KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA
ASHORING MENUNGSO
Masjid Al-Manar, Dusun Mrico Desa Lebak kec/kab. Grobogan 2020
اَلْحَمْدُلِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ حَمْدًاكَثِيْرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيْهِ كُلَّ حَالٍ اَلَّذِى قَدْ اَوْجَبَ مِنْ نُوْرِهِ نُوْرًابِهِ عَمَّ الْهُدَى, اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ لَا نَبِىَّ بَعْدَهُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِﻥ النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ وَالرَّسُوْلِ الْعَظِيْمِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَّحَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ أَحْيٰى سُنَّتَهُ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. فَيَآأَيُّهَالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah,
inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi
sedaya awisanipun Allah, jalaran kanthi mekaten kita badhe pikantuk kabekjan
wiwit dunya dumugining akherat samangke.
Ing dinten punika kita sampun nilaraken wulan ingkang kathah rahmat lan
maghirahipun Allah inggih punika wulan suci Ramadhan. Wulan ingkang mungguhipun
Allah kangge nguji dhateng kawulanipun Allah anggenipun mujudaken kesabaran,
kejujuran lan keikhlasan inggih punika kanthi nindakaken shiyam Ramadhan.
Kanthi punika tiyang Islam ingkang kasil anggenipun nindakaken shiyam inggih
punika ingkang pikantuk derajat taqwa, la’allakum tattaqun.
Sahingga ing tanggal setunggal Syawal kawastanan Idul Fitri dinten ingkang
fitrah jalaran ing dinten punika Allah sampun paring pangapunten dhateng sedaya
dosa-dosa kawulanipun, sahingga melai setunggal Syawal tiyang-tiyang Islam
melai nanem lan makarya, nindakekan ngibadah dhateng Gusti Allah kanthi ingkang
langkung sae. Wulan syawal ugi kawastanan wulan peningkatan sedaya amal
ibadahipun dhateng Allah.
Shalat fardhunipun dipun sempunakaken, shalat sunnahipun dipun tindakaken lan
shalat jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid,
langgar lan mushala dipun makmuraken. Alquran dipun kaji, dipun udari makna lan
kandunganipun kangge pedomanipun gesang. Infaq lan shadaqahipun dipun
giyataken, shilaturakhimipun dipun lestantunaken, sahingga tansah rumaos rumaos
andhap ashor lan prasoja, gedhe athi lan cilik ing pamrih. Mekaten punika
mujudaken pikantuk kasil la’allakum tattaqun. Amargi taqwa boten namung lelamisan
ing lathi lan boten namung pengangen-angen, ananging iktiqad ingkang sampun
manggen ing athi dipun ucapaken kanthi lisanipun lan dipun tindakaken kanthi
amal ibadah. Mekaten punika pangerosan ideal wulan Syawal.
Ananging ingkang dados keprihatinan bilih wulan Syawal dados dinten lebaran,
inggih punika sampun lebar anggenipun nglerem hawa nafsu, sampun lebar
anggenipun nindaken shalat fardhu kanthi jam’ah, sampun bibar angggenipun
tindak ing majlis taklim, sampun bibar anggenipun tadarus Alquran, sampun bibar
anggenipun jihad, berjuang kangge jumbuhaken Islam minangka rahmatan lil alamin
kangge kemajengan umat Islam. Sahingga prasast sasampunipun mlebet ing wulan
Syawal sedaya tumindak sae dipun tilaraken sahingga masjid, langgar, musholla
dipun tilar dening umatipun, Alquran dipun tinggalaken, rukuh sajadah dipun canthelaken
lan sakterasipun.
Mangga kita muhasabah, ngitung-ngitung dhateng awak kita piyambak-piyambak,
sasampunipun kita tingkas nindakaken shiyam Ramadhan kados pundi anggen kita
ngabekti dhateng Gusti Allah nindakaken amal ibadah. Menawi akhir saking wulan
Ramadhan boten ningkat amal ibadahipun ananging malah mandhap, pramila
tiyang-tiyang dipun umpamikaken kados kewan ingon-ingon malah langkung asor
malih.
