WASPADA FITNAH AKHIR ZAMAN


KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA
WASPADA FITNAH AKHIR ZAMAN
Mohammad Faiz, S.Pd.I
Masjid Al-Manar Mrico Tengah Lebak Grobogan 
Sudah menjadi fitrah manusia bahwa menerima musibah mereka berusaha  untuk mencari jalan keluar dari musibah tersebut. Namun ada juga yang hanya pasrah dan tinggal diam tanpa berusaha sedikitpun, akhirnya mereka menjadi orang yang merugi.


Mengingat hadits Nabi yang artinya “Setiap umat itu memiliki ujian masing-masing, dan ujian dari umatku adalah harta benda/harta dunia”. Lihatlah! Perubahan dan perkembangan zaman sekarang ini, melalui media elektronik terutama media sosial banyak terjadi hal-hal yang diluar kendali, anak-anak usia remaja yang seharusnya duduk manis menerima ilmu pendidikan di bangku-bangku sekolah justru bertindak kriminal. Orang tua yang seharusnya melindungi anak-anaknya justru menjadi perampok kesucian bagi mereka.

Ribuan tahun silam, Kanjeng Rasulsudah pernah mengingatkan bahwa fitnah terbesar di akhir zaman adalah yang keluar dari tingkah polah para wanita. Lihatlah di medsos, banyak wanita yang mengumbar auratnya dengan dalih “mengikuti perkembangan zaman” atau dalih yang lainnya “demi memenuhi kebutuhan dan meraup keutungan” he he he.... ini zaman apa kang.
Ada lagi berita-berita hoak yang sifatnya memfitnah, menyebarkan berita bohong, mengadu domba antar sesama. Mereka merupakan antek-antek Dajjal yang berusaha untuk menggoyahkan iman dan persatuan umat islam. Naudzu bullah min dzalik.
Semoga Allah selalu menjaga dan menuntun kita ke jalan yang lurusdan di Rudloi-Nya dan dihindarkan dari  godaan syetan yang selalu mengajak kita kepada kesesatan.    


اَلسلام عليكم ورحمة الله وبركاته
أًلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِىْ جَعَلَنَا أُمَّةً وَسَطًا لِنَكُوْنَ شُهَدَاءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْنَا شَهِيْدًا. اَشْهَدُ اَنْ لآاِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ, اَمَّابَعْدُ: فَيَااَيُّهَا الْـمـُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ 

