SENTUHLAH JIWAMU


KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA
SENTUHLAH JIWAMU
Jum’at Legi, 19 Juni 2020 M
27 Syawal 1441 H. 

12 Kawignyan 2 Y. 
Yaa Baari' (Yang Maha Melepaskan/Menyeimbangkan)

Oleh : Faiz Wiryosupangkat

Masjid Jami’ Al Manar Mrico Tengah Lebak Grobogan




اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ للهِ الْكَرِيْمِ الجّوَّادِ اللَّطِيْفِ بِالْعِبَادِ, نَحْمَدُهُ عَلَى مَا وَفَقَ مَنِ اتِّبَاعَ الْحَقَّ مِنَ الْكِــتَابِ وَالسُّنَّــةِ وَأَحَادَ, نَشْكُرُهُ أنْ نَجَانَا مِنَ الْبِدَعِ الْـمُدْلَهِمَّةِ الْحَالِكَةِ السَّوَادِ, نَسْتَغْفِرُهُ وَنَــتُوْبُ إلَيْهِ مِنَ الذُّنُوْبِ وَالْـمَعَاصِى وَارْتِـــكَابِ الْفَسَادِ, أَشْهَدُ أنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّـدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّـهَا النَّاسُ, إِتَّـقُوا اللهَ, فَإِنَّ تَقْوَاهُ نِعْمَ الْعِدَّةُ لِيَوْمِ الْـمِيْعَادِ, وَتَمَسَّكُوْا بِكِتَابِ وَالسُّنَّةِ. فَإِنَّ التَّمَسَّكُ بِـهِمَا أَعْظَمُ الْجِهَادِ.
Maasyirol muslimin rohimakumulloh

Monggo kito tansah ngonjukkane raos syukur kito wonten ngarso dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala engkang sampun paring pinten-pinten kanugrahan lan kanikmatan engkang mbten kawical-wical wilangannipun. Lan monggoho kito sami netepi raos ajrih dhumateng Allah kanthi nindakaken sedoyo perintahipun lan nilar sedoyo panyegahipun. jalaran namung kanthi taqwa punikolah bekal akhirat ingkang langkung  sae lan Allah bakal ngganjar sedoyo amal kito arupi swargo ingkang kebak kenikmatan.


Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Dawuhipun Allah wonten ing Al-Qur’an surat Asy-Syams ayat 9-10
قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا, وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا (الشمس : ۱۰-٩)
“Sak temene bejo banget tumrap wong-wong kang podho nyuciaken jiwane lan rugi banget wong-wong kang ngotori jiwane.”
Ayat kasebat paring pitedah lan pelajaran dhateng kito, bilih kito diupun perintah nyuciaken utawi ngresik-i jiwo kito. Sebab jiwo puniko salah setunggaling unsur paling penting engkang kedah kito rekso kanthi nindakaken hal-hal engkang bermanfaat dhateg pribadi lan sesamine. Yen jiwane kotor mongko tumindhakipun asring mbekto kemadlorotan. Katah sanget tiyang-tiyang engkang kotor jiwanipun sahinggo ngrusak akalipun, kadosto stres engkang berlebihan, sahinggo nyebabaken ketimpangan. Saking pentingipun peran jiwa, W.R. Supratman wonten ing lirik-ipun ngendiko “Bangunlah jiwanya, bangunlah badannya”
Ewondene kiat-kiat miturut ajaran Islami kagem ngendhani gangguan kejiwaan ing antawisipun nun inggih :
1.        Kanthi ngatah-ngatahaken dzikir, emut dhateng Allah. Kanthi pancaran nur dzikir kolo wahu saged nyebabaken jiwo kito terang, madhangi pepeteng lan ruwt rentengipun ati. Kanthi linambaran istighfar, nyuwun pangapunten dhateng Allah supados jiwo kito leres-leres bersih lan suci saking limbah-limbah jahat engkang nempel ing sajroning batin kito.
2.        Kaping klaih, kanthi ngatah-ngatahaken mahos kalam Ilahi, saben dintenipun langkung-langkung sak bakdanipun shalat fardlu. Kanthi mekaten jiwo kito gampil anggenipun ngraosaken getaran iman lan katenteraman. Tiyang-tiyang engkang mboten nate nyirami jiwanipun klawan ayat-ayat Al-Qur’an gampil sanget jiwanipun gampil ngalami kegucangan lan kegelisahan, asring gelisah, galau lan gampil angenipun tertekan. Kanthi mekaten sumonggo kito tansah nentremaken jiwo kito klawan mahos ayat-ayat Al-Qur’an supados jiwo kito saget jembar lan ngeraos tenteram.     
3.        Kiat engkang ongko tigo, kito saget midherek utawi mirengaken tausiyah saking kyai lan ustad-sutadz engkang dipun remeni. Nopo malih teknologi ing zaman sakmeniko sampun canggih, engkang kawastanan era revolusi 4.0 sahinggo nggampilaken anggen kito nyimak utawi tausiyah lan ndherek ngaos kanthi jasa online, lan kito saget milih ustadz favorit kito saking pinten-pinten kutho lan negoro. Sakingh tausiyah puniko kito saged ngampil pelajaran engkang sahe engkang saged nenangaken jiwo kito.   
4.        Kiat salajengipun, sesuai ajaran Islam, kito supados purun ndingklukaken mustoko, ningali tiyang-tiyang engkang taksih ngalami kekirangan hananging gadah semangat juang engkang kokoh, tansah tabah lan sabar nindaki gesang ing zaman serba cepat puniko. Katah tulodho saking sedherek kito engkang gesang ingdalam lingkup kemiskinan utawi cacat fisikipun, kanthi perjuangan engkang gigih lan cita-cita engkang kokoh, ing akhir tembenipun lulus sarjana lan sukses berkiprah ingdalem kancah pentas nasional.
Mugi-mugi Alloh tansah paring doyo lan pikuatan dhateng kito sahinggo kito tansah wonten ing lingkar ketaqwaan lan keimanan wonten ing pundi panggenan lan ingdalem pinten-pinten keadaan.
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ. يٰاأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا لَاتُــلْهِكُمْ أَمْوَالُــــكُمْ وَلَا أَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللهِ, وَمَنْ يَفْعَلْ ذٰلِكَ فَأُولٰـــٓئِكَ هُمُ الْخَاسِرُوْنَ.  
اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ لِى وَلَــكُمْ وَلِسَائِرِ الْـمُسْلِمِـيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْـمَتِــيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلـْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالـَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْـمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِيْنَ وَالـْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.
 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِـكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


4 Responses to "SENTUHLAH JIWAMU"