MERAMAIKAN MASJID

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA

MERAMAIKAN MASJID / IMAROTUL AUQOT

Anak itu, jika tidak di wejang bisa menjadi PKI Lorrr... Semuanya akan dilandaskan pada logika berpikir rasional, walaupun semasa sekolah tdk pernah jadi juara. Sebagai orang tua kita wajib mengajarkan anak :

1.   Di dalam udara ada banyak hal. Yang 90% dalam bentuk Ghaib ini fungsinya untuk memenuhi kebutuhan hidup, termasuk rizki lancar dan kesehatan. Sedangkan yang 10% berupa non ghaib, adalah untuk memenuhi kebutuhan fisik tubuh kita.

Menurut pandangan dunia, teknologi yang ada sampai saat ini hanya mampu menjangkau yang 10 persennya saja. 10 % itu terdiri dari 21% Oksigen, 70% Nitrogen & sisanya adalah karbon.

2.   Kita juga perlu menanamkan pengetahuan sedini mungkin, kalau ingin mencari rejeki Gedhe itu ada di 5 tempat. (1) Gunung, (2) Hutan, (3) Lautan, (4) Hotel Mewah & (5) Masjid. Di situ duitnya banyak. Kemudian tubuh akan menangkap duit itu suka-suka. Kadang dengan cara berdagang, kadang juga dengan cara jadi pegawai, jadi guru atau jadi apapun. Yang penting ada ikhtiyar untuk menggapainya.

3.   Berkali-kali tanyakan kepada mereka, “Kamu percaya kepada Allah kan?” Ini point terpentignya, karena hari-hari di sekolah hanya diajarkan cara menggunakan logika saja. Bahaya memang, sehingga Tauhidnya bisa bertuhan kepada Otak persis PKI yang tidak percaya bahwa di dalam makanan terkandung unsur kekayaan & kemiskinan. Persis seperti PKI bahwa pada uang hanya bernilai tukar saja.

Kenapa ini perlu? Karena bagaimanapun anak-anak adalah penerus perjuangan bangsa  yang ke depan harus sakti. Bagaimana seseorang itu bisa sakti jika aqidahnya saja jongkok???. Sampai kiamat 7 kali pun tidak akan bisa sakti.

Anak-anak kita harus diajari keimanan yang kuat Lorrr... Biar sakti. Sakti disini maksudnya adalah imannya tidak mudah goyang walaupun kondisi sedang terkoyak sekalipun... Modalnya hanya demi mendapat ridho Allah hanya ini soale yang diutuhkan oleh manusia sebagai makhluk berkeTuhanan.

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ ونفسى بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah

Boten wonten wasiat ingkang langkung utami kejawi wasiat iman lan taqwa dhateng Allah. Iman ingggih punika keyakinan ing sak lebetipun manah, lan taqwa punika nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Kanthi punika iman dados dasaripun, lan taqwa punika wujudipun. Iman lan taqwa boten saget dipun pisahaken. Iman kedah kanthi amal, iman boten namung keyakinan ing salebetipun manah kemawon, Ananging kedah dipun ikraraken kanthi lisan lan dipun jumbuhaken kanthi amal ibadah.

Mujudaken iman lan ngathah-ngathahaken amal ibadah saget dipun jumbuhaken wonten ing dalem panggenan kagem sujud inggih punika wonten ing dalem masjid, Slanggar lan musholla. Allah SWT sampun dawuh:


إِنَّمَا يَعْمُرُ مَسَاجِدَ اللهِ مَنْ آمَنَ بِاللهِ وَالْيَوْمِ اْلآخِرِ وَأَقَامَ الصَّلَوةَ وَءَاتَى الزَّكَوةَ وَلَمْ يَخْشَ إِلَّا اللهَ, فَعَسَى أُولَئِكَ أَنْ يَكُوْنُوْا مِنَ الْـمُهْتَدِيْنَ

“Kang kudu ngramekake masjid-masjide iku mung wong-wong kang padha iman marang Allah lan dina akhir sarta tetep njumenengake salat, maringake zakat lan ora wedi (marang sapa bae) kejaba marang Allah, mula hiya dheweke kabeh kuwi wong-wong kang diarepake kalebu golongane wong-wong kang padha oleh pituduh”.(QS. Attaubah: 18)

