ROMADHON DI TENGAH-TENGAH BADAI CORONA


KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA
CORONA DI TENGAH-TENGAH RAMADHAN 2020
ROMADHON DITENGAH BADAI CORONA

JUM’AT LEGI, 15 MEI 2020
UST. FAIZ AMIN S.Pd.I

MASJID AL-MANAR MRICO TENGAH 
DESA LEBAK KEC/KAB. GROBOGAN
JAWA TENGAH



KHUTBAH 1

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَـثِـيْرًا كَمَا أَمَرَ, نَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالٰى عَلٰى الَّذِى جَعَلَ مُحَمَّدًا إِمَامًا لَنَا وَلِسَائِرِ الْبَشَرِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْـمَبْعُوْثُ لِلنَّاسِ لِيَنْفِذَهُمْ مِنْ كَيْدِ الشَّيْطَانِ وَيُنَجِّيْــهِمْ مِنْ عَذَابٍ النَّارِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ اْلأَطْهَارِ وَأَصْحَابِهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُواْ اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ, وَقَالَ تَعَالٰى : يٰاأَيُّـهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلٰى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّـكُمْ تَتَّقُوْنَ. 


Maasyirol muslimin rohimakumulloh.
Sumonggo kito sami ambudidoyo supados tambah iman lan taqwa kito dhumateng Alloh, nindakaken sedoyo dhawuhing lan nebihi sedoyo awisanipun agami. Ing wekdal puniko kito sedoyo sampun mlebet ing sajroning wulan Ramadhan, minongko wulan kangge buktikaken ketaatan kita dhateng Gusti kang Murbeng dumadi. Klawan nggayuh prediket la’allakum tattaqun. Kanthi meniko, naliko kito nindakaken poso Ramadhan, kito kedah mbudidaya ngrekso manah, lisan, badan, talingan, lan soca, malah kaperlu berusaha njejegaken hawa nafsu kita saperlu supados nderek nindakaken ngibadah dhateng Gusti Kang Moho Kuwaos. Kito sami énget bilih awal Romadhon mongso puniko wabah Corona taksih ngreridhu kito, senadjan mekaten, kepayahan corona ampun ngantos ndadosaken kito supe kaliyan hakikat Romadhon.
Midherek setunggal dawuh engkang dipun riwayataken dening Imam Ahmad,. Saking Anas bin Malik ra,  Kanjeng Rasul Muhammad , dawuh
قَدْ جَاءَكُمْ رَمَضَانُ، شَهْرٌ مُبَارَكٌ، اِفْتَرَضَ اللهُ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ، تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ، وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ، وَتُغَلُّ فِيهِ الشَّيَاطِينُ، فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ، مَنْ حُرِمَ خَيْرَهَا، فَقَدْ حُرِمَ

Engkang artosipun : “Romadhon wus nekani marang siro kabeh, yoiku wulang kang diberkahi, (ing Wulan iku) Allah majibaken siro kabeh nglakoni poso. Ing wulan iku ugo lawang-lawang surgo dibuka, lan lawan-lawang neroko ditutup, lan setan-setan podho dikencang. Ing sajroning wulan iku ono siji wengi kang mulyone ngluwihi sewu sasi. Lan sopo wonge kang kaling-kalingan nemoni ka-apik-ane wengi iku, mongko wong mahu bakal kaling-kalingan soko ka-apik-an.”

Maasyirol muslimin rohimakumulloh.
Nah... mumpung kito taksih wonten ing sajroning wulan Romadhon, langkung-langkung ing saat puniko kito ngadhepi sedoso akhir wulan Romadhon, seyogyanipun  kito agendaaken amalan-amalan engkang saged ndadosaken pundi-pundi kesahenan, sahinggo saget dados wasilah ngicali lan nguwali sedoyo wabah engkang taksih melanda dunia. Ing antawisipun amaliyah kagem ngicali wabah lan nggiyataken wulan Romadhon nun inggih :
Setunggal : Tilawatil Qur’an. Sebab wulan Romadhon ugi dipun wastani Syahrul Qur’an, wulan tumurunipun Al-Qur’an sahinggo kito dupun anjuraken ngatah-ngatah-aken mahos Al-Qur’an. Nopo malih ing saat-saat pandemi puniko kito di lock down, dipun aturi kendel ing griyo kemawon, mboten dipun keparengken pethenthang-petenteng, kluyuran, gentayangan, sahingo katah wekdal kagem mahos Al-Qur’an. Dawuhipoun Allah :   
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَ بَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَى وَ الْفُرْقَانِ (البقرة : 185)
Kaping kalihipun : Nindakaken sholat tarawih kanthi berjamaah, yen mboten saget teng mesjid, mushola nggih teng griyo kemawon. Sebab, eman-eman sanget yen mboten tarawihan, sebab sholawat tarawih wontene mung ing salebeting Wulan Romadhon sarasan. Dawuhipun Kanjeng Nabi :
مَنْ قَامَ رَمَضَانَ اِيْمَانَا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذنْبِه (متفق عليه)
Engkang Kaping tigo : ampun supe sedekah-e. Kanjeng Nabi Puniko setunggaling tiyang engkang paling dermawan, langkung-langkung naliko nglebeti wulan Romadhon sang soyo ketingal lomane, bahkan saking lumane, ngantos-ngantos nglancangi lajuning maruto ingdelem cepete. Sebab  sedekah ing wulan Romadhon puniko langkung dahsyat ketimbang sedekah ing wulan sanes-sanese.
Langkung-langkung paring buko dhateng tiyang siyam
مَنْ فَطَّرَ صَائِمًا كَانَ لَهُ أَجْرُ مَنْ عَمِلَهُ ، مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ أَجْرِ الصَّائِمِ شَيْئًا
Lan kang pungkasan nun inggih, tansah nindakaken amal kebecikan. Sebab Wulan Romadhon puniko setungaling peluang emas kagem sedoyo tiyang muslim kagem nambah saldo rekening ganjaranipun ing ngarsanipun Allah. Sanesipun tigang amaliyah nginggil kolo wahu, kito ugi saget nindakaken shalot-sholat sunnah, ngatah-ngatahaken dzikir ilalloh, mahos istighfar, sholawat tahlil, hauqolah, hamdalah lan jenis-jenis dzikir sanesipun, langkung-langkung ing wekdal engkang mustajabah, kados to naliko ngadhepi wayah buko, naliko ing sepertelone wengi kang akhir, lan ing wekdal sahur.
Tujuan utawi ancasipun saking Ramadhan kiambak nun ingih nyetak lan nggembleng kito supados kito dados tiyang engkang taqwa, nun inggih nggayuh prediket la’allakum tattaquun.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


Khutbah 2
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْـمَتِــيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُوَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَلـْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالـَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّـدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى : إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّـدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْـمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِيْنَ وَالـْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، وَتَابِعْ بَيْنَنَا وَبَيْنَهُمْ بِالْخَيْرَاتِ, إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَاقَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.
 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلـمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِـكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Cukup sekian paparan khutbah jum'at berbahasa jawa kali ini, semoga dapat membawa manfaat bagi kita semua.

0 Response to "ROMADHON DI TENGAH-TENGAH BADAI CORONA"

Post a Comment