GOLONGAN KANG SENENG NINGGAL SHOLAT

 GOLONGAN SENENG NINGGAL SHOLAT

    Golongan orang-orang yang gemar melakukan perbuatan dosa besar dan kemunkaran, serta enggan bertaubat. dengan kebiasaan buruk itu menjadikan seseorang memiliki cara pandang tersendiri. Nah, cara pandang dari sudut kejelekan itu sulit untuk merubah pola hidupnya menuju kebaikan. 


    Khutbah Jum'at Singkat Bahasa Jawa selengkapnya di bawah ini. 

dan untuk PDF-nya silakan download di akhir materi ini. terimakasih

KHUTBAH PERTAMA


الْحَمْدُ للهِ الَّذِیْ هَدَانَا سُبُلَ السَّلَامِ وَاَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيِّ الْكَرِيْمِ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَه ذُوْ الْجَلَالِ وَاْلِاْكَرامِ ، وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ، اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وعَلَى الِهِ وَ اَصْحَابِهِ والتَّابِعِيْنَ بِاِحْسَانٍ  اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ ، اَمَّا بَعْدُ فَيَا اَيُّهَا الْاِخْوَانِ اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَی اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٠ قَالَ الله تعالي فِى الْقُرْانِ الْكَرِيْم، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ؛ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ امَنُوْا اِتَّقُوْا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكَمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ، ومَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَه فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيْماً .وَقَال تَعَالی: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ امَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ٠

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Wonten ing kesempatan meniko kulo wasiat dumateng diri pribadi kulo khususipun, lan dumateng penjenengan sedoyo umumipun, monggo kito tansah ningkataken anggen kito iman soho taqwa dumateng ngarsanipun Allah swt kanthi iman soho taqwa engkang saestu.

Al-allaamah Sayyid Abdullah bin Alawi al-Haddad paring pangandikan bilih wonten gangsal golongan engkang dipun kawatosaken kalih poro ulama wonten ing akhir gesangipun meniko su’ul khotimah (‘iyadzu billah).

Gangsal golongan meniko:

·         Golonganipun tiyang engkang remen nilar sholat

Sholat meniko minongko dados cagaking agomo. Ugi minongko dados amal engkang paling awal dipun suwuni pertanggung jawaban wonteng ing Akhirat mangke. Kados dawuhe Rosululloh SAW:

أَوَّلُ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ يَوْمَ الْقِيَامِة مِنْ عَمَلِهِ صَلَاتُهُ ، فَاِنْ صَلُحَتْ فَقَدْ اَفْلَحَ وَاَنْجَحَ وَاِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَ خَسَرَ

Engkang suraosipun kirang langkung mekaten:

“Saktemene amale kawulo kang kawitan dihisab besuk ono ing dino qiyamah, yoiku sholate. Mongko yen sholate iku apik,mongko deweke iku temen2 bakal bejo lan sukses. Lan ing yento sholate iku rusak, mongko temen deweke iku wus gagal lan merugi. (HR. Imam Tirmidzi).

Pramilo saking meniko, monggo kito tansah njagi sholat kita. Sampun ngantos sholat kito gothang wonten ing kahanan menopo kemawon, soho ing pundi mawon panggenan. Amargi menawi sholat kito meniko sae, sholat meniko saget dados alat ukur kualitas amal-amal lintunipun.

·         Golonganipun tiyang engkang remen minum khomer

Dawuhipun Rosululloh Muhammad SAW: كُلُّ مُسْكِرٍ خَمْرٌ، وَكُلُّ خَمْرٍ حَرَامٌ٠

Engkang suraosipun:

“Sedoyo engkang dadosaken mabuk meniko (dipun wastani) khomer, lan sedoyo khomer meniko harom”.

Khomer meniko nyimpen kekiatan merusak fisik soho mental tiyang engkang nginum. Kerusakan mental bade ngrisak amalipun tiyang engkang bersangkutan. Lan rusaking amal dadosaken cilakane tiyang meniko piyambak.

