KEMULIAAN MALAM NISFU SYA'BAN

KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA

MALAM NISFU SYA’BAN

Jum’at Legi, 26 Maret 2021

Dipun sebat Sya’ban, kranten wulan engkang cabang-cabangipun kesaenan kathah sanget. Makno lintunipun, Sya’ban musytaq saking Syi’b, ateges dalan erenge gunung utawi dalan kesaenan. Salah setunggalipun faktor engkang andadosaken wulan Sya’ban meniko utami, jalaran wonten ing wulan meniko sedoyo amal kitho dipun laporaken dateng Alloh swt. Hinggo Kanajeng Nabi Muhammad remen siyam wonten ing wulan meniko.

 عَنْ أًسَامَةَ ابْنِ زَيْدٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمَا قَالَ: قُلْتُ يَا رَسُولَ اللَّهِ لَمْ أَرَكَ تَصُومُ شَهْرًا مِنْ الشُّهُورِ مَا تَصُومُ مِنْ شَعْبَانَ قَالَ ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَب وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ (رواه النَّسَائي(

Saking Usamah bin Zaid radhiyallahu ‘anhuma, dewekne dawuh: “Aku matur: “Ya Rosululloh, kulo mboten nate sumerap panjenengan poso wonten ing wulan engkang kados poso panjenengan wonten wulan Sya’ban meniko.” Lajeng panjenenganipun dawuh: “Sya’ban iku wulan kang dilalekne poro manungso kang manggone ono antarane Rojab lan Romadhon. Yo iku wulan kang ono wulan iku kabeh amale manungso dilaporake marang Alloh. Aku seneng menowo amalku dilaporake sedeng aku pas wancine poso.” (HR. Nasa’i).

 


اَلْخُطْبَةُ الأُولَى

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارْ. اَلْعَزِيْزِ الْغَفَّارْ. مُكَوِّرِ اللَّيْلِ عَلَى النَّهَارْ. تَذْكِرَةً لِأُولِى الْقُلُوْبِ وَالْأَبْصَارْ. وَتَبْصِرَةً لِّذَوِي الْأَلْبَابِ وَالْإِعْتِبَارْ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِٰلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهْ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ  نُوْرِ الْأَنْوَارْ. وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ الْأَطْهَارْ.

أَمَّا بَعْدُ فَيَآأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ. فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى وَخَابَ مَنْ طَغَى.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Supados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Alhamdulillah, wekdal puniko kitho manggen wonten ing wulan Sya’ban, engkang ateges soyo caket dateng wulan Romadhon. Posisi wulan Sya’ban engkang kecepit wulan Rojab lan Romadhon, meniko andadosaken Sya’ban kawon populeripun kalian kekalihipun. Ngantos Kanjeng Nabi ngecap wulan meniko wulan engkang dipun “LALEAKEN”. Kados sabdonipun:

ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ   (رواه النسائي(

“(Sya’ban) iku wulan kang dilaleake poro manungso, kang manggon ing anatarane wulan Rojab lan Romadhon.” (HR. An-Nasa’i)

Wonten ing kitab مَاذا فى الشعبان, karyanipun Sayyid Muhammad bin Alawi Al-Maliki nyebataken tigang peristiwa penting, sak lintunipun malem Nishfu Sya’aban, engkang ngrubah beragamanipun tiyang muslim nun inggih:

1.        Pindahipun Kiblat تَحْوِيْلُ القِبْلَةِ Pindahipun kiblat saking Masjidil Aqsha dateng Masjidil Haram meniko dumawah wonten ing wulan Sya’ban. Pindahipun kiblat meniko setungalipun perkawis engkang sanget dipun ajeng-ajeng Kanjeng Nabi Dipun riwayataken, bilih Kanjeng Nabi saben dinten ngadek ndangak ningali langit nenggo temurunipun wahyu. Lajeng Alloh ngabulaken pengarep-arep ipun Kanjeng Nabi kanthi nurunaken Surat Al-Baqarah ayat 144:

قَدْ نَرَىٰ تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِي السَّمَاءِ ۖ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضَاهَا ۚ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۚ وَحَيْثُ مَا كُنتُمْ فَوَلُّوا وُجُوهَكُمْ شَطْرَهُ ۗ وَإِنَّ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ لَيَعْلَمُونَ أَنَّهُ الْحَقُّ مِن رَّبِّهِمْ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ

2.        Penyerahan Rekapitulasi Sedoyo Amal dateng Allah رَفعُ الأَعْماَلِ Salah setunggalipun faktor engkang andadosaken wulan Sya’ban meniko utami, jalaran wonten ing wulan meniko sedoyo amal kitho dipun laporaken dateng Alloh swt. Hinggo Kanajeng Nabi Muhammad remen siyam wonten ing wulan meniko.

