ANGGOTA TUBUH PENYEBAB MASUK NERAKA

 

KHUTBAHJUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA

PENTINGNYA MENJAGA LISAN

Yang berhubungan dengan pentingnya menjaga anggota tubuh dari perbuatan maksiat, terutama anggata tubuh yang sering atau bahkan mudah sekali berbuat maskiat antara lain yaitu Lisan. Selain sering terjerembab ke lubangh kemaksiatan, engan lisan pula manusia berada pada derajat kemuliaan.

Rasulullah bersabda yang artinya : “Rasulullah ditanya oleh salah satu sahabat, “perkara apakah yang menyebabkan manusia mudah masuk ke dalam surga?” Rasulullah menjawab : “Taqwa kepada Allah dan menjalankan budi pekerti yang luhur.” Lalu sahabat bertanya lagi : “perkara apa yang memudahkan manusia masuk ke dalam neraka?” Rasulullah menjawab: “dua lubang, yaitu mulut dan farji.”


اَلْحَمْدُ لِلَّهِ, اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ لَهُ الْحَمْدُ كُلــُّهُ وَ لَهُ الـْمُلْكُ كُــلُّهُ وَ بِيَدِهِ الْخَيْرُ كُـلُّهُ وَ إِلَيْهِ يَرْجِعُ الْأَمْرُ كُلُّهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَاإِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ فِيْ ذَاتِهِ وَ أَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ مَخْلُوْقَاتِهِ أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى أَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ الْـمُقْتَدِيْنَ بِهِ فِيْ كُلِّ حَالَاتِهِ. أما بعد: فَيَا عِبَادَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى, فَقَالَ اللهُ عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَ مَنْ يُطِعِ اللهَ وَ رَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah..

Monggo kito sedoyo sareng-sareng ningkataken takwa kito dhateng Allah kanti nglampahi punopo ingkang dados printahipun soho nebihi sedoyo ingkang dados cecegahanipun. Langkung-langkung kito sedoyo kedahipun anjagi pinten-pinten anggoto kito supados mboten nglampahi perkawis ingkang andadosake bendunipun Allah awit saking pucuking rekmo ngantos delamakan suku kekalih. Sebab sedanten wau inggih nikmat ingkan kedah dipun syukuri kanti angginaaken minongko ngabekti soho nglampahi perkawis ingkang pinuji. Mboten nglampahi laku dhuroko soho laku ingkang ndadosaken rusaking dunyo.

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah..

Magayutan pentingipun hanjagi anggoto ingkang tinerap wonten rogo kaulo lan panjenengan sedoyo supados nebihi maksiat, utaminipun anggoto ingkang angge-gampil soho gampil sanget anggenipun mlesetaken manungso dateng jurang kemaksiatan. Inggih tutuk utawi kawastanan lisan. Hananging kejawi perkawis kolowahu, lisan puniko ugi saget andadosaken luhuring derajat menawi manungso kolo wahu saget anggenipun ngrekso.

Dawuhipun kanjeng nabi Muhammad

سُئِلَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَكْثَرَ مَا يُدْخِلُ الْجَنَّةَ قَالَ تَقْوَى اللهِ وَ حُسْنُ الْخُلُقِ قَالَ وَ مَا أَكْثَرَ مَا يَدْخُلُ الَّنارَ قَالَ الْأَجْوَفَانِ اَلْفَمُّ وَالْفَرْجُ

Artosipun: “Rasulullah dipun suwuni pirso, punopo perkawis ingkang katah manjingaken dateng suwargo? Rasulullah dawuh: taqwa marang gusti Allah lan pakerti kang bagus. Shohabat matur malih : punopo perkawis ingkang katah manjingaken dateng neroko? Rasulullah dawuh: bolongan loro kang yoiku cangkem lan farji.”

Punopo lisan meniko sanget mbahayani tumpraping manungso dateng akhirat? Amargi lisan puniko gampil anggenipun tumindak ananging éwet utawi angel dipun kendaleni. Maksiyat lisan puniko mboten rekaos ugi mboten mbetahaken katahing tenogo soho ragat. Pramilo saking meniko, bahaya lisan langkung ageng tinimbang anggotho lintunipun.

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah..

Maksiyat lisan puniko katah sanget ing antawisipun ghibah, tegesipun angrasani liyan kanti perkawis ingkang andadosaken mboten sekecho dateng penggalih menawi tiyang kolo wahu mireng ucapan kolo wahu. Kanti teges gusti Allah nyegah ghibah langkung langkung Allah . Ngibarataken bilih ghibah puniko kados dene mangan bathangipun sapodho-podho. Allah Dawuh…

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِنَ الظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ إِثْمٌ, وَلَا تَجَسَّسُوْا وَ لَا يَغْتَب بَّعْضُكُمْ بَعْضًا أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَنْ يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ تَوَّابٌ رَحِيْمٌ

“He… Piro-piro wong kang iman, ngedohono siro kabeh ing perkoro akeh songko penyono. Saktemene setengah saking penyononiku duso. Lan siro kabeh ojo niti-niti celone liyan lan setengah saking siro kabeh ojo ngrasani setengah saking liyan. Opo salah sijining siro kabeh demen mangan daging piro-piro sedulur siro kabeh hale rupo bathang? Mongko siro kabeh ngroso jijik kelawan perkoro mahu. Lan podo taqwaho siro kabeh marang Allah. Saktemene Allah iku dzat kang akeh anggone nrimo taubat serto dzat kang welas asih.” (QS. Al- Hujarat: 12)

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah..

Mengenti ing zaman ingkang modern puniko, kito sedoyo kedah ngatos-atos anggenipun tumindak keranten maksiyat puniko sampun kaprah lan kadang kawis maksiyat puniko dipun tindaaken tanpo sadar. Contho ingkang gampil ingih katahipun ucapan-ucapan ingkang mengku sesengitan, ngino-ngino soho lintunipun ingkang dados wabah piranti elektronik utawi langkung kinaweruhan kanti aran media sosial. Wabah puniko katah ingkang anggegampil soho gampil kelampahan tumpraping menungso ngantos menungso kolo wahu kasupen bilih sedanten ingkang dipun lampahi puniko dipun catet dening malaikat. Pramilo kito sedoyo kedahipun ngugemi punopo ingkang sampun dipun dawuhaken kanjeng Nabi .

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَالْيَوْمَ الْلآخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُتْ

Artosipun: “Sing sopo wonge iman marang Allah lan dino ahir, mongko ngucapo perkoro kang bagus utowo wong mahu becik meneng.”

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا لَاتُلْهِكُمْ أَمْوَالُكُمْ وَلَا أَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللهِ وَمَنْ يَفْعَلْ ذَلِكَ فَأُولَئِكَ هُمُ الْخَاسِرُوْنَ. بَارَكَ اللهُ لِيْ وَ لَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اللآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah Kaping Kalih

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ 

0 Response to "ANGGOTA TUBUH PENYEBAB MASUK NERAKA"

Post a Comment