BERSYUKUR KEPADA ALLAH

KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA

BERSYUKUR KEPADA ALLAH


اَلْحَمْدُ لِلَّه, ‏الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ, الَّذِي اَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلإِسْلَامِ . اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْبَشِيْرُ النَّذِيْرُ, الـْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالـَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وباك عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا الـمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، وَقَالَ تعالى:  وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ،

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Wonten ing kesempatan ingkang sae meniko, monggo kito sami-sami ningkataken taqwa dumateng Allah kelawan sa’estu-estunipun taqwa. Nggeh meniko ajrih dumateng Allah, nglampahi sedoyo perintahipun Allah . Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Keranten kalian taqwa meniko, insyaallah, kito saget pikantuk derajat kemulyaan ing ngarsane Allah ,

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Menungso meniko setunggaling makhlukipun Gusti Allah ingkang paling mulyo ing antarane makhluk-makhluk sanesipun. Kemuliyaan meniko keranten menungso dipun paring Allah kelebihan arupi akal lan pikiran. Kelawan akal lan pikiran meniko, kito saget mangertosi pinten-pinten ngelmu. Kito ugi pikantuk bekal arupi ajaran agami, sahinggo kito saget mbeda’aken pundi ingkang sae lan awon, pundi ingkang haram lan halal. Allah  ugi sampun nyipta’aken bumi lan sak isine meniko kangge menungso, lan nyediaaken sedoyo kebutuhanipun arupi thetukulan, toya, woh-wohan, kewan ternak, kendaraan lan sak lintu-lintunipun arupi rizki ingkang katah sanget.

Jalaran soko nikmat ingkang katah meniko, kito wajib bersyukur marang Allah . Defnisi syukur nggeh meniko ngaturaken kasih lan memuji marang Allah SWT, dzat ingkang sampun maringi sedoyo keni’matan. Bersyukur merupakan setunggalipun betuk ibadah marang Allah, lan syukur meniko sampun dados perintah saking Allah SWT. Syukur meniko kedah dipun lampai ngangge tigang perkawis: nggeh meniko ngangge manah, lisan, lan perbuatan.

Tiang ingkang bersyukur marang Allah atas kenikmatan ingkang sampun dipun trami kedah mengakui kenikmatan meniko ing ndalem manahipun, lajeng ngucapaken kalimat “Alhamdulillah” ingkang artosipun “sekabehane puji kedue Allah”, lajeng “tahaddats bi ni’mah” utawi mencerita’aken keni’matan meniko ten tiang lintu, tanpo sifat pamer. Bersyukur kelawan perbuatan nggeh miniko nggera’aken badanipun kangge luwih ta’at marang Allah SWT. Nglampai perintahipun lan nebihi awisanipun Allah SWT. Ugi berbagi sebagian saking ni’mat meniko kalian tiang ingkang mbutuh-aken.

Ing ndalem Al-Qur’an, Allah mrintahaken kito senantiasa bersyukur atas nikmat ingkang sampun dipun paringken. Dawuhipun Allah:

اعوذ بالله من الشيطان الرجيم:  فاذكروني أذكركم واشكروني ولا تكفرون

Artosipun: Mongko soko iku, ilingo siro maang Aku (Allah), mongko Aku iling karo siro kabeh, lan syukur-o siro kabeh marang  Aku (Allah), lan ojo kufur marang nikmat-Ku.

Allah ugi dawuh:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُلُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ وَاشْكُرُوا لِلَّهِ إِنْ كُنْتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ

Artosipun: He wong-wong kang podo imanmangan-o siro kabeh saking rezeki kang apik, kang wis den paringno marang siro kabeh, lan syukur-o marang Allah, yen siro kabeh temen-temen nyembah marang gusti Allah.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Allah ugi negesaken bilih tiang ingkang bersyukur meniko sejatosipun mboten paring pengaruh nopo-nopo dateng Allah, keranten Allah maha kaya lan mboten butuh dateng makhluk-ipun. Nanging, akibat syukur meniko bakal wangsul dateng awak kito piyambak. Lan kosok wangsulipun, tiang ingkang mboten bersyukur mongko akibat-ipun wangsung dateng awak-ipun, arupi azab saking gusti Allah. Ing ndalem Al-Quran surah An-Naml ayat 40, Allah SWT dawuh:

وَمَنْ شَكَرَ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ رَبِّي غَنِيٌّ كَرِيمٌ

Artosipun: Lan sapane wong kang gelem syukur moko sak temene dewe’e syukur kanggo keapikane awak’e dewe, lan sapane wong kang kufurmoko sak temene Pengeranku Allah Maha Sugih lan Maha Mulyo."

Syukur meniko merupakan sifat ingkang paling sae saking sifat-sifat sae lintune. Imam Al-Ghazali ing ndalem kitab-ipun ihya’ ulumuddin berpendapat bilih syukur meniko luwih utomo katimbang sabar, zuhud, lan sifat-sifat lintune. Imam al-Ghazali ngendiko:

1.     Tiang ingkang bersyukur meniko kedah nyumerapi lan mengakui nikmat saking Dzat pemberi ni’mat, nggeh meniko Allah SWT. Sedoyo nikmat ndugi saking Allah. Bilih wonten tiang ingkang menganggap wonten pihak lintu sak liyane gusti Allah ingkang paring nikmat, mongko syukuripun tiang niku mboten sempurno.

