KHUTBHA JUM’AT BAHASA JAWA
KEUTAMAAN PUASA
Alloh swt sampun
ngendiko ngengingi wajibipun siyam:
يَأَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن
قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ. أَيَّامًا مَعْدُوْدَاتٍ…
“He eling wong kang podo iman, diwajibne marang siro kabeh poso koyo olehe diwajebne marang wong-wong kang sak dirunge siro kabeh, supoyo siro kabih taqwa marang Alloh. Yo iku ono ing dino-dino kang wus ditentuake wilangane…..” (Al-Baqoroh: 183)
Kasebat wonten kitab
Taurot lan Injil, bilih kaum Yahudi zaman rumiyen sami nindaaken siyam sedinten
sedalu, mboten dahar lan ngunjuk kejawi namung sepindah. Kaum Nasroni zaman
rumiyen, pendito-pendito nipun sami andamel aturan siyam piyambak-piyambak.
Wonten engkang siyam daging (tarak daging), wonten engkang siyam ulam (tarak
iwak). Wonten engkang siyam tigan (tarak telur), lan ugi wonten engkang siyam
supados berhala engkang dados sesembahanipun mboten bendu utawi murko. Alhasil,
sedoyo agami ngakeni kesaenanipun siyam. Mung mawon toto coronipun engkang
benten-benten.
أَلصَّوْمُ
عِنْدَ الشَّرْعِ إِمْسَاكٌ عَنْ مُفْطِرٍ بِنِيَّةٍ مَخْصُوْصَةٍ جَمِيْعَ
نَهَارٍ
“Siyam
miturut syara’ enggih puniko nilar dahar lan ngunjuk tuwin sedoyo perkawis
engkang mbatalaken, milai medal fajar shodiq (shubuh) ngantos surupe srengenge
(maghrib) kanthi niyat siyam.”
اَلْخُطْبَةُ الأُولَى
اَلْحَمْدُ
ِللَّهِ الَّذِى أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْـمَانِ وَاْلإِسْلاَمِ,
وكَتَبَ عَلَيْنَا الصِّيَامَ اَلَّذِى هُوَ رُكْنٌ مِنْ أَرْكَانِ اْلاِسْلاَمِ,
أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً
أَدَّخِرُهَا لِيَوْمِ الزِّحَامِ, وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلدَّاعِى بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّلاَم.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وعَلَى آلِه
وأصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ.أمَّا بعْدُ, فيَا أَيُّهَا النَّاسُ
اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الأَثَامِ تَدْخُلُوْا
جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِسَلاَمٍ, وَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى يَاأَيُّهَا
الَّذِينَ ءَامَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ
مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Ma’asyirol muslimin, rohimakumulloh
Monggo sareng-sareng kito
ningkataken taqwalloh kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi
sedoya awisan-awisan-Ipun sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho
kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun. Alhamdulillah, kitho taksih
dipun takdiraken pepanggihan kalian Sayyidusy Syuhur nun
inggih wulan Romadhon. Wulan agung, wulan berkah, ganjaran amal dipun
tikelaken, ibadah sunnah karéken ibadah wajib, ibadah wajib setunggal karéken
70 ibadah wajib. Wulan panggenanipun lailat al-Qodr, sedoyo ketaatan
dipun tampi, sedoyo dungo dipun sembadani, doso-doso dipun ampuni, lawang
suwargo dipun bikak, lawang neroko dipun tutup. Ing sak lebetipun wulan
Romadhon wonten ibadah kaleh ingkang mbedani kalian wulan-wulan sanesipun,
yakni poso wajib tuwin sholat tarawih.
Kanjeng Nabi Muhammad
nampi perintah siyam Romadhon meniko wonten wulan Sya’ban tahun kalih
hijriyyah. Lajeng wonten tahun meniko Kanjeng Rasul ﷺ lan poro shohabat sami
nindaaken siyam Romadhon. Miturut qoul masyhur, Kanjeng Nabi menangi wulan
Romadhon 9 (sangang) ambalan. Engkang umuripun 30 dinten meniko namung
setunggal Romadhon. Ingkang 8 Romadhon umur ipun 29 dinten.
Ma’asyirol muslimin, rohimakumulloh
Sulthonul
‘Ulama’ ‘Izzuddin Abdul Aziz Ibn Abdis Salam As-Sulami wonten ing
kitabipun, Maqoshidush Shoum, nyebataken keutamaanipun siyam, ing
antawis ipun:
1.
