KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 2021

 KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 2021 

الخطبة الاولى

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلله اَكْبَر 3× ، اَلله اَكْبَر 3× ، اَلله اَكْبَر 3×

الله اكبر كبيرا والْحَمْدُ ِلله ِكَثِيرْاً وَّسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَّاَصِيْلاً ، لآ اِلهَ الاَّ الله وَالله ُاَكْبَر، اللهُ اَكْبَر وَلِله الْحَمْد.

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى اصْطَفَى اِبْرَاهِيْمَ عَلَيْهِ السَّلاَم خَلِيْلاً ، وَجَعَلَهُ لِلنَّاسِ إِمَامًا ، إنَّهُ كَانَ صِدِّيْقاً نَبِيًّا. أشْهَدُ اَنْ لآ اِله الاّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه ، الّذِى لَمْ  يَتَّخِذ صَاحِبَهُ وَلاَ وَلداً ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه الْمَبْعُوْثُ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا ، وَصَلّى الله على سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِه بُكْرَةً وَاَصِيْلاً وَسَلّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

امّا بَعْدُ : فَيَآ أيُّهَا النّاسُ رَحِمَكُمُ الله.. إتَّقُوااللهَ َواَطِيْعُوهُ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْن، وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيدِ اْلاَكْبَر. قَدْ رَفَعَ اللهُ قَدْرَهُ وَاَظْهَره وَسَمَّاهُ يَوْمَ الْحَجِّ اْلاَكْبَر ، فَإِنَّ الله َابْتَلَى خَلِيْلَهُ اِبْرِهِيْمَ فِيْهِ حَيْثُ اَمَرَهُ بِذَبْحِ وَلَدِهَ فَاَمْتَثَلَ اَمْرَهُ فِيهِ ، وَلِذَا سُمِّيَ يَوْمُ النَّحْرِ

 اَلله اَكْبَر ، الله اَكْبَر ، الله اَكْبَر وَلله الحَمْد

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah,

sumangga kita tingkataken kualitas iman lan takwa kita dumateng Allah wonten ing sadengah kawontenan, kanthi ngelaksanaaken napa ingkang dados perintah-perintahipun, lan nebehi napa ingkang dados awisan - awisanipun. Kedadosan sejarah ingkang perlu kulo lan panjenengan emut-emut, lan dipun teladani wonten ing dinten riyadin Idul Adha puniko awujud tugas lan perintah ingkang awrat sanget, ingkang dipun amanah-aken Allah dumateng Nabiyullah Ibrahim A.S lan putranipun Nabiyullah Ismail A.S,



أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

رَبِّ هَبْ لِى مِنَ ٱلصَّٰلِحِينَ ، فَبَشَّرْنَٰهُ بِغُلَّامٍ حَلِيمٍ ، فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعْىَ قَالَ يَٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلْمَنَامِ أَنِّىٓ أَذْبَحُكَ فَٱنظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَٰٓأَبَتِ ٱفْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّٰبِرِينَ ، فَلَمَّآ أَسْلَمَا وَتَلَّهُۥ لِلْجَبِينِ ، وَنَٰدَيْنَٰهُ أَن يَٰٓإِبْرَٰهِيمُ ، قَدْ صَدَّقْتَ ٱلرُّءْيَآ ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِى ٱلْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ ٱلْبَلَٰٓؤُا۟ ٱلْمُبِينُ

Artosipun: Duh Pangeran kawula, mugia panjenengan paring dumateng kawula putra ingkang sholih. Nuli Ingsun Allah paring Nabi Ibrahim putra ingkang banget sabare. Nalikanee putra wau sampun umur dewasa, sampun nyambut damel sesarengan Ramanipun, kang inggih Nabi Ibrahim A.S, nuli Nabi Ibrahim A.S nimbali ingkang Putra, yaiku Nabi Ismail A.S: “He, Anakku, sak temene Aku weruh ing jeruning impenku, Aku diperintah Allah Swt nyembelih sliramu, Aku angen-angen, piye yen menurut sliramu?” Kang Putra (Nabi Ismail A.S) njawab: “Rama, napa ingkang dados perintahipun Allah Swt Panjenengan lampahi kemawon, insya Allah Panjenengan badhe manggihi kula klebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar. Nuli Nabi Ibrahim A.S ngelaksanaaken napa ingkang dados perintah punika, Nabi Ibrahim A.S lan ingkang Putra (Nabi Ismail A.S) sampun pasrah dumateng perintahipun Allah Swt. Nalika pipinipun Nabi Ismail A.S ditempelaken ing lemah, nuli Allah Swt nimbali Nabi Ibrahim A.S: “He, Ibrahim, saktemene sliramu wus netepi perintah kang saka impen iku, lan saktemene kanthi cara kang kaya mengkana iku, ingsun mbales wong-wong kang agawe kabecikan. Lan saktemen kedadehan iku dadi ujian kang nyata (QS. As-Shoffat 100-106).

 

 اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah,

Saking nukilan ayat ing inggil cetho sanget bilih Nabi Ibrahim A.S lan Nabi Ismail A.S nampi printah saking Allah perintah ingkang luar biasa awratipun. Nabi Ibrahim A.S ingkang wekdal punika sanget ngarepaken anggadahi putra ingkang dipun ajeng-ajeng dados penerus perjuanganipun. Hananging sak sampunipun ndungo lan nopo ingkang dados pamandutipun dipun kabulaken dening Allah , dibuktikan kanthi lahiripun bayi ingkang dipun paringi asma Ismail. Lajeng naliko ngancik dewoso, Nabi Ibrahim A.S pikantuk perintah saking Allah supados mragat putra kinasihipun.