2.        Tiang ingkang mensyukuri nikmat-pun Allah meniko kedah dipun sertai kelawan tunduk marang Allah lan nge-gung-aken Allah. Contoh-ipun, tiang ingkang pikantuk nikmat sehat kedah memanfaataken kesehatan-ipun kangge beribadah marang Allah, nyambut damel ingkang halal sesuai kelawan keahlian masing-masing. Contoh lintu, nalikane kito pikantuk rizki saking Allah arupi bondo, hasil panen, lan lintu-lintunipun, mongko pun eman-eman ngedalaken zakate, sebagai bukti syukur kito.

3.       Kelawan nikmat ingkang kito terimo sakng Allah, mongko kito kedah mencintai Allah, lan pun ngantos durhaka marang Allah.

Hal meniko saget kito peroleh yen kito purun merenungkan hikmah saking nopo ingkang sampun dipun-cipta-aken Allah. Misalipun, kito nyumerapi bilih mripat utawi pengelihatan meniko merupakan nikmat ingkang ageng saking gusti Allah. Ten ndunyo niki katah tiang ingkang kurang beruntung keranten mboten saget ningali. Kito kedah ngguna-aken nikmat arupi pengelihatan meniko kangge maos Al-Qur’an, mempelajari ilmu pengetahuan, lan kangge kesaenan-kesaenan lintune. Lajeng, kito kedah menahan penglihatan kito saking barang-barang ma’siyat ingkan haram kados tontonan-tontonan ingkang merusak moral, tontonan ingkang mengarah dateng kemusyrikan, lan acara-acara televise ingkang mboten bermutu.

Lajeng, Tiang ingkang bersyukur marang Allah ugi kedah berterima kasih marang tiang lintu. Kito kedah ngucap-aken terima kasih marang tiang lintu ingkang sampun berbuat sae marang kito. Ing ndalem setunggalipun hadits, Rasulullah SAW. dawuh:

عَنْ أَبِى هُرَيْرَةَ عَنِ النَّبِىِّ -صلى الله عليه وسلم- قَالَ « لاَ يَشْكُرُ اللَّهَ مَنْ لاَ يَشْكُرُ النَّاسَ ».

Artosipun: “Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu ngendiko, bilih Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh: “Ora syukur marang Allah sapane wong kang orang syukur marang menungso liyo.” (HR. Abu Daud)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Hikmah saking sifat syukur meniko katah sanget.

1.      Allah bakal nambahi nikmat dateng tiang ingkang purun bersyukur. Kosok wangsulipun, Allah bakal maringi azab ingkang pedih dateng tiang ingkang mboten purun bersyukur.

2.       Allah sampun janji, bilih tiang ingkang syukur meniko bakal pikantuk walesan ingkang sae saing Allah SWT

3.      Tiang-tiang ingkang syukur meniko bakal pikantuk ganjaran suwargone Allah SWT. ingkang penuh kelawan kenikmatan. Milo soko niku, kito kedah bersyukur ing ndalem keadaan nopo-kemawon. Nalikane niko pikantuk kenikmatan, kito ucapaken‏الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ, artosipun “sekabehane puji kedue Allah, kelawan ni’mate sempurno piro-piro keapikan”, lan nalikane pikantuk mushibah, kito ucapaken “inna lillahi wa inna ilaihi raajiun” lajeng maos “alhamdulillahi ala kulli haal” artosipun “sekabehane puji kedue Allah, ing atas-e sakben-sakben perkoro”,

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kangge penutup khutbah, syukur meniko merupakan sifat mulia ingkang kedah kito biasa-aken, sahinggo saget dados karakter utawi kebiasaan kito. Kelawan sifat syukur meniko kito bakal pikantuk penghargaan saking Allah lan saking sesami menungso. Milo soko niku, monggo kito senantiasa bersyukur marang Allah SWT atas sedoyo nikmat-nikmat-ipun, lan berterima kasih marang sesame menungso ingkang sampun berbuat baik marang kito. Mugi-mugi Allah senantiasa maringi kito kekuatan lan hidayah, sehinggo kito saget dados tiang-tiang ingkang pandai bersyukur.

اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لأزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ

 بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم إنه هو الغفور الرحيم. 

Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ سيدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ, سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا ان الله يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور حليم. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يا رب العالمين. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. اللهم ثبت قلوبنا على دينك وطاعتك وشكرك وحسن عبادتك. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اللهم ادفع عنا الغلاء, والبلاء, والوباء, والفحشاء, وسوءَ الفتن ماظهر منها وما بطن عن بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر بلاد المسلمين عامة, يا رب العالمين. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

0 Response to "BERSYUKUR KEPADA ALLAH"

Post a Comment