AKHLAK TERPUJI MISI DALAM ISLAMI


KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
AKHLAK TERPUJI

Akhlak dalam islam bukanlah moral kondisional dan situasional, tetapi akhlak yang benar-benar memiliki nilai mutlak. Nilai-nilai baik dan buruk, terpuji dan tercela berlaku kapa saja dan dimana saja dalam segala aspek kehidupan yang tidak dibatasi oelh ruang dan waktu. Akhlak tidak memiliki dikotomi, akhlak lintas agama. Suku, dan adat istiadat. Kejujuran dalam aspek ekonomi sama dengan kejujuran dalam aspek politik. Kejujuran terhadap non muslim sama diotuntutnya dengan kejujuran sesama muslim.



اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ, اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْـمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُـكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا, وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفُوْرُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلٰهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنَ النِّـيْرَانِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  الْـمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَـمِيْنَ لِيُتَمِّمَ مَكَارِمَ اْلاَخْلَاقِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلٰى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا الـمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، وَقَالَ تَعَالٰى :  يٰاأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

     Wonten ing kesempatan ingkang sae meniko, pertama, kulo tansah ngajak dhateng penjenengan sedoyo lan khususipun pribadi kawulo piyambak, monggo sami-sami ningkataken taqwa dumateng Allah SWT kelawan sa’estu-estunipun taqwa. Nggeh meniko ajrih dumateng Allah, kanthi nindaki sedoyo perintah lan nebihi sedoyo cegah. Keranten kalian taqwa menikolah, insyaallah, kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah . Ugi, jalaran taqwa meniko, insyaallah Allah , Allah  bade maringi rizki dhateng kito. Sedoyo puniko saking margi ingkang mboten kanyono-nyono, lan ndade’ake gampil urusan kito.

وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ
Artosipun:
Sapane wong kang taqwa marang Allah , mongko Allah bakal ndadekno gawe wong iku dalan ingkang gampang, lan bakal ngawehi rizki soko arah kang ora den songko-songko.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Agami Islam ingkang dipun turunaken dining Allah kanggem kito sedoyo meniko arupi agami ingkang sampun sempurno. Agami Islam meniko sampun nggadahi tuntunan ingkang lengkap ingndalem sedoyo urusan hablum minalloh lan hablum minan nas. Syariat Islam meniko mboten namung ngajaraken kito iman utawi aqidah, ibadah, lan muamalah kemawon, hananging syariat Islam ugi sampun ngajaraken nilai-nilai akhlaq ingkang sae.
Akhlak ingkang sae terhadap sesami menungso meniko katah sanget. Di antaranipun:
Nomer setunggal : Nindaki Perliaku Jujur. Sifat jujur meniko merupakan sikap ingkang mencerminkan kesesuaian antawisipun manah, lisan, lan perbuatan. Nopo ingkang den ucapaken kedah sesuai marang nopo ing wonten ing ndalem manah. Nopo ingkang dipun perbuat kedah sesuai kalian nopo ingkang sampun den ucapaken. Rasulullah  dawuh:
عَلَيْكُمْ بِالصِّدْقِ فَإِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِي إِلَى الْبِرِّ وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِي إِلَى الْجَنَّةِ
Artosipun “moko berlakuo jujur siro kabeh, sak temene sifat jujur iku iso nggowo maring kebajikan, lan kebajikan iku iso nduduhno marang suwargo.
Hikmah kanggem tiyang engkang jujur nun inggih, ndadosaken ati antheng, mboten ngeroso was-was, lan kiyambake gampang anggenipun angsal kepercayaan saking tiang sanes. Wondene lawanipun sifat jujur nun inggih goroh utawi dusto. Tiang ingkang senengane mbujuki meniko klebet ciri-cirine tiang munafik, “wa idza hadatsa kadzaba” , nggeh meniko nalikane ngucap kiambe’e ngapusi.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Engkang nomer kalih inggih puniko sifat tawadhu’ utawi andhap ashor, rendah hati, mboten sombong utawi takabbur ing atase kelebihan ingkang sampun dipun karunia-aken dining Allah arupi harta, jabatan, gelar, pendidikan, kepinteran, lan lintu-lintunipun.
Contoh sifat sombong meniko: ngeroso paling sugih, ngroso mboten wonten tiang lintu ingkang nglebihi kesugihane. Ngeroso paling bener lan tiang lintu mesti salah. Ngeroso paling pinter, lan mboten wonten tiang lintu kang saget nandingi kepinterane. Padahal ing nginggile tiang ingkang berpengetahuan, taksih wonten Dzat ingkang langkung ngudneni, nun nggeh Allah Dawuhipun Kanjeng Rasul :
لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ كَانَ فِي قَلْبِهِ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ مِنْ كِبَرٍ  (راه مسلم)
Artosipun: “Mboten saget mblebet suwargo tiang ingkang teng lebet atine wonten sekedik mawon saking  sifat sombong”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Engkang nomer tigo nggeh meniko nduweni sifat pangapuro, ingkang disebut dining Sayidina Ali karramallahu wajhah kalian al’afwu ‘indal ghadhab. Paring pangapuro meniko kadang mboten gampang, luwih-luwih kangge tiang ingkang sampun nglarani manah kito. Milo soko niku, Allah  sampun maringi jaminan kangge sinten mawon ingkang saget ngendali’aken emosi lan amarahipun, mongko tiang niku bakal selamet saking sikso geni neraka. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh:
وَمَا زَادَ اللَّهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلَّا عِزًّا
Artosipun: Lan Allah ora bakal nambah marang wong kang seneng maring pangapuro kejobo nambahi kemuliaane,.” (HR. Muslim)
Mugi-mugi Alloh tansah maringi rahmat, taufiq, hidayah lan kekuatan kanggem kito sedoyo, sahinggo kito saget nebihi sifat-sifat kang mboten sae, lan saget nggadahi akhlak ingkang sae, sahinggo kito sedoyo saget pikantuk husnul khotimah. Amiin.

أَعُوْذُ بِاللهَ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: وَعِبَادُ ٱلرَّحۡمٰـٰنِ ٱلَّذِيْنَ يَمۡشُوْنَ عَلٰى ٱلۡأَرۡضِ هَوۡنً۬ا وَإِذَا خَاطَبَـهُمُ ٱلۡجٰـٰهِلُونَ قَالُواْ سَلَامً۬ا, بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيٰاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِـمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ, سَيِّدُ الْإِنْسِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ, وَ عَلى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا ان الله يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور حليم. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَـمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْـمُؤْمِنَاتِ, والْـمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَقَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يَارَبَّ الْعَالَـمِيْنَ. رَبَّنَا لَاتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ, وَالْبَلَاءَ, وَالْوَبَاءَ, وَالْفَحْشَاءَ, وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُوْنِسِيَّا هَذَا خَآصَةً, وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الـمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً, يِارَبَّ الْعَالَـمِيْنَ. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْـمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

1 Response to "AKHLAK TERPUJI MISI DALAM ISLAMI"

  1. AL HAMDULILLAH... MANFAAT MANFAAT MANFAAT. MOGA2 SLLU DALM PERTOLONGAN ALLAH DALAM MENJALANKAN AMANAH KHOLIFAH FIL ARDH

    ReplyDelete