MALU CABANG DARI IMAN

 

KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA

MALU SEBAGIAN DARI CABANG IMAN


<<< *KALENDER YASAMKARIAN* >>>

           ~ Versi Gala Anagata ~


*Bantala, 62 Manggala 3 Y*

*Anggastauni : Limpa*

           

*بِسۡمِ اللّٰهِ يَسَمۡكَرۡ صَلِّ عَلٰى مُحَمَّدۡ*

Bismillaahi Yasamkar, Sholli 'Alaa Muhammad 

(Dengan menyebut Nama Allah Yang Maha Segala galanya. Semoga rahmat tetap tercurahkan kepada Nabi Muhammad Saw


(3/7/100/1000X)


*Yaa Hayyu*

(Yang Maha Hidup)


21X tanpa bernafas

(Menjelang  brkt kerja n menjelang tidur)


Rabu, 30 Maret 2022 M.

27 Sya'ban 1443 H


*Gbp. Samala*

 

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى خَلَقَ اْلإِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَائِرِ اْلأَدْيَانِ, أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَـثِــيْرًا. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّـهَا النَّاسُ, إِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إلَّا وَأَنْـتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَالَ تَعَالَى : يٰاأَيُّـهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا إِتَّـقُوا اللهَ وَالْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدْ, وَاتَّقُوا اللهَ, إنَّ اللهَ خَبِـــيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ. وَقَالَ أَيْضًا : فَاسْتَبِقُوا اْلخَيْرَاتِ أَيْنَمَا كُنْتُمْ يَأْتِ بِكُمُ اللهَ جَمِيْعًا, إِنَّ اللهُ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ. أَمَّا بَعْدُ :


Maasyirol muslimin rohimakumulloh.

Sumonggo kito ngunjukken raos syukur wonten ngarso Dalem Allah ingkang sampun maringi kito kenikmatan engkang boten kawical-wical. lan sumonggo kito ningkatakenn mutu keimanan lan kualitas taqwa klawan kanthi berusaha semaksimal mungkin kagem nindaki perintah dan nebihi sedoyo jegah sebagai bentuk konsekwensi mahabbah utawi trisno dhumateng Gusti Allah . Kito kedah intropeksi diri utawi muhasabah dhateng amalan engkang sampun kito lampahi. kanthi mekaten kito anggadahi perhitungan lan tolak ukur ingkang jelas, pnopo kito sampun anggadahi sangu kagem ngadhep Gusti Alloh punopo dereng, sebab ing wekdal samangke mbote wonten pitulungan sanes kejawi namung pitulunganiupun Allah lan ing wekdal puniko bondho ingkang kito miliki sampun mboten wonten ginanipun.

Maasyirol muslimin rohimakumulloh.

Kanjeng Rasul dawuh riwayat saking Abu Hurairah RA,

اَلإْيْمَانُ بِضْعٌ وَسَبْعُوْنَ أَوْ بِضْعٌ وَسِتُّوْنَ شُعْبَةً, فَأَفْضَلُهَا قَوْلُ لَا إلٰهَ إلَّا اللهُ وَأَدْنَاهَا إِمَاطَةُ اْلأَذٰى عَنِ الطَّرِيْقِ وَالْحَيَاءُ شُعْبَةٌ مِنَ اْلإِيْمَانِ (رواه البخارى والـمسلم)

Ngraos isin (al haya’) meniko salah setunggaling cabang iman. Wonten ing hadits  ngginggil kolo wahu kanjeng Rasulullah Muhammad dawuh, “Iman meniko anggadahi pitungdoso utawi suwidak langkung cabang. Cabang engkang paling inggil inggih puniko ucapan ‘Lailahaillallah’ lan ingkang paling ngandhap inggihpuniko nyingkirken gangguan saking radosan. Lan Isin meniko salah setunggaling cabangipun iman.”

Maasyirol muslimin rohimakumulloh.

