PENTINGNYA MENGUPDATE DZIKIR

 

KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA

PENTINGNYA DZIKIR TERPADU DAN KONTINYU 

Mengingat berbagai macam fitnah yang muncul di akhir zaman ini sangat memprihatinkan dan sangat membahayakan bagi iman kita, maka dariitu Dzikir merupakan salah satu cara yang efektif untuk menguatkan iman kita. Dzikir yang kita baca haru benar-benar merasuk dalam sanubari kita dan bukan hanyasekedar rutinitas bibir atau sekedar mengisi waktu luang sebagai sampingan saja. Sehingga kita benar-benar berhak mendapat prediket “La’allakum tuflihûn”; yaitu digolongkan sebagai orang-orang yang beruntung. 

Namun prediket mulia tersebut akhir-akhir ini mulai terkikis oleh peradaban  , ibarat mobil pribadinipun mbotern nate di service secara berkala, imanipun mbotern di update setiap harinya sehingga kalah oleh kesibukan dan kebutuhan akan gengsi dan mengikuti arus zaman yang menggila. 




اَلْحَمْدُ للّهِ الْكَرِيْمِ الْـمَنَّانِ, العزِيْرِ ذِيْ الْجَلَالِ وَاْلإِكْرامِ, صَاحِبِ الْـمُلْكِ تِجَاهَ الرَّحْمٰنِ, فَما الْعَبْدُ إِلاَّ نَحْوَاهُ قَاصِدُ الْـمَرَامِ, فَإِنَّ اللهَ يُعْطِي وَيَمْنَعُ, وَيُخْفِظُ وَيَرْفَعُ, وَيُشَتِّتُ وَيَجْمَعُ, وَيَصِلُ وَيَقْطَعُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ الصَّانِعُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّامِعُ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ. فَيَا عِبَادَ  اللهِ   أُوْصِيْكُمْ  وَإِيَّايَ بِتَقْوَي  اللهِ فَقَدْ فَازَ الْـمُتَّقُوْنَ. يٰآأيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ  تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh...

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun. punopo maleh wonten ing akhir zaman, kitho kedah langkung kiyat lan kenceng anggenipun dzikir dateng Allah . Dzikir dateng Allah  ing ateges tansah emut dateng Allah  ing kawontenan kados punopo kemawon. Gusti Allah , Dawuh :

فَإِذَا  قَضَيْتُمُ  الصَّلاَةَ  فَاذْ كُرُوا اللهَ  قِيَاماً  وَقُعُوداً  وَعَلى  جُنُوْبِكُمْ. ﴿ النساء۱۰﴾

“Mangka yen siro wis ngestoake anggoniro shalat, mulo podho elingo siro (krana dzikir) marang Allah ing kahanan ngadeg, lenggah, lan ing wayah teturoniro!”[Q.S. An-Nisa’: 10].

فَإِذَا  قُضِيَتِ   الصَّلاَ ةُ   فَانْتَشِرُوا  فِى  لأَرْضِ    وَابْتَغُوا  مِنْ  فَضْل اللهِ  وَذْكُرُوا  اللهَ   كثِيْراً   لَّعَلَّكُمْ   تُفْلِحُوْنَ  ﴿ الجمعة : ۱۰

“Mongko yen shalat (Jum’at) iku wis diestoake, mulapadho sumebaro siro kabeh ing lumahing bumi iki, lan padha ngupadio ing golek kautamane Allah, lan podho elingo siro marang Allah sakakeh-akehe, supoyo siro kabeh podho menang.”(Q.S. Al-Jumu’ah: 10).

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh...

Ayat kasebat nerangaken, bilih dzikir ingkang arupi takbîr, tahlîl, tahmîd lan tasbih punika kedah tansah manjing lan dados ruhipun amal tumindak kulo lan panjenengan jer sasampunipun shiyam, sabibaripun haji, lan sasampunipun saben-saben shalat, klebet shalat Jum’ah. Sahingga kanthi mekaten Allah lajeng ngendikan: “La’allakum tuflihûn”; supaya sira kabeh podho menang ing panguripane donyo lan akhirat.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh...

Sayangipun “La’allakum tuflihûn” (predikat menang) punika taksih tebih sanget saking kawontenanipun umat Islam piyambak. Kenging punopo umat Islam puniko jer taksih kemawon kados mekaten kawontenannipun? Ibaratipun mobil, sejatosipun pabrikipun sampun nerangaken kanthi buku petunjuk service utawi manual ingkang jangkep; kados pundi kito kedah ngrumat mobil kanthi sahe, kapan olinipun kedah dipun ganthos, lisahipun bensin punopo solar, lan aturan-aturan keamananipun ugi sampun dipun terangaken kanthi cetha.

Nanging, “Mobil Umat” puniko taksih kemawon dereng saget mlampah kanthi samesthinipun.  “Mobil Umat” puniko lampahipun malah keporo soyo mundur, sahinggo poro Da’i lan Mubaligh kawontenanipun namung dados ganjel, supados munduripun “Mobil Umat”puniko kalawahu boten soyo banter lan mbablas. Kahanan ingkang kados mekathen puniko kranten awit dzikiripun dumateng Alloh taksih pedhot-pedhot, utaminipun wonten ing babakan dzikir ‘amalî, dzikir ing salebetipun amal tumindak.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh...

