gerakan 30 September 1965 Partai Komunis Indonesia akhiripun hancur,
sahingga ing tanggal 1 Oktober 1965 Pancasila tetep dados dasaripun negari
Indonesia. Lan ing saben tanggal 1 Oktober dipun pengeti Hari Kesaktian
Pancasila.
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah
Rahimakumullah
Satuhunipun
hukum halal lan haram punika dipun tetepaken dening Allah, supados tumindakipun
manungsa punika wonten piugeranipun. Kanthi halal lan haram punika ateges
wonten tumindak ingkang kedah dipun tindakaken lan wonten tumindak ingkang
kedah dipun tilar. Tiyang ingkang sampun yakin dhateng Allah badhe pitados
bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening Allah. Jalaran
Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:
Allah
badhe pitados bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening
Allah. Jalaran Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:
“Lan wong-wong kafir padha ngucap:
“dinane tangi saka kubur iku ora bakal teka marang kita”. Dhawuha sira
(Muhammad): “mesthi teka, dhemi Pangeran Ingsun kang nguningani kang samar,
sejatine kiyamat iku mesthi teka marang sira kabeh. Ora bakal diilangake saka
Panjenengane sabobot semut pudhak (paribasane) kang ana ing langit lan bumi,
lan (uga) ora ana kang luwih cilik saka iku lan kang luwih gedhe, kejaba
kasebut ing sajrone kitab kang cetha (Lauhul Mahfuz)”. (QS. Saba’: 3)
Sasampunipun Allah mangertosi sedaya
amal pedamelanipun para manungsa, Allah badhe paring piwales kanthi ganjaran
suwarga utawi neraka. Piwalese dheweke kabeh ing ngersane Pangerane yaiku
suwarga “Adn kang mili ing sangisore suwarga, kali-kali,dheweke kabeh padha
langgeng ing jero suwarga kana sak lawas-lawase, Allah rila marang dheweke
kabeh, lan dheweke kabeh uga rila marang Panjenengane (Gusti Allah). Hiya kang
mengkana iku (wujude piwales) tumrap wong kang wedi marang Pangerane”.
Kanthi mekaten, menawi tumindakipun
tiyang Islam ghadhahi tujuan ingkang panjang, inggih punika supados bahagia
gesang ing dunya lan akherat. Ananging tiyang-tiyang komunis, namung ghadhahi
tujuan bahagia gesang ing dunya kemawon. Wontenipun Gusti Allah, para malaikat,
siksa kubur, ara-ara mahsyar, hisab, suwarga lan neraka piyambakipun boten
pitados, sahingga tiyang komunis saget ngalalaken ingkang haram. Jalaran hukum
namung wonten ing dunya kemawon ingkang dipun damel dening manungsa.
Kanthi mekaten perjuangan lan pengorbananipun
para pahlawan kita ingkang tansah ngugemi agami, mangga kita uri-uri kita
teladhani, supados negari Indonesia dados negarai ingkang aman, sentaosa, tata,
titi, tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi, kanthi pikantuk ridha
saking ngarsa dalem Allah SWT, amin.
إِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ وَالْـمُشْرِكِيْنَ فِى نَارِ جَهَنَّمَ خَالِدِيْنَ فِيْهَا. أُولٓئِكَ هُمْ شَرُّ الْبَرِيَّةِ. إِنَّ الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ أُوْلٓئِكَ هُمْ خَيْرُ الْبَرِيَّةِ. جَزَآؤهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنَّاتُ عَدْنٍ تَجْرِى مِنْ تَحْتِهَا اْلأَنْهَارُ خَالِدِيْنَ فِيْهَا أَبَدًا. رَضِيَ اللهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ, ذَلِكَ لِـمَنْ خَشِيَ رَبَّهُ.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ
وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ
الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ
الرَّاحِمِيْنَ.
Khutbah Kaping
Kalih
اَلْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ
اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ
وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله،
اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ،
يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ
وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ
أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ
اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ
وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا
وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا
آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا
عَذَابَ النَّار.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ
بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ
اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ, وَاشْكُرُوْهُ عَلَى
نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ
أَكْبَرُ
0 Response to "HARI SANTRI NASIONAL KHUTBAH BAHASA JAWA"
Post a Comment