PARING PANGAPUNTEN NALIKO KUASA

 

AWEH NGAPURO NALIKO KUWOSO


Pada kesempatan yang berbahagia kali ini, marilah kita sama-sama memingkatkan rasa taqwa kita kepada Allah yang telah melimpahkan Karunia-Nya kepada kita dengan cara selalu berbuat baik setiap saat dan juga selalu memaafkan terhadap sesama. sebab, Allah selalu memberikan maghfiroh-Nya kepada semua hamba-Nya. disamping itu, memberikan maaf terhadap sesama juga tergolong budi pekerti yang luhur. 



اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ الِلّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِى الَّذِىْ خَلَقَ الْـمَوْتٰى وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّـكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوٰى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّــكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالٰى : يٰاأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.


Sumonggo kito sami-sami ningkateken iman lan taqwa dhumateng Allah kanthi njembaraken manah kangge berusaha nindakaken pakerti kados pakertinipun Allah Keranten Allah dhemen paring pangapunten dhateng hanbanipun, milo menungso kedah berusaha supados saged paring pangapunten dhateng sesaminipun, jalaran paring ngapunten satemah salah satunggaling budi pekerti ingkang sae. Dasaripun اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ "Satemene Allah Dzat kang Maha jembar pangapurane lan Dzat kang paling welas asihe".

Kanthi puniko sinahosa sapinten kathahe dosane kawulanipun Allah, Allah tansah paring pangapunten. Semanten ugi kanthi sifat welas asihipun Allah dhumateng kawulanipun, sepinten alitipun ganjaran kawulanipun tansah dipun etang dening Allah, badhe dipun hisab. Lan sedaya kawulanipun Allah badhe ngraosaken pahit lan getiripun budi pakerti piyambakipun. Ingkang mekaten punika sampun dipun ngendikakaken Allah SWT:

فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًايَرَهُ وَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّايَرَهُ

"Mongko sopo wonge gawe kabecikan senajan mung sabobote zarrah, mesthi dheweke bakal ngerteni. Lan sapa wonge gawe tumindak ala, mesthi dheweke bakal ngerteni. (QS. Al Zalzalah: 7-8)".

Dados sapintena agengipun kalepatan tasih wonten sifat sae, kanthi punika kesaenan boten saget dipun campur kalian ingkang lepat punapa malih kesaenan punika dipun icalaken.

Ma’asyirol muslimin Rahimakumullah

Allah dhawuh dhumateng kawulanipun supados dhemen paring pangapura, ingkang mekaten punika sampun dipun dhawuhaken Allah wonten ing surat Al A’rof ayat 199:

خُذِالْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ الْجَهِلِيْنَ

"Dadiya sira wong kang dhemen aweh pangapura, lan printaha marang wong supaya nindakake kang becik lan mlengosa marang wong-wong kang bodho".

Tan soyo malih agengipun imbalan saking Ngarsanipun Allah langkung sae, menawi dipun bandingaken kalian shadaqah, ingkang dipun kantheni nglarani ati.

قَوْلٌ مَعْرُوْفٌ وَمَغْفِرَةٌ خَيْرٌ مِنْ صَدَقَةٍ يَتْبَعُهَا أَذَى

" Ucapan kang becik lan aweh pangapura luwih apik tinimbang shadaqah karo nglarani ( sing jaluk) (Qs: Al Baqarah: 263)".

Ma’asyirol muslimin Rahimakumullah

Paring pangapunten puniko mbetahaken sikap ingkang dewoso, mobetahaken kesiapan lahir lan batin, sikap ridho lan ikhlas berjuang tuwen berkorban. Jalaran paring pangapunten puniko artosipun boten badhe ngungkit-ungkit malih kalian kalepatan lan kekiranganipun tiyang sanes ingkang sampun dipun tindaki. Ingkang langkung penting inggih punika tindakan ingkang nembe lan badhe dipun tindakaken. Kanthi punika badhe angsal kamulyan wonten ngarsa dalem Allah .