Saking peristiwa menikp kitp mangertos bilih kesabaran lan ketaqwaan Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail diuji dening Allah . Menawi namung adhedasar pertimbangan akal kemawon, tamtu langka sanget nampi kasunyatan puniko. hananging, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail ingdalem kahanan kang rupek, nanging Panjenenganipun kekalih tetep yakin bilih taat dumateng perintahipun Allah punika ingkang dados tujuan gesangipun. Estu, mboten kanyono-nyono, kanti bekal ketaatan, kesabaran, keikhlasan lan kepatuhan ing ndalem melaksanakan perintah Allah. Nalika Nabi Ibrahim badhe mragat Nabi Ismail, sak kedeping netro, Allah ngganthos posisi Nabi Ismail kanthi setunggaling mendho dumbo.

اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah,

Saking peristiwa kasebat saged kita pendet hikmahipun, ing antawisipun: Hikmah ongko setunggal, bilih sak temene tiyang ingkang nejo ngibadah utawi taqarrub dumateng Allah niku mesthi badhe ngadepi ujian-ujian ingkang mboten ringan.

Hikmah engkang ongko kalih, bilih keimanan lan ketaqwaan kito nalikane badhe diangkat dening Allah, Allah paring ujian rumiyin. saperlu dipun mangertosi bilih soyo inggil keimanan lan taqwanipun, soyo ageng ujian ingkang badhe dipun tampi. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh

اَشَدُّ بَلَإء اَلْاَنْبِيَاءُ ثُمَّ الْعُلَمَاءُ ثُمَّ اْلاَمْثَلُ فَالْاَمْثَلُ

artosipun: ujian kang paling abot yaiiku ujiane para Nabi, nuli para Ulama, nuli para wong-wong kang sak puniko banjur sak teruse.

Hikmah kang ongko tiga, Cinta dumateng Allah niku sampun final, ampun ngantos cinta kita dumateng makhluk ngalahaken raos cinta dumateng Allah. Sutrat Al-Kahfi ayat 46:

ٱلْمَالُ وَٱلْبَنُونَ زِينَةُ ٱلْحَيَوٰةِ ٱلدُّنْيَا ۖ وَٱلْبَٰقِيَٰتُ ٱلصَّٰلِحَٰتُ خَيْرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيْرٌ أَمَلًا

Artosipun: Rojo bondho lan putra putri iku mung pepahes urip ing ngalam dunyo, lan amal-amal sholih kang langgeng iku luwih bagus ganjarane tumrap Pangeran iro lan luwih bagus kanggo diarep-arep (Q.S Al-Kahfi: 46).

Hikmah kaping sekawan,nun inggih mencetak generasi ingkang sholih, sosiale lan spirituale. اَلْقاَئِمُ بِحُقُوقِ اللهِ وَحُقُوْقِ عِبَادَة generasi ingkang nglampahi hak-hak Allah kalian makhluk. Kados dunganipun Nabi Ibrahim: رَبِّ هَبْ لِى مِنَ ٱلصَّٰلِحِينَ

Artosipun: Ya, Allah, Panjenengan paringi kula putra ingkang sholih.

Komitmen Nabi Ibrahim kokoh sanget anggenipun didik ingkang putra supados dados putra ingkang sholih. Nabi Ibrahim selalau tangklet dumateng putrane “Nak, apa sing sira sembah, mbesuk yen Aku wus ora ana?” Nabi Ibrahim mboten tangklet, “Nak, apa sing sira pangan, mbesuk yen Aku wus ora ana?”

Mangga, kula lan panjenengan niru nopo ingkang cita-citakan Nabi Ibrahim, ampun ngantos kita namung kuatir dumateng kesuksesan putra-putri kita ing dunia kemawon, ananging kesuksesan akhiratipun kedah kita kuatosaken.

اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah,

Ingkang terakhir, bilih peringatan Idul Adha lan kisah penyembelihan Nabi Ismail menika perlu sanget wosal wasul dipun kumandangaken, saperlu ngemutaken umat Islam sedaya, bilih mbangun ketaatan, kesabaran lan keikhlasan ing ndalem ngleksanaaken sedaya perintah Allah menika penting sanget. Pramilo, ampun ngantos anggadahi raos mamang utawi ragu-ragu sak cuil kemawon ing ndalem ngelaksanaaken perintahipun Allah. Keranten sedoyo perintah Allah niku mesthi mbeto kemanfaatan, kesahenan, sahe kagem diri pribadi, keluarga, masyarakat, nusa lan bangsa.

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْن.. وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى عِبَادِه الصَّالِحِيْن. أَعُوذُ بالله من الشَّيْطَانِ الرَّجِيم ِانَّا اَعْطَيْنَاكَ اْلكَوْثَر  ، فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ ، اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ اْلاَبْتَر وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْن

 

الخطبة الثانية

اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ. اْلحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ

فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ ، وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللّهُمَّ اَعِزِّ الْإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَاَعْلِ جِهَادَهُمْ بِالنَّصْرِ الْمُبِيْنَ. وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللّهُمَّ اكْفِنَا شَرَّ الظَّالِمِيْنَ. وَاكْفِنَا شَرَّ الْمُنَافِقِيْنَ. وَسَلِّمْنَا مِنْ مَكَايِدِ الشَّيَاطِيْنَ. اَللّهُمَّ رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ. وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

عِباَدَ الله ، إنّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ ، وَإيتَاءِ ذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَر وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْن ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْاهُ مِنْ فَضْلِهِ ، يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ الله أَكْبَر

 

 

0 Response to "KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 2021"

Post a Comment