·         Golonganipun tiyang engkang duroko mring tiyang sepah kekalihipun

Duroko marang bapak-ibu meniko termasuk duso engkang ageng sanget, sak bibaripun duso syirik. Kanjeng Nabi Muhammad SAW natos dipun suwuni pirso poro sahabat:

سُئِلَ رَسُوْلٌ اللهِ صل الله عليه وسلم عَنِ الْكَبَائِرِ ، قَالَ : اَلِاشْرَاكُ بِالله، وَعُقُوْقُ وَالِدَيْنَ، وَقَتْلُ النَّاسِ، وَشَهَادَةِ الزُّوْرِ

Engkang suraosipun kirang langkungipun mekaten: “Rosululloh saw natos dipun suwuni pirso ngenai duso-duso ageng. Panjenenganipun ngendikan (duso-duso gedhe) yoiku: musyrik marang Gusti Alloha, duroko marang wong tuwo loro, mateni awak-awakan, lan dadi saksi palsu”.

Pramilo sakingmenikop monggo kito tansah ngabekti saestu dateng tiyang sepah kito, sampun ngantos tumindak duroko kang damel tiyang sepah gelo lan kuciwo. Saget dipun wastani bilih tiyang sepah kito menikkafodos umpamane jimat kagem sedoyo putro putranipun.

·         Golonganipun tiyang engkang remen gawe susahing sapodo-podo Muslim

Tumindak dzolim lan anioyo marang sedulur muslim iku dilarang. Mongko ojo dianggep sepele.Sebab sopo wonge wis kolu karo sedulur podo Muslim mongko iku ngono bakal mbebayani marang awake dewe.

Kados dawuhe kanjeng Nabi Muhammad saw:

وَأَمَّا الظُّلْمُ الَّذِي لا يَتْرُكُهُ الله فَظُلْمُ الْعِبَادِ بَعْضِهِمْ بَعْضًا حَتَّى يُدَبِّرُ لِبَعْضِهِمْ مِنْ بَعْضٍ

Engkang suraosopun:

“Anapun kedzoliman  sing ora bakal ditokne  karo gusti Alloh yoiku kedzolimane manungso marang manungso liyane hinggo diselesekne irusane.

Pramilo saking meniko monggo sak saget-saget  kito tansah mbudi doyo amrih urip kito meniko manfaati kagem tiyang sanes; sampun ngantos ndadosaken susah.

·         Golonganipun tiyang engkang remen nglampahi duso ageng lan kemunkaran, lan boten purun tobat

Membiasakan diri tumindak sae meniko penting sanget. Amargi kebiasaan meniko ndadosaken seseorang kagungan “cara pandang”. Nah, cara pandang saking sudut kesaenan meniko kedah dipun usaha’aken. Boten saget dipun dadak. Pramilo saking meniko, monggo kito berlatih terus menerus untuk menjadi baik, lan kosok wangsulipun monggo sami nyapih cara hidup engkang boten sae; nopo malih ngantos biasa’aken tumindak duso gedhe, sampun ngantos.

Hadirin sidang jumah rohimakumulloh

Monggo kito saling ngemutaken, saling mat sinamatan kagem kesaenan, mumpung (kalian Gusti Alloh) taksih dipun paringi kesempatan umur. Monggo sami nambahi kesaenan, lan bucal tebih-tebih perilaku awon. Amargi sedoyo meniko (awon utawi sae) mesti bakal diunduh piyambak-piyambak.

Kito meniko gesang sareng-sareng, ngibadah sareng-sareng, gawe kabecikan wonten ing tengah- tengahe masyarakat nggih sareng, ananging kito kedah emut bilih catetan utawi raport kito meniko piyambak- piyambak.

Mugi Gusti Alloh paring kekiatan soho bimbingan dumateng kito sedoyo, hinggo slamet wonten ing dunyo ugi slamet wonten ing Akhirat. Aamiin Yaa Robbal Alamiin.

جَعَلَنَا اللهُ واِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْآمِنِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْن اَعُوْذُ بِالله مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْم الله الرحمٰن الرحيم: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا الله وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا٠بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِالآيَاتِ والذِّكْرِ الْحَكِيْمِ اِنَّهُ تَعَالی جَوَّادٌ كَرِيْمٌ مِلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

أَلْخُطْبَةُ الثَّانِيَّةُ

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ، فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينْ، وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَائَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ وَادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَاْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ والطَّاعُوْنَ وَقَرَنَ وَالزَّلاَزِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ،مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ،عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَعَنْ سَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

 Matri Khutbah diatas versi PDF bisa di download Disini

Khutbha Jum'at Bahasa Jawa Demokrasi Dalam Islam

Khutbah Jum'at Bahasa JAwa Bersyukur Pada Allah

 

0 Response to "GOLONGAN KANG SENENG NINGGAL SHOLAT"

Post a Comment