Al-Haya’ utawi isin meniko termasuk ahlak mahmudah, sahinggo kanjeng rasul Muhammad ngendiko, “roso isin meniko sebagian saking iman.” “Seseorang tidak akan mencuri bila ia beriman.” Kanjeng Rasul ugi njelasken “qalilul haya, sitik lan kirangipun roso isin meniko menyebabkan nilai ibadah saged ical malah-malah saged kabusek.

Wonten ing kajian Akhlak, isin utawi rosowirang meniko kabagi dadops tigang bagian :

1.     Wirang kaliyan pribadhinupun kiyambak, inggih meniko isin mbpten nindhaki periqntah-perintahipun Gusti Allah.

2.     Isin dhateng tiyang sanes, inggih meniko wiang yen nindaki kemaksiatan utawi kemunkaran.

3.     Isin dhateng Gusti Allah, inggin meniko wirang yan mboten taat dhateng Gusti Allah.

 

Maasyirol muslimin rohimakumulloh.

Ibnul Qoyyim RA ngendiko : “ Wirang meniko tergolong akhlak engkang paling utami, paling mulia, paling agung, langkung katah manfaataipun. sifat wirang puniko salah setnggaling sifat khusus kagem kemanusiaan, berarti tiyang engkang mboten anggadahi raos wirang meniko sampun ical sifat kemanusiaanipun lan mboten anggadahi kesahenan babar pisan. Umpami mboten wonten sifat isin meniko yekti tamu mboten badhe dihormati, janji mboten badeh ditepati, amanah mboten badhe dipun  tindakaken lan kebutuhan-kebutuhan mboten badeh kecukupan.

Wonte ing kitab Madarijus Salikin wirang dipun bagi dados sedoso,. Nun inggih :

 

1.        Isin sebab tumindak luput, kados isine Nabi Adam as dhateng Allah ngantos medal saking swargo

2.        Isin sebab keterbatasan diri, kados isine poro Malaikat ngatos bertasbih rinten lan dalu rumahos mboten saged ngibadah kanthi temen.

3.        Isin sebab makrifat dhateng Allah sebab kenging Ke-Agunganipun Allah, kados wirange nabi Nuh nyuwun supados Allah nyelametaken tiyang kafir

4.        Isin ebab alusing budi, kados wirang kanejng nabi Muhammad sebab ngawontenaken walihah kaliyan Siti Zaenab.

5.        Isin sebab kesopananipun Sayidina Ali sebab isin ngunjuk atur bab madzi

6.        Isi sebab ngeraos ino dhateng Allah, kados isine poro nabi ulul Azmi supados nyuwun syafaat dhateng kanjeng Nabi Muhammad .

7.        Isin sebab mahabbah dhateng Allah, kados Nabi Musa ngantos mboten antun siran klawan wudo.

8.        Isin sebab ubudiyah enghkang campur kaliyan arep-arepan lan ngeroso wedi,

9.        Isin sebab mulyanipun tiyan sanes kang waro’ lan muru’ah kados amaliyahipun Ubar bin Khotob lan Abu Bakar As-Shiddiq.

10.     Isin marang liyan sebab keagunganipun ngungkuli pribadinipun engkang asring mandang ino dhateng tiyang sanes.

 

Maasyirol muslimin rohimakumulloh.

Kangge penutup khutbah, malu utawi isin meniko merupakan sifat mulia ingkang kedah kito biasa-aken, sahinggo saget dados kebiasaan kito. Kelawan sifat wirang puniko kito bakal pikantuk penghargaan saking Allah lan saking sesami menungso. Mugi-mugi Allah tansah paringi kekiatan lan hidayah, sehinggo kito saget dados tiang-tiang ingkang pinter anggeniupun ngenggoni roso isin puniko.

 

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ لِي وَلَكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلْ مِنِّى وَمِنْــكُمْ تِلَاوَتَــهُ, إنَّــهُ جَوَّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكُ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Khutbah Kaping Kalih

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

 

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

0 Response to "MALU CABANG DARI IMAN"

Post a Comment