HIJRAH DI TAHUN BARU HIJRIYAH


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
HIJRAH ING TAHUN BARU HIJRIAH

Tahun hijriyah dibuat untuk memperingati hijrahnya Kanjeng nabi Muhammad dari makkah al-Mukarromah ke Madinah Al-Munawwaroh. Hijrah sendiri memiliki arti pindah. Pindah dari satu tempat ke tempat lainnya yang lebih baik, hijrah juga bisa diaretikan pindah dari perbuatan jelek menuju perbuatan baik. Dari du arti tersebut kita dapat menarik kesimpulan bahwa hijrah itu bergerak kearah yang lebih baik.


Tahun Hijriyah dibuat oelh Sayyidina Umar bin Khattab untuk mengabadikan moment paling bersejarah dalam Islam, yaitu moment dimana islam mulai bergerak dan siap menyebar ke seluruh penjuru dunia. Tidak ada satu titik pun di dunia ini yang tidak di injak oleh islam.   
 

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Monggo kito sami nambahi taqwa dhateng Allah , kanti nindakaken perintah lan nilar awisanipun Allah lan Rasulipun Allah , supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah . Wonten ing swasono warso enggal engkang badhe dateng puniko samiya ngnggalaken semangat anggenipun kumawulo dateng Allah . Kanti semanget hijrah kados ingkang kadawuhaken dening Allah lan kacontokaken dening kanjeng Nabi Muhammad . Dawuh dalem Allah Ta’ala :

إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَالَّذِينَ هَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللهِ أُولَئِكَ يَرْجُونَ رَحْمَةَ اللهِ وَاللهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ

“Sejatine wong wong kang pada iman lan wong wong kang pada hijrah lan wong wong kang pada jihad ing dedalane Allah iku wong wong kang pada ngarep arep rahmate Allah, lan Allah iku Dzat kang akeh pangapurane lan akeh kawelasane
(QS. Al Baqarah 218)

Masyirolmuslimin rohimakumulloh
Hijrah kangge kito ing mongso punika wonten sekawan perkawis.

Sepindah Hijrah mental. Inggih menika hijrah kanti ngendaleni nafsu. saking nafsu amarah tumuju dateng nafsu lauwwamah lan nafsul muthmainnah. Jalaran nafsu amarah punika tentu tansah ngajak tumuju dateng pendamel awon. Tiyang ingkang tansah nuruti nafsu amarah  punika tentu tumuju dateng pendamel awon ingkang tansah kedah keturutan pepinginanipun, mboten nggagas nuwuhaken kapitunaning liyan, akalipun sampun tunduk lan nyengkuyung dateng pikajenganing nafsu. Dene nafsul lauwamah menika kesadaran kangge negur pribadi lan diri sendiri, nafsu ingkang sampun mawas diri, inggih kesadaran kangge merubah pribadi sak derengipun dipun tegur dining Allah. Dene nafsul muthmainnah punika kados ingkang kadawuhaken dening Allah :

يَــآأَيتهَـــاالـنـَّفْسُ  الْمُـطْمَئِنَّةِ اِرْجِعِيْ اِلَى رَبِّـكِ رَاضِيَةً  مَرْضِيَّةِ   فَادْخُلِيْ فِي عِبَادِيْ وَادْخُلِيْ  جَنَّتِي

“Hai jiwa kang anteng , baliya marang Pangeranmu kelawan ridla lan diridlani Pangeranmu. Mlebua ing golongane kawulaKu, lan ingndalem swargaku” (QS. Al Fajr : 27-30).

Hijrah mental kita kedah ngantos saget tumuju nggayuh jiwa ing kang muthmainnah supados kita kalebet golonganipun kawula ingkang pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.

Engkang kaping kalih Inggih meniko hijrah saking keterbelakangan tumuju dateng kemajuan. Kawontenan kita ingkang tasih katah katilar dening kemajuan,  kedah dipun ikhtiyari supados langkung saget nggayuh kawontenan ingkang langkung sae. Kados dene kawontenan lare lare ingkang cekap katah mboten saget sinau lan menempuh pendidikan.

Mekaten ugi kabudayan ingkang saya ngrisak dateng akhlaq kanti dalih kebebasan berkreasi, lan sak pinunggalanipun. Punika kedah kita atasi  supados mboten ngobro ombro, syukur saget gumantos pengadatan utawi adat kito dados kabudayan ingkang selaras kaliyan tuntunan agami Islam ingkang leres. Amargi ing jaman puniko musuh-musuh islam nyebaraken kebudayaan ingkang mboten wonten tuntunan agami islam lan katah-katahipun umat islam mboten ngraosaken.

Engkang kaping tigo Inggih menika hijrah saking kondisi sosial kita ingkang nembe ketaman kacintakan, kerisakan, penipuan, permusuhan, korupsi lan sak panunggalanipun. Hubungan pasederekan, tetanggan lan sesrawungan kaliyan tiang katah. Punika kedah dipun usahani kanti hijrah tumuju dateng kondisi sosial ingkang langkung sae. Tiyang pinter pirang pirang, nanging tiyang bener puniko arang arang. Mila semanget hijrah kedah tumancep ing manahipun saben tiyang Islam.

Engkang kaping sekawan puniko Hijrah Material. Inggih Punika ngupoyo perubahan kangge nggayuh kawontenan ingkang langkung sae babagan ekonomi. Kita kedah gumbregah cancut tali wanda, mboten kenging kedlarung, larut ing swasono sungkowo nggetuni dateng kawontenan, kedah semangat makarya kangge nggayuh kebahagyaan dunya lan akhirat, dunyane nggayuh baldatun thayyibatun warabbun ghafur, akhirate beja mulya slamet saking siksa akhire mlebet swarga. Aminn.

أقُوْلُ قَوْ لِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُوا اللهَ الْعَظِيْمِ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْـمُسْلِمِـيْنَ وْالْـمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِــيْنَ وَالْـمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ


Khutbah 2
الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِن قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنتَ مَوْلاَنَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. 

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ بِأَنَّا نَشْهَدُ أَنَّكَ أَنْتَ اللهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ يَا حَيُّ يَا قَيُّوْمُ يَا ذَاالْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ. يَامُصَرِّفَ الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا إِلَى طَاعَتِكَ اللَّهُمَّ يَامُقَلِّبَ الْقُلُوْبِ ثَبِّتْ قُلُوْبَنَا عَلَى دِيْنِكَ   اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ


0 Response to "HIJRAH DI TAHUN BARU HIJRIYAH"

Post a Comment