Ngeluhuraken derajat رَفْعُ
الدَّرَجَاتِ
Wonten hadits-hadits dipun sebataken, bilih wenawi
wulan Romadhon dugi lawangipun langit dipun bikak, lawangipun neroko dipun
tutup, tuwin syetan-syetan dipun blenggu utawi dipun bondo. Lawang royyan (lawangipun
suwargo) namung bade dipun lebeti tiyang engkang nindaaken siyam. Gondo
basinipun tiyang engkang siyam langkung wangi tinimabang wanginipun minyak
kasturi. Malaikat sami nyuwunaken rahmat soho maghfiroh dateng tiyang engkang sami
nindaaken siyam naliko ngadepi jamuan makan, sedeng piyambakipun tetep siyam.
2. Nglebur doso kesalahan تَكْفِيْرُ
الْخَطِيْئَاتِ
Kanjeng Nabi dawuh:
وَرَمَضَانُ إلَى رَمَضَانَ؛
مُكَفِّراتٌ مَا بَيْنهُنَّ إذَا اجْتَنَبْتَ الكْبَائِرَ (أخرجه أحمد(
“Romadhon teko Romadhon maneh, iku biso ngebur doso
antarane, yen siro ngeduhi doso gede.” HR. Ahmad
3.
Ngancuraken nafsu
syahwat
كَسْرُ الشَّهَوَاتِ. فَإنَّ الْجُوْعَ وَالظَّمَأَ
يُكَسِّرَانِ شَهْوَةَ الْمَعَاصِى
Luwe
lan ngelak iku biso mecah utowo nyegah syahwate maksiat
4.
Dorong
ngathah-ngathahen sedekah
تَكْثِيْرُ الصَّدَقَاتِ
Tyang engkang siyam naliko luwe piyambakipun mesti
kemutan tiyang fakir engkang keluwen, lajeng ndorong paring sedekah. Nabi Yusuf
as. bade mboten dahar menawi tyang-tyang engkang berhubungan kalian
piyambakipun dereng dahar. Naliko dipun dangu, panjenenganipun njawab: yen aku
wareg disik, aku khawatir nglalekne wong kang luwe.
5.
Dorong
ngathah-ngathaken taat
تَوْفِيْرُ الطَّاعَاتِ
Tyang engkang siyam naliko luwe banjur kemutan dateng
luwe lan ngelak ipun penduduk neroko. Lajeng gumregah ngathah-ngathaken taat
supados selamet saking sikso neroko.
6.
Nyukuri dateng Alloh
engkang mangertosi lembutipun nikmat
شُكْرُ عَالِمِ الخَفِيَّاتِ
Tyang poso menawi ngraosaken luwe lan ngelak lajeng
sadar kemutan dateng Dzat engkang paring nikmat wareg lan seger. Banjur syukur
dateng Alloh. Kados pundi berharganipun nikmat warek tuwin seger meniko.
7.
Nyegah maksiat tuwin
melanggar syariat
الإِنْزِجَارُ عَنْ خَوَاطِرِ الْمَعَاصِى وَالـمُخَالَفَاتِ
Watakipun nafsu meniko menawi wareg tamtu drumbo
dateng maksiat. Sewalikipun menawi luwe lan ngelak tamtu nafsu bade lemah
nindaaken maksiat tuwin melanggar syariat.
8.
Sehat akal tuwin sehat
badan
صِحَّةُ الْأَذْهَانِ وَسَلَامَةُ الْأَبْدَانِ
Kodos
dawuhipun Kanjeng Nabi:
صُوْمُوْا
تَصِحُّوْا (رواه الطبراني)“Poso’o
siro kabeh, mongko siro bakal sehat.”
Mugi-mugi siyam kitho
saget nglebur doso, ngluhuraken drajat, nggugah kepedulian sosial tuwin soyo
sehat jasmani lan ruhani kitho. Aamiin.
وَاللَّهُ
سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى يَقُوْلُ, وَبِقَوْلِهِ يَهْتَدِى الْمُهْتَدُوْنَ.
أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنّ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِى
أُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَى
وَالْفُرْقّانِ. فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِاْلُقْرءَانِ اْلعَظِيْمِ
وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهٗ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
أَلْخُطْبَةُ الثَّانِيَّةُ
أَلْحَمْدُ
لِلَّهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ.
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ
أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ
وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ
اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَـهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا أَنَّ
اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ
بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ
النَّبِى. يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ
صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى
اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ. وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ
اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِىٍّ وَعَنْ
بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ
بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا
أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزِّ اْلإِسْلاَمَ
وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ
الْمُوَحِّدِيَّةَ. وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ
اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَائَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ
إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ
عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالْغَلَاءَ وألطَّاعُوْنَ وَقَرَنَ
وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا
وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ
اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً. يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ سَلِّمْنِى
لِرَمَضَانَ وَسَلِّمْ رَمَضَانَ لِى وَسَلِّمْهُ لِى مُتَقَبَّلٌا. رَبَّنَا
آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا
وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ
وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا
اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ
مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.
0 Response to "HIKMAH PUASA"
Post a Comment