KEMULIAAN BULAN SYA'BAN KHUTBAH JAWA EDISI 2022

 

KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA

BULAN SYA’BAN

Dipun sebat Sya’ban, kranten wulan engkang cabang-cabangipun kesaenan kathah sanget. Makno lintunipun, Sya’ban musytaq saking Syi’b, ateges dalan erenge gunung utawi dalan kesaenan. Salah setunggalipun faktor engkang andadosaken wulan Sya’ban meniko utami, jalaran wonten ing wulan meniko sedoyo amal kitho dipun laporaken dateng Alloh swt. Hinggo Kanajeng Nabi Muhammad remen siyam wonten ing wulan meniko

اَلْخُطْبَةُ الأُولَى

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى خَلَقَ الزَّمَانَ, وَفَضَّلَ بَعْضَهُ عَلَى بَعْضٍ, فَخَصَّ بَعْضُ الشُّهُوْرِ وَاْلأَيَّامِ وَاللَّيَالِى بِمَزَايَا وَفَضَائِلَ, يُعَظِّمُ فِيْهَا اْلأَجْرُ وَالْحَسَنَاتُ, أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلدَّاعِى بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى الرَّشَادِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ هُدَاةِ اْلأَنَامِ فِى أَنْجَاءِ الْبِلَادِ, أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ. فَقَدْ قَاَل تَعَالَى : وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ زَادِ التَّقْوَى, وَاتَّقُوْنِى يَاأُوْلِى اْلأَلْبَابِ.   



Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Monggo wonten ing kesempatan engkang mulyo puniko kito ginaaken kanthi saestu-estu kagem nambahi taqwa kito dhaeng Allah klawan nindaaken perintah-perintahipun lan nebishi sedoyo awisdan-awisan. nipun supados kito samangke saged manggihi kabegjan.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Alhamdulillah, wekdal puniko kitho manggen wonten ing wulan Sya’ban, engkang ateges soyo caket dateng wulan Romadhon. Kata ‘Sya’ban’ menurut kamus artosipun ‘gunung’  utawi ‘dalan nanjaking sak nginggilipun gunung’. Hal meniko arupi kiyasan wulan kaling wolu saking kalender hijriyah engkang dados moment engkang tepat kagem menapaki jalan kesahenan nyambut dhatengipun wulan Ramadhan.

Jumenenipun Sya’ban ing antawisipun Rojab lan Ramadhan asring mboten angsal perhatian kanthi khusus. Ing wulan Rojab kolo wingi kito asring mireng keutamaan-keutamaan poso lan ngibadah ing sajroning wulan Rojab, langkung-langkung mireng ceriyos perstiwa dahsyat engkang nate dilampahi Kanjeng nabi nun inggih isro’ lan Mi’roj engkang ngedap-edapi. Nopo meneh wontn ing wulan Ramadhan samangke, engkang setunggal amalan sae ganjarane matikel-tikel.    

Hananing beneh klawan wulan Sya’ban ingkang sepi saking ceriyos-ceriyos engkang endah. Setunggalng Hadits nabi engkang dipun riwayatakan denening Abu Dawud lan Nasa’i, kanjeng Nabi Muhammad , nyebut Sya’ban puniko wulan engkang asring dipun lalé-aké. Dilaleake mboten ateges wulan meniko ino hananging menungsane engkang mboten paring perhatosan saking mulyane wulan Sya’ban puniko. Ing mongko sajroning wulan Sya’ban wonten moment penentu saking amaliyah setahun kito nun inggih nisfu Sya’ban. Setungaling wengi engkang sedoyo catetan amal kito di rekap lan diangkat lajeng dilaporake dhateng Allah.  

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Bukti saking mulyanipun wulan Sya’ban puniko saged dipun pirsani saking sejarah engkang boten amung dipersani kanthi fakta historis kemawon hananging sejarah puniko tondho bukti bilih Allah  sampun paring kamulyan dhateng wulan Sya’ban puniko, ing antawisipun :

Sepindah : Wonten ing wulan Sya’ban Allah nurunaken ayat 56 saking surat al-ahzab arupi perintah mahos sholawat kageng kanjeng nabi Muhammad ,

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Kaping kalihipun : Wonten ing wulan Sya’ban perintah siyam utawi poso ing wulan Romadhon milahi dipun perintahaken utawi dipun wajiban kanthi nurunakn ayat 183-184 ing surta Al Baqarah. Kanthi dipun wajibaken siyan puniko kito dipun printah supados purun ngempet saking pengaruh ndunyo lan mentingaken kenikmatan akhirat yakni kepanggih klawan Allah Ta’ala.

Engkang kaping tigo : Wonten ing sajroning wulan Sya’ban puniko mulaidipun perintahaken kab’bah dados qiblatipun umat Islam engkang asale madhep Masjid al Aqsho Palestina. Peristiwa puniko ditandahi klawan turunipun ayat 144 saking surat al-baqarah.

قَدْ نَرَى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِي السَّمَاءِ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضَاهَا فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ

Mugi-mugi Allah ndadopsaken kito tiyang engkang tansah angsal pituduh lan mboten niya-niyaaken wulan Sya’ban kanthi ngeparek dhateng Gusti Allah, ngatah-ngatahaken mahos sholawat, dzikir, ngamal engkang sahe supados ing wulan Ramadhan samangke kito sampun kulino lan dados pengadatan lan aktivitas rutin kita. Amin.

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين. وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ. أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ: وَسَارِعُوْا اِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّموَاتُ وَالْاَرْضُ. أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَ.

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.

أَلْخُطْبَةُ الثَّانِيَّةُ

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا   أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ   اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

   

Download Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Kemuliaan Bulan Sya'ban PDF disini 

Khutba Jum'at bahasa Jawa terkait Bulan Sya'ban klik Disini 

0 Response to "KEMULIAAN BULAN SYA'BAN KHUTBAH JAWA EDISI 2022"

Post a Comment