KHUTBAH
JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA
MENJAGA
AKIDAH AHLUS SUNNAH WAL JAMA’AH
(الخطبة الأولى)
السلام عليكم ورحمة الله
وبركاته
الْحمدُ للهِ الحمدُ للهِ الَّذِي هَـدَانَـا
لِـطَرِيْـقـَةِ أهـْلِ الـسُّــنّـةِ وَالْـجَمـاَعَـةِ ,وَالَّـذِي
وَافَـقَـنَـا بـِأَسْــبَـابِ الإِنــْـقـِيَـادِ وَالْإسْــتِـطَاعَـةِ ،
أشْـهـدُ اَنْ لا اله الا الله وَحْدَهُ لا شَـرِيْكَ لَه ، وأشْـهَدُ أنَّ
سيِّدَنا مُحمَّدًا عبـدُهُ وَرَسُـوْلُهُ تُـنْـجِى قـَائِـلَـهـا مِـنْ
أَهْـوَالِ يـَوْمِ الْـقِـيــامَـةِ الْـقَــارِعـَـةِ
بـِالْـمَـغْـفِـرَةِ والـرَّحْمـَةِ الْـوَاسِــعَـةِ، الّلهُـمَّ صَـلِّ
وَسـلِّمْ على سَـيِّدِ نــا مُحَمَّـدٍ صَـاحِـبِ الْـوَسِـيْـلَـةِ
وَالـدَّرَجـَةِ الْـعَــالِـيَـةِ الـَّرفِـيْــعَـةِ ، وعلى ألـِهِ
وأصْــحـابِهِ و الَّـذِيـنَ يَـدْعـُونَ اِلىَ سَـبِـيْـلِ الـنَّـجـَاةِ فىِ
الـدُّنـيَـا الى يـومِ الْـقـِيـامَـةِ الـْوَاقِــعَةِ ، أمَّــــــــا
بعْـــــــــــدُ : فَيـَا أيُّهاَ الإخْـوَانِ رَحِمَكُمُ اللهِ أُوْصِــْيكُم
وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُـفْـلِـحُوْنَ ، وَقَدْ قَالَ اللهَ
تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ ، وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا
وَلَا تَفَرَّقُوا وَاذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنْتُمْ
أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا
وَكُنْتُمْ عَلَى شَفَا حُفْرَةٍ مِنَ النَّارِ فَأَنْقَذَكُمْ مِنْهَا كَذَلِكَ
يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آَيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ (آل عمران/103)
Ma’asyirol
muslimin rohimakumulloh...
Monggo
kito sami tansah mbudidoyo netepi ajrih dhumaateng Allah Ta’ala kanti nindakaken
dawuh soho nilar lan nebihi sedoyo awisanipun Allah ﷻ, supados gesang kito
tansah pikantuk kanugerahan saking ngarso dalem Allah Ta’ala wiwit ndunyo
ngantos akherat. Amiin.
Allah
sampun njanjekaken kanti dawuhipun :
وَعَدَ
اللَّهُ الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ
عَظِيمٌ
lan pada nindakake amal shalih,
tumrap wong wong mahu bakal oleh pangapura lan ganjaran kang agung saka
ngarsane Allah““Allah wus paring janji marang wong wong kang pada iman (Al
Maidah : 9).
Ma’asyirol
muslimin rohimakumulloh...
Kito
mangertosi bilih ing mongso akhir puniko tiyang Islam ingkang werni werni
golonganipun sami ngakeni bilih golonganipun ingkang paling leres lan sahe.
Malah mboten sekedik ingkang ngantos ngowah-owahi kitab sucinipun Al Qur’an, sebab
dianggep sampun mboten cocok malih kaliyan kawontenan sak meniko, wonten
ingkang nolak lan ngingkari dateng hadits Nabi ﷺ, wonten malih ingkang
ngowahi rukun Islam, shalat mboten kedah gangsal wekdal, malah wonten
ingkang ngaken dados Nabi lan rosul, bahkan wonten ingkang berpandangan mboten
perlu poso, sholat sing penting atine iman, na’udzu billah min dzalik.
Milo
saking meniko, monggo kito tansah njagi iman kito sedaya, ampun ngantos melu-melu
piwulang ingkang mboten jelas, engkang tebih saking wucalanipun poro ulama’ kito
engkang nyepeng faham ahlussunah wal jama’ah. Mangga samiyo purun nyinahoni
ilmu agami babakan keimanan lan ketauhidan kito
dhumateng ulama, kiyai ingkang sanad keilmuanipun sampun jelas, nyambung dhateng
para Imam Mazhab papat; Imam Hanafi, Imam Malik, Imam Syafi’i saha Imam
Hanbali ing babakan fiqh, soho nyambung dhateng Imam al-Asyari, Imam
al-Maturidi ing babakan ilmu tauhid, saha Imam Abul Qosim al-Junadi lan Imam
al-Ghazali wonten babakan akhlak utawi tasawwuf. Sedaya menika supados iman
kita kiyat lan rosa mboten gampil risak ambruk katerak bebaya lan
prahara pengaruhing pagesangan.