Ayat punika nedahekan bilih among tiyang-tiyang iman ingkang makmuraken masjid, tentu kemawon anggenipun makmuraken inggih gumantung kalian kadar kemampuanipun. Saget kanthi ilmunipun, kanthi tenaganipun utawi kanthi bandhanipun.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah

Menawi kita pirsani, kathah masjid slanggar lan musolla nanging jemaahipun namung sekedhik, malah prasasat sinaosa punika panggenan ingkang sifatipun umum, namung kados-kados namung dados milik setunggal utawi kalih tiyang kemawon. Mekaten punika amargi ing dalem jema’ah shalat gangsal wekdal ingkang adzan inggih tiyang punika, ingkang puji-pujian inggih tiyang punika ingkang kamad inggih tiyang punika malah ingkang dados imam inggih piyambakipun.

Kangge mujudaken masjid ingkang sae wonten tigang perkawis:

ü   Bidang Idaroh inggih punika kegiatan kagem ngupakara masjid ingkang kedah dipun tindakaken dening tiyang kathah. Amargi masjid punika boten namung kagem shalat gangsal wekdal kemawon, nanging masjid ugi kagem pusatipun pendidikan, pelayanan kesehatan, santunan fakir miskin, panggenan kagem musyawarah, ngempalaken dana umat saking zakat, infaq lan shadaqah. Kanthi mekaten boten saget dipun upakara dening setunggal utawi tiyang kalih kemawon. Amargi saget ngalitaken fungsinipun masjid.

ü   Bidang Imaroh, supados masjid punika tambah regeng kedah dipun wontenaken kegiatan, upanipun gerakan shalat jama’ah gangsal wekdal, Majlis Taklim, TPQ, Madrasah Diniyah, Perpustakaan, Sunatan Masal, Pengetan Hari Besar Islam lan sanes-sanesipun.

ü   Bidang Ria’yah, inggih punika ngawontenan pembangunan, rehap lan ngupakara masjid.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah

Kanthi mekaten sampurnaning masjid, langgar lan mushola punika kedah dipun kantheni kalian ngawontenaken kegiatan ing masjid lan ngupakara masjid ngengingi kebersihan ing dalem masjid lan lingkunganipun. Sinaosa sampun wonten takmir masjid, nanging sedaya jema’ah supados dados jema’ah ingkang aktif lan mandiri. Wonten ing masjid sedaya jema’ah kedah dados pelayan kagem pribadinipun lan tiyang sanes. Upaminipun menawi mlebet ing wc, kedah saget mujudaken kebersihan, sasampunipun bebucal kedah dipun siram ngantos ambetipun ical. Punapa malih menawi mlebet ing salebetipun wc ketingal kotor lan mambet inggih kedah ngicaleken kotoran lan ambet punika. Semanten ugi menawi bucal sampah wonten ing bak sampah lan saterasipun.

Syukur malih menawi masjid saestu saget maringi manfaat dhateng kebetahanipun masyarakat. Wonten fakir miskin, lare yatim saget dipun santuni, jema’ah ingkang sakit dipun bantu mertambanipun, wonten jema’ah ingkang betah modal usaha saget dipun bantu kalian koprasi utawi kanthi zakat produktif, wonten pengaosan kagem para lare, remaja lan tiyang dewasa lan sepuh. Prasasat sedaya kebetahan masyarakat saget dipun sembadani. Masjid boten namung mikiraken perkawis akhirat kemawon, nanging perkawis kadunyan ugi penting. Amargi kathah tiyang Islam ingkang dados murtad lantaran ekonomi lan saterasipun.

 

Kanthi mekaten kangge mujudaken masjid ingkang sampurna dados tanggel jawab sedaya tiyang Islam. Pramila mangga kita sami fastabiqul khairat, unggul-unggulan ing perkawis kesahenan. Umat Islam ingkang saget mujudaken amal nyata lan Insya-Allah Islam minangka rahmat dhateng sedaya alam, saget kasembadan, amin.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

 

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

 

0 Response to "MERAMAIKAN MASJID"

Post a Comment