Amal tumindak ingkang mboten nderek tatanan lan tuntunanipun utawi syariatipun Allah lan Rasulullah , saget dipun wastani dzikir ingkang pedhot. Katahipun partai ingkang namung mburu kekuasaaning bandha dunyo, dagang ingkang mboten mawi pedhoman halal-haram, lan punopo dene cara gesang ingkang namung ngoyak-ngoyak gebyaring nafsu. Ulama mboten pikantuk panggenan. Panggenanipun ulama namung ing pojok-pojokipun kekuasaan. Tugasipun namung kados “Tukang Stempel” kangge ngamini keputusan-keputusan pemerintah, lan mboten nggadhahi panguwaos punapa-punapa ing madyaning urusan negari lan bangsa.

Sedaya kalawahu nedhahaken dhateng garing lan pedhotipun dzikir ‘amalî dhumateng Allah. Dzikir, saumpamia wonten, namung winates wonten ing dzikiripun lisan, nanging dzikir amalipun pedhot lan mboten nyambet dhumateng Allah. Pramilo mboten aneh, menawi mayoritasipun umat Islam jer taksih kathah ingkang bodho-bodho, miskin-miskin, ringkah lan mboten anggadahi daya. Dipun semoni mboten kraos, dipun wucal mboten sadhar-sadhar, lan dipun jajah dening bangsa sanes ugi mboten rumahos.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh...

          Pramilo monggo kito ginaaken kesempatan gesang  puniko kagem ningkataken kualitas lan kuantitas dzikir kitho dumateng Allah SWT., supados kito pikantuk kabejan lan kemenangan ingkang hakiki dhahiran wa bathinan, fiddini waddunya wa al-akhirah….!

 

إنَّ اَحْسَنَ الْكَلاَمِ كَلاَمُ اللّهِ الْمَلِكِ الْعَلاَّمِ. وَاللّهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالى يَقُوْلُ وَبِقَوْلِهِ يَهْتَدِى الْمُهْتَدُوْنَ وَإذَا قُرِأَ الْقُرأنُ فَاسْتَمِعُوْا لَهُ وَاَنْصِتُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ. أَعُوْذُ بِاللّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهِ وَمَنْ أَسَاءَ فَعَلَيْهَا وَمَا رَبُّكَ بِظَلاَّمِ لِلْعَبِيْدِ. بَارَكَ اللّهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرأنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّكُم بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلْ مِنِّى وَمِنْكُمْ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

اَلْخُطْبَة  الثانِيَةُ

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إلاَّ اللّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِـمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الإِنْسِ وَالْبَشَرِ . اللّهُمَّ صّلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَااتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَأُذُنٌ بِخَبَرٍ أمَّا بَعْدُ.

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ إِتَّقُوْا اللّهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ, وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ, فَقَالَ تَعَلَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا. إِنَّ اللّهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِىِّ يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْماً. اللّهُمَّ  صَلِّ  وَسَلِّمْ   عَلَى  هذاَ  النَّبِيِّ  الْكَرِيْمْ  مُحَمَّدٍ  وَعَلَى  آلِهِ     وَ أَصْحَابِهِ   أَجْمَعِيْن.

اللّهُمَّ  اغْفِرْ  لِلْمُؤْ مِنِيْنَ  وَالْـمُؤْمِنَاتِ, وَالـْمُسْلِمِيْنَ  وَالْـمُسْلِمَاتِ, اَلْأَ حْيَاءِ  مِنْهُمْ  وَالْأَمْوَاتِ  إِنَّكَ  سَمِيْعٌ  قَرِيْبٌ  مُجِيْبُ  الدَّعَوَاتِ  يَا قَاضِيَ  الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ  أَعِنَّا عَلَى  ذِكْرِكَ  وَشُكْرِكَ  وَحُسْنِ  عِبَادَتِكَ. اَللَّهُمّ  اصْلِحْ  لَنَا  دِيْنَنَا  الَّذِى  هُوَ  عِصْمَةُ  أَمْرِنَا, وَاَصْلِحْ  لَنَا  دُنْيَانَا الَّتِي  فِيْهَا مَعَاشُنَا, وَاَصْلِحْ  لَنَا   آخِرَتَنَا الَّتِي  إِلَيْهَا  مَعَادُنَا, وَاجْعَلِ  الْحَيَاةَ  زِيَادةً  لَنَا فِي  كُلِّ  خَيْرٍ,  وَاجْعَلِ  الْـمَوْتَ  رَاحَةً  لَنَا  مِنْ  كُلِّ  شَرٍّ. اللَّهُمَّ  اَحْسِنْ   عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُوْرِ  كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْيِ  الدُّنْيَا  وَعَذَابِ  الْآخِرَةِ. رَبَّنَا   آتِنَا مِنْ  لَدُنْكَ  رَحْمَةً  وَهَيِّءْ  لَنَا  مِنْ  أَمْرِنَا  رَشَداً. رَبَّنَا آتِنَا  فِى  الدُّنْيَا حَسَنَةً  وَفِى الْآخِرَةِ   حَسَنَةً  وَقِنَا  عَذَابَ  النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعّالّمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ, إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْـمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

0 Response to "PENTINGNYA MENGUPDATE DZIKIR "

Post a Comment