 عَنْ أًسَامَةَ ابْنِ زَيْدٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمَا قَالَ: قُلْتُ يَا رَسُولَ اللَّهِ لَمْ أَرَكَ تَصُومُ شَهْرًا مِنْ الشُّهُورِ مَا تَصُومُ مِنْ شَعْبَانَ قَالَ ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَب وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ (رواه النَّسَائي(

Saking Usamah bin Zaid radhiyallahu ‘anhuma, dewekne dawuh: “Aku matur: “Ya Rosululloh, kulo mboten nate sumerap panjenengan poso wonten ing wulan engkang kados poso panjenengan wonten wulan Sya’ban meniko.” Lajeng panjenenganipun dawuh: “Sya’ban iku wulan kang dilalekne poro manungso kang manggone ono antarane Rojab lan Romadhon. Yo iku wulan kang ono wulan iku kabeh amale manungso dilaporake marang Alloh. Aku seneng menowo amalku dilaporake sedeng aku pas wancine poso.” (HR. Nasa’i).

3.           Temurunipun Ayat Anjuran Mahos Sholawat dateng Rasulullah

شَهْرُ الصَّلَاةِ عَلَى النَّبِيِّ Wonten ing wulan Sya’ban ugi dipun turunaken ayat anjuran sholawat dateng Kanjeng Nabi Muhammad saw:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Pramilo mboten salah, menawi wulan Sya’ban dipun sebat wulan sholawat. Kranten wonten ing wulan Sya’ban ayat anjuran sholawat dateng Kanjeng Nabi temurun.

Ma’asyiral muslimin hafidhakumullah…

Ing wulan Sya’ban wonten setunggal malem engkan dipun agungaken, dipun berkahi, lan dipun mulyaaken, inggih meniko malem Nishfu Sya’ban utawi malem tanggal 15 Sya’ban (insyaalloh dumawah wonten Ahad malam Senin 29 Maret 2021).

Wonten ing malem kasebat, Alloh “mandap” nyelak dateng kawulo-kawulonipun kanthi paring maghfiroh, rohmat, ngabulaken dungo, ngicalaken kesisahan, mbebasaken sebagian golongan saking neroko, lan nulis rizki ugi amal. Rosulallah Muhammad dawuh:

إِنَّ اللَّهَ لَيَطَّلِعُ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ، فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ. (أخرجه ابن ماجه(

“Temen Alloh ono malem Nishfu Sya’ban mrikso (mersani amalane poro kawulo). Banjur Alloh pareng pangapuro marang kabeh kawulone, sakliyane wong musyrik lan wong kang ekeran karo sedulure.” (HR. Ibnu Majah)

Malem Nishfu Sya’ban anggadahi sebutan engkang kathah sanget. Meniko nedahaken mulyonipun malem Nishfu Sya’ban. Ing antawisipun:

1.        Malem engkang dipun berkahi        اللَّيْلةُ الـمُبَارَكةُ

2.        Malem pembagian rizqi ugi penetapan takdir    لَيْلَةُ الْقِسْمَةِ

3.        Malem penghapusan doso    لَيْلَةُ التَّكْفِيْرِ

Wonten malem Nishfu Sya’ban Allah ngapuro doso setahun, wonten malem Jum’at ngapuro doso seminggu, lan wonten malam Qodr ngapuro doso  sak umur.

4.           Malem ijabahipun dungo لَيْلَةُ الإِجَابَةِ

Ibnu Umar ra. ngeriwayatken, wonten gangsal malem engkang mustajab, ing antwisipun malem Nishfu Sya’ban

5.        Malem gesang ugi malem riyoyone Moloikat لَيْلَةُ الحَيَاةِ ولَيْلَةُ عِيْدِ الـمَلَائكَةِ

Malem Nishfu Sya’ban meniko dinten riyoyo nipun malaikat lan piyambakipun mboten sare sewengi muput.

6.        Malem syafaat (pitulungan)     لَيْلَةُ الشَّفَاعَةِ

7.        Malem pembebasan ugi malem pengakuan ampunan لَيْلَةُ الْبَرَائَةِ وَلَيْلَةُ الصَّكِّ

8.        Malem pareng hadiah لَيْلَةُ الْجَائِزَةِ

9.        Malem ampunan      لَيْلَةُ الْغُفْرَانِ

Wondene caranipun ngurep-ngurep malem Nishfu Sya’ban menggahipun ulama’ Syam wonten kalih pendapat:

1.   Dipun sunnahaken ngurep-ngurep kanthi ngathah-ngathahaken ibadah sarono berjamaah wonten masjid.

2.   Dipun makruhaken kempal sareng ngurep-ngurep kanthi ibadah wonten masjid. Mboten makruh menawi dipun tindaaken piyambak-piyambak wonten griyo. (Ma Dza fi Sya’ban)

Mugi-mugi kitho kalebet golonganipun tyang-tyang engkang mboten niyak-niyaaken mulyonipun wulan Sya’ban wabil khusus malem Nisgfu Sya’ban meniko, senaoso ngayahi kesibukan duniawi engkang kathah sanget. Aamin

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين. وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ. أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ: وَسَارِعُوْا اِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّموَاتُ وَالْاَرْضُ. أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَ.

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.

أَلْخُطْبَةُ الثَّانِيَّةُ

أَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا   أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى. يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ. وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِىٍّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزِّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ. وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَائَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ارْفَعْ وَادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالْغَلَاءَ وألطَّاعُوْنَ وَقَرَنَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً. يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

 


0 Response to "KEMULIAAN MALAM NISFU SYA'BAN"

Post a Comment