Wonten ing kesempatan punika kawula tansah paring pemut dhateng kawulo pribadi sumrambah dhateng kita sedaya, kanthi tansah ngudi ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, kelawan nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah  lan nilar sedaya awisanipun. Kanthi usaha lan ikhtiar saestu, jalaran satuhunipun manungsa punika dipun ciptakaken dening Allah kanthi sak bagus-baguse kedadosan.
Maasyirol Muslimin rahimakumulloh.
Sampun dados fitrah menungso bilih menawi nampi musibah piyambakipun tansah mbudidoyo supados saged uwal saking musibah puniko. Hananging ugi wonten tiyang engkang pasrah dhateng kawontenan sahinggo ndadosaken piyambakipun kagolong tiyang-tiyang engakng sami karugen. Saat puniko katah poncoboyo an pacoban ingkang tansah ngancam kan ngiceng dhateng kito. Kados Dawuhipun Allah surat Toha ayat 123-126
فَإِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِنِّي هُدًى فَمَنِ اتَّبَعَ هُدَايَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشْقَى ﴿١٢٣﴾ٰ وَمَنْ أَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنْكًا وَنَحْشُرُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَعْمَىٰ ﴿١٢٤﴾ قَالَ رَبِّ لِمَ حَشَرْتَنِي أَعْمَىٰ وَقَدْ كُنْتُ بَصِيرًا ﴿١٢٥﴾ قَالَ كَذَٰلِكَ أَتَتْكَ آيَاتُنَا فَنَسِيتَهَا ۖ وَكَذَٰلِكَ الْيَوْمَ تُنْسَى
“Mongko nalikane pituduh Ingsung wus tumeko marang siro kabeh, mongkosinten kemawon engkang anut marang pituduh-Ku mongko wong mau ora bakal kesasar lan ora ciloko. Lan sinten kemawong engkang mengo dhateng Dzikir (eling) marang Ingsung mongkosak temene Ingsun bakal ngumpulake wong-wong mahu ing dino kiyamat kanthi wuto. Wong-wong mau podho ngucap “Duh Gusti, kengeng menopo Panjenengan ndadosaken kito tiyang enhkang wuto, ing mongko sakderengipun kito puniko tiyang engkang saget ningali” lajeng Alloh Dawuh marang wong-wong mahu “Ingkang koyo mengkono kui naliko ayat-ayat-Ku wus teko marang siro hananging siro kabeh podho nglelekno, sahinggo ing dino iki sirokabeh pododilalekno”.”.
Sak puniko fitnah-fitnah sampun katah ing sakiwo tengen kito, milo kito  waspodo  lan sami njagi dirinipun piyambak-piyambak.
Maasyirol Muslimin rahimakumulloh.
Kanjeng Rasul sampun paring piweling bilih
إِنَّ لِكُلِّ أُمَّةٍ فِتْنَةً وَإِنَّ فِتْنَةَ أُمَّتِي الْـمَالُ
“sak temene saben-saben ummat iku onocobane (fitnahe), lan sak temene picobane umatku yoiku bondho dunyo”.  (H.R. Tirmidzi, lan Ibnu Majjah).
Rasulullah ugi sampun paring pemut dhatneg kito
فَوَاللَّهِ مَا الْفَقْرَ أَخْشَى عَلَيْكُمْ وَلَكِنِّي أَخْشَى أَنْ تُبْسَطَ عَلَيْكُمْ الدُّنْيَا كَمَا بُسِطَتْ عَلَى مَنْ كَانَ قَبْلَكُمْ فَتَنَافَسُوهَا كَمَا تَنَافَسُوهَا وَتُهْلِكَكُمْ كَمَا أَهْلَكَتْهُم
Demi Allâh ! ora perkoro kefakiran kang tak khawatirake marang siro kabeh, hananging kang tak  khawatirake yo iku anggeniro diparingi kaloberan dunyo koyo dene ummat sadurunge siro kabeh, terus siro kabeh podho rebutan koyo umat kang disik-disik, eng akhiripun dunyo kang dadi sebab hancuripun umat mau.
Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Ing antawisipun ujian utawi picoban ing saat puniko inggih meniko kawotnan engkang dhatengipun saking media elektronik utawi cetak kang sifatipun nyesatatken dhatng kito umat islam. melalui media puniko terkadang sesuatu engkang mboten pantes dipun tayangaken ing TV-TV.
Saat puniko katah griyo-griyo tiyang  muslim ingkang sakmestine bersinar dipun ginakaken kagem dzikir dhateng Allah, nanging ing griro-griyo kasebut dados panggenanipun syetan, tiyang nem-neman sami mabuk-mabukan, nguripaken budhoyo luwar ingkang bertentangan kaliyah nilai-nilai islami, sahinggo griyo kasebat di adohi deneng poro malaikat. Ing antawisipun fitnah engkang mengkhawatirkan inggih puniko fitnah enkang di ditimbulaken saking tiyang setri. Rasulullah Sampun dawuh :
مَا تَرَكْتُ بَعْدِي فِتْنَةً هِيَ أَضَرُّ عَلَى الرِّجَالِ مِنْ النِسَاء
“Aku ora ninggalno siji fitnah kang luwih mbahayani marang wong lanang yoiku (fitnah kang metu) saking (polahe) wong wadon”
Tingkah polahe tiyang setri ing wekdal puniko langkung medeni, wonten ing medsos kito asring mangertosi, katah tiyang setri sami ngagem pakean engakng nganeh-anehi, kantih dalih mengikuti perkembangan zaman utawi kagem nambah penghasilan. Kanthi alat moderen ingkang sampun canggih puniko kito kedah waspada, sebab syetan mboten nate kesel utawi tinggal diam kagem ngobong-ngobongi lan ngreridhu dhateng kito supados ndamel kerusakan moral, lan ugi kito kedah ngatos-atos dhateng pawarto hoak ingkang sifatipun ndamel fitnah kanthi tujuan kegem memecah belah bangsa lan umat islam.
Mugi-migi Allah tansah paring pituduh dhateng kito sedoyo supados mboten karseret dhateng kahanan engkang ngedap-edapi puniko, lan mugi-mugi Allah tansah njogo kdhateng ito saking pengridhunipun syetan soho wadyo bolonipun. Amin. Amin ya Robbal ‘alamin
آلٓمٓ ﴿١﴾ أَحَسِبَ النَّاسُ أَنْ يُتْرَكُوا أَنْ يَقُولُوا آمَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُونَ ﴿٢﴾ وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۖ  فَلَيَعْلَمَنَّ اللَّهُ الَّذِينَ صَدَقُوا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكَاذِبِينَ.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.
 KHOTBAH KEDUA :

الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَـهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُوَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
أَمَّا بَعْدُ؛ وَلاَ تَكُونُواْ كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لاَ يَسْمَعُونَ . إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًااَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِرَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌرَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ . وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد تسليمًا كَثيْرًا وآخر دَعْوَانَا لله رَب الْعَالَميْنَ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ .وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


0 Response to "WASPADA FITNAH AKHIR ZAMAN"

Post a Comment