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيْرًا مِنَ الْجِنِّ وَاْلإِنْسِ, لَهُمْ
قُلُوْبٌ لَايَفْقَهُوْنَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لَايُبْصِرُوْنَ بِهَا وَلَاهُمْ
ءَاذَانٌ لَايَسْمَعُوْنَ بِهَا, اُولۤئِكَ كَاْلأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ وَأُلۤئِكَ هُمُ الْغَافِلُوْنَ
“ Lan satemene Ingsun dadekake kanggo isine neraka
Jahannam akeh-akehe sangka jin lan manungsa, dheweke padha duweni ati, ananging
ora digunakake kanggo mahami (ayat-ayate Allah) lan dheweke padha duweni mata
nanging ora digunakake kanggo ningali lan dheweke padha duweni kuping ananging
ora digunakake kanggo ngrungokake (marang ayat-ayate Allah). Dheweke iku kaya
dene kewan ingon-ingon malah dheweke luwih ashor, dheweke iku wong-wong kang
padha lali”. (QS. Al A’rof: 179)
Hikmah saking ayat punika:
1.
Akeh-akehe jin lan manungsa badhe mlebet ing neraka jahannam margi boten
saget ginakaken fungsi ati, mripat lan telingan kangge ningali perkawis ingkang
leres
2.
Manungsa ingkang boten saget ginakaken fungsi ati, mripat lan telingan
dipun umpamakaken kados kewan ingon-ingon, malah langkung asor malih.
Sajatosipun ngibadah dhateng Allah punika kedah dipun tindaken kanthi
istiqomah, inggih punika tansah ajeg syukur ningkat, kaleres ing wekdal
piyambak punapa sareng tiyang sanes, leres ing wekdal sela utawi wekdal sumpek,
leres ing wekdal sugih utawi miskin, leres ing wekdal sehat utawi sakit, leres
ing wekdal nem utawi sepuh. Islam punika agami terkhir ingkang dipun turunaken
Allah dhateng nabi Muhammad SAW.
Tiyang Jawi mastani agama inggih punika ageman, ageman ingkang resik, syukur
dipun gosok lan dipun paringi minyak wangi. Yektos badhe sekeca dipun agem tur
ambetipun ingkang wangi, luwes dipun pirsani. Kanthi mekaten punika agami Islam
menawi dipun tindakaken kanthi saestu yektos badhe dhatengaken kemaslahatan
dhateng pribadi, keluarga lan masyarakatipun. Ngibadah ugi kedah dipun
tindakaen kanthi ikhlas, inggih punika namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti
Allah. Ngibadah dhateng Allah ugi kedah dipun tindakaken kanthi sabar, amargi
sedaya tumindak manungsa mesthi wonten godha lan rubidanipun.
Tiyang Islam ingkang ngibadah kanthi istiqomah, ikhlas, sabar lan tawakal, yektos badhe dipun paringi katentreman ing ati, rumaos pikantuk perlindungan saking Gusti Allah, piyambakipun rumaos caket dhateng Allah. Sahinga tiyang ingkang mekaten punika badhe dipun paringi kanugrahan tanpa upami, boten saget dipun etang. Sahingga tiyang punika boten badhe supe tansah ngunjukaken raos syukur, kanthi tansah ningataken amal ibadahipun dhateng Allah.
Jalaran midherek ngendikanipun Rasulullah SAW, sinaosa sedaya gesangipun
manungsa punika dipun ginakaken kangge ngibadah yektos dereng saget kangge
bayar kanugrahanipun Allah SWT. Pramila mangga kita tansah ningkataken ibadah
kita dhateng Allah SWT, kaleres ibadah maghdhah lan ghairu maghdhaipun.
Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, lan mugi-mugi Gusti
Allah kersa bikak manah dhateng kawulanipun ingkang dereng insaf.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ
وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ.
أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ,
فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ
وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.
0 Response to "ASHORING MENUNGSO"
Post a Comment