Wonten ing hadis sanesipun Rasulullah ngendika:

اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وَاَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقٍ النَّاسِ بِخُلُقٍ حَسَنٍ (رواه الترمذى)

" Taqwaha sira kabeh ing ngendi panggonan, lan walesa pakerti kang elek nganggo pakerti kang becik lan ilangna kaelekane, lan gaweha pakerti marang manungsa nganggo pakerti kang bagus. ( HR. Turmuzi).

Saking hadis kasebat wonten tigang hikmah ingkang saged dipun tuladhani kangge gesang sesarengan wonten ing alam donya, inggih punika:

1. Kanjeng Nabi ngengetaken dhumateng kawulanipun supados jagi kondisi taqwa dhumateng Allah wonten pundi panggenan. Taqwa ingkang mengku maksud ajrih nerak dhumateng awisanipun Gusti Allah lan tansah ngupadi sesarengan anggenipun saget istiqomah nindakaken dhawuh-dhawuhipun Gusti Allah. Kondisi iman lan taqwa ingkang sampun istiqomah boten gambil risak kalian gumebyaring donya, drajad lan pangkat. Menawi wonten masjid, langgar utawi musholla tansah ngugemi taqwa mila wonten kantor, wonten margi, wonten sabin lan sak panunggalanipun ugi tansah ngugemi taqwa. Semanten ugi taqwa dipun ugemi menawi sawek piyambakan lan sareng-sareng, wonten kondisi ramai lan sepi, wonten kondisi aman lan perang. Jalaran sampun yakin bilih sedaya pedamelanipun manungsa punika dipun cathet dening Allah SWT.

2. Males pedamelan ingkang awon kanthi pedamelan lan pakerti ingkang sae. Wonten donya punika wonten hukum sebab lan akibat, sinten tiyangipun tumindak ingkang awon badhe nampi imbalan ingkang awon. Sinten tiyangipun ingkang nanem badhe ngraosaken, sinten ingkang damel badhe ngangge. Pramila hukum sebab lan akibat punika badhe mandeg menawi ingkang awon punika dipun wales kanthi kesaenan. Semanten ugi pedamelan sae dipun wales kanthi sae lan langkung sae badhe ngasilaken kerukunanipun gesang bebrayan wonten ing alam donya punika. Panci boten saget dipun pungkiri bilih manungsa punika gadhah kepinginan utawi dorongan dedamel ingkang sae lan ingkang lepat. Manungsa dipun paringi kekuatan lan kebebasan dening Allah SWT kangge milih margi ingkang leres lan margi ingkang lepat, sedaya keputusanipun manungsa badhe dipun tanggung pribadinipun piyambak-piyambak, pramila tiyang-tiyang punika. dipun sebutaken wonten Alquran surat Al Waqi’ah dados Ashhabul Yamin utawi Ashhabus Simal (golongan tengen kang nampa kamulyan lan golongan kiwa kang cilaka).

3. Sami sesarengan dedamel pakerti ingkang sae. Allah negasaken
wonten ing Alquran supados cepet-cepet anggenipun tumindak kabecikan, tulung tinulung wonten perkawis kesaenan, wasiat winasiyatan ing pakerti ingkang bagus lan sapanunggalanipun. Akhiripun mugi-mugi kita kalebet golonganipun makhluk pilihanipun Allah SWT, ingkang tansah nindakaken amar ma’ruf nahi munkar.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ.

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ، وَنَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ اِلَّاللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَ بَعْدَهُ. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ! اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

قَالَ اللّٰهُ تَعَاَلَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ:  إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُـمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةًفِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةًفِى الْجَسَدِوَزِيَادَةًفِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةًفِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَقَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةًعِنْدَالْمَوْتِ وَمَغْفِرَةًبَعْدَالْمَوْتِ،اَللّٰهُـمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِوَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ.  رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 

عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.


Teks Khutbah Jumat "Paring Pangapunten" Word Klik DISINI

Untuk teks Khutbah lainnya bisa Klik Disini

0 Response to "PARING PANGAPUNTEN NALIKO KUASA"

Post a Comment