Kanjeng
Nabi nate paring dawuh :
جَـدِّدُوْا اِيـْمَـانـَكُمْ! قِـيْـلَ كَيْفَ
نُجَـدِّدُ إِيْـمـَانَنَـا يـا رَسُـولَ اللهِ قـَالَ : فَـأَكْـثِرُوا
مِنْ قَـْولِ لَاإلـه الاالله (رواه أحمـد والحاكـم)
Pada nganyar nganyar na sira
ing iman ira”, Nabi lajeng dipun suwuni pirsa : Kados pundi anggen kita
ngenggalaken iman kita duh Rasulullah ?Jawabipun Kanjeng Nabi : “Pada ngakehna sira ing wacan
Laa ilaha illallah “. (HR.Ahmad lan Al Hakim).
Ma’asyirol
muslimin rohimakumulloh...
Keyakinan
ingkang mboten kanti dasar ilmu punika sanget rentan dateng pengaruh, gampil
owah amergi kenging pengaruh. Mila prayogi sanget anak anak kita ugi kita
modali ilmi akidah, iman ingkang kiyat, ing mongko
pengaruh kawontenan era globalisasi sangat memprehatinkan. Milo Ngatos- atos dhateng
para putra ing bab sesrawunganipun, menopo dene pendidikanipun. Ampun ngantos
sembarang nyekolahaken putra dateng golongan lan tiyang ingkang mboten jelas
silsilah ilmu agamanipun, Milo wajib tumrap tiyang sepuh njagi
dateng putro putri kito lan sedaya keluargo kito, ampun ngantos
kejlomprong ing kesesatan.
Ma’asyirol
muslimin rohimakumulloh...
Mbok
bilih sampun dados kasunyatan menapa ingkang dipun prediksi dening Kanjeng Nabi
bilih Umat Islam menika bade pecah belah dados pinten pinten golongan. Kados
dawuhipun :
سَــتَـفْـتَـرِقُ أَمَّــتىِ عَـلَى ثــَلاثٍ
وَسَــبْـعِـيْــنَ فِــْرقَـةً الـنـَّـاجِـيَـةُ مِـنْـهــَا واحِـدَةٌ ،
وَالْـبــَاقُـوْنَ هَـلْـكَى ، قِـيْــلَ : وَمَـنْ الـنَّــاجِـيَّـةُ ؟ قَــالَ
: أهْـلُ الـسُّــنَّـةُ واَلْجَمـَـاعـةُ ،, قـِيْــلَ : وَمـا أهْـلُ
الـسُّــنَّـةُ واَلْجَمـَـاعـةُ ؟ قــاَلَ : مــَا أنــا عَـلَــيْـهِ
وَأَصْــحـَابــِى
“Bakal pecah ummatku
besok dadi 73 golongan, saka kabeh golongan mau kang slamet mung sak golongan,
dene liyane kabeh cilaka,”.Kanjeng Nabi disuwuni pirsa : Golongan ingkang wilujeng
punika ingkang pundi ? Dawuhipun Nabi : Ya iku Ahlus sunnah wal jama’ah.Kanjeng
Nabi disuwuni pirsa malih : Ahlussunnah
wal jama’ah punika menapa ? Nabi njawab : “Yaiku i’tiqad kang
ingsun tetepi sartane para shabat ingsun”
Ma’asyirol
muslimin rohimakumulloh...
Mugi
kita tansah dipun reksa, saking pengaruhing kahanan ingkang tansah ngancam
dateng aqidah lan i’tikad kita, pinaringana pitedah wonten ing margi ingkang
leres, kanti rahmat lan pitulungipun Allah Ta’ala.
بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ ، وَنَفَعَنِي
وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ
الرَّحِيْمِ،, قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ ، أَعُـوْذُ
بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ،
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ
حَيَاةً طَيِّبَةً ، وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ
(الخطبة الثانى)
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ
أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْـمَتِــيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ
لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلـْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالـَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ
أَجْمَعِيْنَ.
عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا
وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.
اَللَّهُمَّ
أَصْلِحْ جَمِيْعَ
وُلاَةَ الْـمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ
وَأَعْلِ
كَلِمَتَكَ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِيْنَ
وَالـْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ
افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا
بِالْحَقِّ وَاَنْتَ
خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ
النَّار.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ, وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِـكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
0 Response to "MENJAGA AKIDAH AHLUS SUNNAH WAL JAMAAH"
Post a Comment