KUATKAN TAUHID ANDA

KHUTBAH JU'AT SINGKAT BAHASA JAWA 

DAHSYATNYA SYAHADAT

OLEH : UTS. WIRYOSUPANGKAT

MRICO TENGAH LEBAK GROBOGAN

Membaca kalimat Tahlil atau kalimat Tauhid sebagai kalimat penguat keimanan dan pembuktian bahwa diri ini diakui sebagai seorang muslim di sisi Allah. selain sebagai kalimat keimanan, bacaan tahlil juga dapat mendatangkan keajaiban, keberuntungan, bahkan kenaikan pangkat / maqom / kedudukan yang mulia di Sisi Allah SWT hingga mengantarkan seseorang menuju surga. 

الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْـمُتَّقُوْنَ, قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْهُ مَخْرَجًا, وَيَرْزُقُهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ, وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللهِ فَهُوَ حَسْبُهُ, إِنَّ اللهَ بَالِغُ أَمْرِهِ, قَدْ جَعَلَ اللهُ لِكُلِّ شَيْئٍ قَدْرًا. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد


Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh...

Monggo samiyo ningkataken ketaqwaan kito dhateng Allah ta’ala Dzat Kang Moho Pirso saking sedayaning perkawis engkag nyato lan perkawis engkang gaib. Sebab namung dhumateng Allah kemawon kita manembah dan nyuwun pitulungan. Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita, Rasulullah  ingkang sampun paring tuntunan gesang lan tuladha ingkang sae dhumateng sedaya umat. Mugim-mugi punapa kemawon amal saleh ingkang sampun kita amalaken tansah dipun tampi dening Allah  Lan sedaya amal tumindak kang ala estu-estu dilebur dening SWT.

Ing kesempatan puniko, monggo kito sami-sami berkomitmen mujudaken kesalehan lan kesahenan dhumateng Allah kanthi maksimal, semanten ugi kesahenan tumrap pribadi, tiyang sanes lan dhateng sedoyo ummat. Sak meniko mboten wonten program kang luwih minulyo kangge tiyang Islam kejawi ngrumat kalimat tauhid kanthi temenanan, ampun ngantos soyo dangu, soyo tambah umur malah tauhid-ipun sang soyo luntur.

Lajeng saleresipun nopo perkawis ingkang saget kita lazimaken kangge ngrumat kalimat tauhid supados tumancep ing sanubari kito? Ingkag kedah kito gandhuli, utaminupun setunggaling keyakinan bilih kalimat tauhid puniko engkang dados penjamin kagem tiyang gesang ing ngalam ndunyo lan samangke saget mlebet surganipun Allah  lan piyambakipun dibebasaken saking sikso kubur lan sikso neroko.

عَنْ مُعَاذِ بْنِ جَبَلٍ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ كَانَ آخِرُ كَلَامِهِ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ دَخَلَ الْجَنَّةَ

“Saking sohabat Mu’adz bin jabal, bilih kanjeng Nabi  paring dawuh : sopo wonge kang akhir uripe ngucap kalimat Laailaahaillalloh mesti bakal dileboake swargo” (HR. Abu Dawud)

Sebab kanthi kalimat tauhid meniko dados sebabipun Allah ngutus poro Nabi lan ndakwahaken kitab suci, nyiptaaken ndunyo lan akhirat, nyiptaaken swargo an neroko. Allah  sampun paring dawuh :

شَهِدَ اللّٰهُ اَنَّه لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۙ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَاُولُوا الْعِلْمِ قَاۤىِٕمًاۢ بِالْقِسْطِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ

“Allah wus amratelake, praseksen bilih ora ana Pangeran kang wajib disembah kajaba mung panjenengane Allah piyambak, lan para Malaikat sarta wong-wong kang padha duwe kawruh uga padha mratelake kang mangkono mau, Allah iku jumeneng kalawan Adil. Ora ana pangeran kang wajib sinembah kajaba mung panjenengane piyambak kang Maha Prakaos tur Maha Wicaksana.” (QS. Ali ‘Imran: 18)

Kanjeng Rasulullah  ugi sampun dawuh bilih :

أَسْعَدُ النَّاسِ بِشَفَاعَتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ مَنْ قَالَ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ خَالِصًا مِنْ قَلْبِهِ أَوْ نَفْسِهِ

“Wong kang paling bejo sebab syafaatku ing dina kiyamat yaiku wong kang ngucapake kalimat tahlil kanthi ikhlas saka atine dewe” (HR. Al-Bukhari No. 99)

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Menawi kita sedaya kersa ngangen-angen, saleresipun mboten wonten satunggaling kalimat ingkang ampuh, ingkang luhur, lan ingkang hanggadahi daya lan upaya kang aggung wonten alam ndunyo puniko kejawi kalimat tauhid Laa Ilaaha IllallahMekaten ugi kalimat tauhid menika kalimat kang paling sae wonten alam donya. Ngungguli sedaya kalimat-kalimat makhlukipun ingkang paling sae. Sanadyan sedaya kalimat kesaenan makhlukipun dipun kempalaken, saestu mboten bakal nandingi kalimatipun Allah sekedik kemawon.

Kito asring mersani wonten tiyang saleh kang sampun tilar, hananging naseha lan pituturipun taksih dipun dadosaken ugeman dhateng tiyang katah. Semanten ugi menawi wonten tiyang sampun hancur lebur ananing kalimat tauhid-ipun bakal abadi lan mboten badhe hancur.

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saged kawula dhumatengaken, mugi dados pitutur ingkang manfaat lan nasehat ingkang minulya kunjuk khatib pribadi lan jamaah sedayanipun.

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِى بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ, أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْـمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah Kedua

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْـمَتِــيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُوَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَلـْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالـَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّـدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّـدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْـمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِيْنَ وَالـْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَاقَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنِ الغَلاءَ وَالْوَبآءَ وَالْبَلآءَ وَالْفَحْشَاءَ والـمُنْـكَرَ وَالْبَغْيَ السُّيُوْفَ الْـمُخْتَلِفَةَ الشَّـدَائِدَ وَاْلـمِحَـنَ ماظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَـدِنَا هَذَا خَآصَّةً وَمِنْ بُلْـدَانِ اْلـمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْـٌر.رَبَّنَا اَنْزِلْ عَلَيْنَا مَائِدَةً مِنَ السَّـمَآءِ تَــكُوْنُ لَنَا عِيْدًا لِأَوَّلِنَا وَآخِـرِنَا واٰيَةً مِنْكَ وَارْزُقْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّازِقِـْينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلـمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِـكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

0 Response to "KUATKAN TAUHID ANDA"

Post a Comment