MENYAMBUT BULAN MUHARROM 1444 H

 

KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA

MENYAMBUT DATANGNYA BULAN MUHARRAM 1444 H

MASJID AL-MANAR MRICO TENGAH KECAMATAN GROBOGAN

TAHUN 2022

   اَلْحَمْدُ للهِ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِأَدَاءِ الشّرَائِعَ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ السَّمِيْعُ الْبَدِيْعُ. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّمِعُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وقال تعالى اِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًاۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌۢ بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Puji syukur dhateng Allah ingkang sampun maringi maneko warno kanikmatan dhumateng kito sedoyo sahinggo kito saget netepi panggilanipun kangge nindakaken sholat jumat. Nikmat ingkang kita pikantuk menika kedah dipun ginakaken kangge netepi syariat ingkang sampun dipuntetepaken. Sholawat soho salam tansah kito aturaken dhumateng junjungan kito Nabi Muhammad , ugi poro kulowargap, sahabat, soho sedoyo umatipun.



Ing dinten ingkang mirunggan punika sumangga kita ningkataken taqwa dhumateng Allah swt. Amargi tiyang ingkang paling mulya ing ngarsanipun Allah punika tiyang ingkang paling taqwa. Tambah taqwa iki penting banget kanggo kita tindakake nganggep minangka bekal sing kudu kita tindakake mengko ing akherat.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Wkdal namung lumampah tanpo kito sadari. Hananging, kita rumahos mboten saged migunakake wekdal puniko kanthi sak saheneipun. Saben dinten kito ngliwati wekdal kanthi maneko warno keluputan. hananging, hal puniko kito anggep biasa mawon tanpo nyubi kagem ndandosi kesahenan ing mongso kasebat. Sekedhap malih kito badhe medal saking pungkasan taun iki, lan bakal madhep marang taun anyar, kito kedah mersani punopo engking sampun kito tindake lan ngerancang perbaikan ing mangsa ngajeng. Allah paring dawuh ingdalem surat Al-Hasyr ayat 18 :

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ

"He wong-wong kang padha iman, padha wediho marang Allah lan saben wong kang podho nggatekake opo kang wus ditindakake kanggo besuk (akhirat), lan becik taqwaho marang Allah, satemene Allah iku Maha Wigati marang opo wahe kang siro padha nglakoni." 

 Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Menawi kito sedoyo lepat, kito saged nyuwun pangapunten. Paring pangapuro mboten ateges supe. Pangapunten minongko langkah pisanan kagem nambah langkah salajengipun kagem napaki ing mongso engkang badhe dhateng. Sebab menikolah wiwit saah puniko kito kedah siyap-siyap pasang ancang-ancang.

Amargi, saat puniko engkang wonten ing sangajenging netro paningal kito, kito mboten saged nyingkiri. Remen utawi mboten, mongso engkang badhew dhateng samangke kedah kito adhepi kantisak sahe-sahenipun. Kita kedah nyiapake masa depan. Persiapan kangge masa depan diwiwiti kanthi mersani nopo engkang kedah dipun tambahake saking jaman kepungkur lan jaman engkang kito adhepi sakmeniko.

Masa depan ingkang dipun maksud ing ayat kasebut mungguh poro Ulama’ nun inggih dinten akhirat. Akherat puniko mboten saged dipun uculake kaliyan ndunyo miniongko jembatanipun.

اِعْمَلْ لِدُنْيَاكَ كَأَنَّكَ تَعْيْشُ أَبَدًا وَاعْمَلْ لِآخِرَتِكَ كَأنَّكَ تَمُوْتُ غدًا

"Uripo kanggo dunyamu kaya-kaya kowe bakal urip saklawase, lan gaweha becik kanggo akhiratmu kaya-kaya mbesok kowe bakale mati."

Panggaweyan kang katon kadonyan yen dipun tindakake kagem nepaki daya ngibadah uga kalebet ngibadah kang anggadahi nilai akherat. Salajengipun, kapan wekdal kito ing akhirat? Kito mboten mangertosi kapan pesthine, hananging ing ngendi, lan ing kahanan nopo ingkang nami mati mesthi bakale tumeko. Puniko sampun dipun Dawuhaken dening Allah ing surat Luqman ayat 34

:   اِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًاۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌۢ بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ

"Satemene mung ana ing ngarsane Allah kang nguningani dino kiyamat, lan Panjenengane kang nurunake udan, sarto nguningani opo kang ono ing guwo-garbo, lan ora nonon kang biso ngerteni opo kang bakal ditindakake besuk. nguningani ing bumi endi wong mau bakal mati, satemene Allah iku Maha Wicaksana lan Maha Pirsa."

Rasulullah sampun ngimutaken dhateng kito supados kita ngginakaken wekdal ingkang sae.

اغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ: شَبَابَكَ قَبْلَ هِرَمِكَ، وَصِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ، وَغِنَاءَكَ قَبْلَ فَقْرِكَ، وَفَرَاغَكَ قَبْلَ شُغْلِكَ، وَحَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ

Tegese: “Gunakake limang perkara sadurunge teka limang perkara; enom-mu sadurunge tuamu, sehat sadurunge lara, sugih sadurunge mlarat, luang sadurunge sibuk lan urip sadurunge mati." (HR. Al Hakim)

Mila, kita kedah gunakke wekdal engkang sampun dipun paringaken dhateng kito. Mboten sanes kejawi supados kita saestu siyogo ngadep Allah kanthi  mbekto ketaqwaan ingkang saben dinten kita tindaki. Mugi-mugi Allah swt paring kekiyatan soho kalodhangan wekdal supados kita saget ningkataken ketaqwaan ing masa depan supados kita saged ngadep Allah swt kanthi husnul khatimah. Amin ya Robbal ‘alamin.

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ. أَمَّا بَعْدُ.

فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ

 

0 Response to "MENYAMBUT BULAN MUHARROM 1444 H"

Post a Comment