NULADANI SIFAT RASULULLAH SAW

Nuladhani Sifat Utami Nabi Muhammad 

الحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالهُدَى وَدِيْنِ الحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ المُشْرِكُوْنَ أَشْهَدُ أَنْ لاإِلهَ إِلا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ ! اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاتَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Sumangga kito sami hangaturaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah , awit Alah sampun maringi pinten-pinten kanikmat dhateng kito lan kito wajib bersyukur dhateng Allah . Sholawat tuwin salam, mugi Allah kerso maringaken dhumateng nabi agung Muhammad , dateng keluarganipun, para shahabat, lumeberipun dateng sedaya umatipun. Salajengipun, sumangga kita tansah ambudidaya supados tansah nambahi iman lan taqwa kita dhateng Allah , kanthi saleres-leresipun taqwa twin nebihi sedaya awisanipun agami.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Ing dinten jumat menika , kita taksih wonten ing salebeting wulan maulid . Wulan wiyosanipun panutan kita Nabi Muhammad . Pramilo utami sanget , wonten ing khutbah jumat sakmeniko, kulo ngajak dhateng poro jamaah hamengeti sekedik dhateng ahklaq lan kapribadenipun kanjeng Nabi Muhammad , ingkang maksudipun saperlu dados kaca benggala kagem kito sedoyo.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Menawi kita maos wonten ing lembaraning sejarah kathah poro winasis ingkang kasengsem dhateng kesuksesan Nabi Muhammad . Punapa sebabipun panutan kita Nabi Muhaamad saged sukses wonten ing perjuanganipun ?. Menawi kita selidiki wonten sekawan sifat Nabi Muhammad ingkang utami , ingkang saged ndadosaken kesuksesanipun kangjeng Nabi Muhammad

Ingkang sepindah : Panutan kita kanjeng Nabi Muhammad saestu anggadahi iman ingkang kiyat , ingkang mbalung sungsum. Menawi gadhah iman ingkang kiyat, namung badhe ajreh dateng Allah saha namung badhe nyuwun pitulungan dateng Allah . Iman ingkang kiyat saged nuwuhaken kapribanden lan watak ingkang gagah berani ananging anggadahi sopan santun , unggah – ungguh dateng sesami manungsa.

Allah Paring dawuh wonten ing kitab suci alquran Surat al Nahl 06: “Lan atine tentrem, jalaran kasimpen ana ing kalbune iman kang kuwat  Kanhti iman ingkang kiyat, Kanjeng Nabi Muhammad , mboten sedih dipun cacat, dipun ece. Panjenganipun gadhah keyakinan bilih Allah badhe tansah paring reksa woten ing pundi kemawon Lan wonten ing sedaya kawontenan.

Kekiyatan imanipun Kanjeng Nabi Muhammad saged nuwuhaken watak lan kaprinaden ingkang teguh, ulet. Mboten badhe gampil kenging pengaruh ingkang awon lan tansah anjagi kehormatan agami.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Ingkang kaping Kalih : Kanjeng Nabi Muhammad saw anggadahi akhlaq ingkang mulya , ingkang dados uswah khasanah . Allah Paring dawuh wonten ing kitab suci alquran Surat al ahzab 21 :

“ Satemene ana ing pribadinipun Rasulullah saw iku dadi conto / tuladha kang becik tumrap sira kabeh “

Rasuluulah andhap ashor, ramah-tamah, kadhang–kadhang panjenenganipun ugi gegojegan kalian para sahabatipun. Panjenganipun kersa lelenggahan kalian tiang fakir miskin , yatim piatu. Panjenenipun mboten purun dipun puji-puji, gesang sederhana , prasaja. Panjenenganipun Rosulullah saw mboten nate ngece saha nyepelekaken tumanduk dateng sinten kemawon, senajan dateng mengsahipun.

Sayyidah Aisyyah , Ummul mukminin ra, nate ngendika : “Akhlak budi pekertinipun Rasullulah , inggih punika Alquran “ (Hadist Riwayat Bukhori )

Tegsesipun , sedaya tuntunan akhlaq ingkang wonten alquran dipun ngamalaken sedaya dening panutan kita Kanjeng Nabi Muhammad . Jalaran aklaq ingkang sae lan mulya badhe nuwuhaken gesangipun manungsa saged terhotmat menggahing masyarakat saha menggahing Allah .

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Ingkang kapinh tiga : Kanjeng Nabi Muhammad tansah gegondhelan namung dateng Al quran. Allah Paring dawuh wonten ing kitab suci alquran Surat ali imran 101 : “Sing sapa gondelan agamane Allah , sayekti deweke iku bakal dituduhake dalan kang bener “

Sedaya tumindakipun Kanjeng Nabi Muhammad saha pejah gesangipun kanthi dasar alquran. Rikala mimpin umatipun Kanjeng nabi Muhammad saw tansah gegondhelan kitab suci alquran. Panjenenganipun dandosi umatipun lan paring tuntunan caranipun ambangun bale griya ugi sarana alquran . Ngantos dumugi bebrayan gesang ing masyarakat , cara ambangun negari , ugi sarana dasar alquran.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Ingkang kaping sekawan : Ing sedaya tumindak perjuanganipun , Kanjeng Nabi Muhammad , tansah adhedasar ngupados ridhanipun Allah . Allah Paring dawuh wonten ing kitab suci alquran Surat al Lail 20-21 : “Kajaba anggone nindakake kabecikan mung golek karidhaning Allah , Pangerane Kang Maha luhur . Lan dhewekw ing nembe mesthi bakal anemoni karidhaning Allah“.  Nyambut damel , dagang, angon mendo, ngolah sawah , berah lan sanes- sanesipun kangge pados ridhanipun gusti Allah. Supados manungsa pikantuk taufiq lan hidayah saking Allah .

Mugi-mugi Allah paring kekiyatan dateng kita sedaya, supados saged nuladha sifat – sifat utami kanjeng nabi Muhammad . Lan mugi- mugi , kita sedaya kalebetna tiyang ingkang taqwa, lan gesangipun manfaat dateng masyarakat , bangsa lan agami, tuwin wilujeng donya akhirat.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الُمْسِلِمْينَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ فَيَا فَوْزَ المُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْن

 

KUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

0 Response to "NULADANI SIFAT RASULULLAH SAW"

Post a Comment