INTROPEKSI DIRI MUHASABAH NAFSI

 

KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA

MAWAS DIRI / INTROPEKSI DIRI

 

Sudah menjadi kehendak Allah , jika seseorang ingin dijadikan sebagai orang baik maka dalam menapaki kehidupannya ia berada di tempat yang baik pula. Demikian juga sebaliknya.

أَلْخُطْبَةُ الْأُوْلَى

أَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى خَلَقَ النَّفْسَ فَأَلْهَمَهَا فُجُوْرَهَا وَتَقْوَاهَا. وَكَتَبَ بِأَنَّهُ قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زّكَّاهَا وَخَابَ مَنْ دَسَّاهَا. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ  رَبٌّ كَرِيْمٌ لَا يَنَالُ مَا لَدَيْهِ إِلَّا بِإِزَالَةِ الْغُيُوْبِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهَ وَرَسُوْلُهُ نَبِيٌّ أَرْسَلَهُ هَادِيًا لَا مَسَّهُ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّذِى كَشَفَ الْكُرُوْبَ. وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ سَارُوا بِسَيْرَتِهِ وَجَنَحُوْا بِغُفْرَانِ الذُّنُوْبِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللَّهِ, إِتَّقُوا اللَّهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ بفِعْلِ المَأمُوْراتِ وَاجْتِنَابِ المُحَرَّمَاتِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kita sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Sampun dipun shohihaken deneng poro ulomo, bilih Allah puniko menawi ngersaaken sae dateng kawulonipun, kawulo kasebat dipun tedahaken kaawonan soho celo-celo engkang wonten awak ipun piyambak. Lajeng Allah paring gampil ngicali awon utawi celo saking awakipun. Lajeng nyampurnaaken sekedik boko sekedik hinggo dados sempurno miturut bagianipun saking Allah .

Limrahipun utawi kathah-kathahipun manungso sami mboten nyumerapi celo lan awonipun piyambak. Sami anggadahi anggepan bilih piyambakipun sampun sae, sae menggahipun masyarakat lan sae menggahipun Alloh. Akibat saking anggepan puniko, piyambakipun menawi sumerap awon utawi celo engkang namung sak klilip mawon rame-rame lan kadamel rasan-rasan. Celo utawi awon engkang malang wonten ngajeng mripatipun piyambak mboten ketingal, mboten rumaos awon utawi anggadai celo. Kados pribasan: ojo podho nyacat wong liyo, ngilo getho’e dewe. Kanjeng Nabi dawuh:

يُبْصِرُ أَحَدُكُمُ الْقَذَى فِى عَيْنِ أَخِيْهِ وَيَنْسَى الْجِذْعَ فِى عَيْنِهِ. (رواه أبو هريرة)

“Salah siji iro weruh kotoran cilik ono mripate dulure, ananging lali kayu malang ono mripate dewe.”

Ngilo getho’e dewe lan metani awon serto celone dewe, ora niti-niti alane wong liyo, lajeng ambudidodyo ngilangi cacat utawi alane piyambak hinggo dados sae meniko sumber ipun kabekjan. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:

طُوْبَى لِمَنْ شَغَلَهُ عَيْبُهُ عَنْ عُيُوْبِ النَّاسِ. (رواه البزار)

“Untung gede banget wong kang ketungkul metani celo ne awake lan ora gelem ketungkul metani celo ne liyan.” (HR. Al-Bazzar)

Kagem ngilo getho’ dewe utawi mawas diri monggo kita timbang kalian dawuh pangandikanipun Sayyidina Ali karramallahu wajhah wonten kitab Nashaihul Ibad karyanipun Ibnu Hajar al-Asqalani:

كُنْ عِنْدَ اللَّهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرَّ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلًا مِنَ النَّاسِ

“Dadio manungso paling sae mungguhe Alloh. Dadio manungso paling awon mungguh pandanganmu, lan dadio manungso lumrah ono ngarepe poro manungso”.

Pitutur meniko mengku pesen engkang sae sanget, kagem ndandosi awak kita supados ngajeni tyang sanes, mboten rumaos langkung sae soho tawadhu’:

1.        Istiqomah ningkataken taqwa, amal sholih soho ninggalaken larangan-laranganipun. Hinggo dados manungso paling sae menggahipun Alloh

2.        Ngrumaosi dados tiyang awon lan kirang amal sholihipun. Mboten ateges rendah diri, namung supados selamet saking ujub (sombong), riya’ (pamer), lan sum’ah (ngarep-ngarep pujiane liyan).

3.        Andap asor (tawadhu’) dateng tyang sanes soho mboten ngrumaosi langkung sae. Kathah tyang engkang ngremehaken tyang sanes, ngrumaosi langkung sae lan mulyo.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Syaikh Abdu Qadir Al-Jilani kagungan tips sederhana engkang saget kita tindaaken saben dintenipun:

Menawi pepanggihan kalian tyang lintu, kita anggep tyang meniko langkung sae, langkung taqwa, langkung kathah amal sholihipun soho langkung inggil derajat ipun.

Menawi kepanggih lare alit utawi lare anem, dipun nasehati awak kita, “Bocah cilik utawo bocah anem iki dosane luwih sethithik tinimbang dosa ku.” Sebalikipun, menawi kepanggih tiyang sepuh, dipun nasehati awak kita, “Tiyang sepuh iki amal sholihe luwih akeh lan luwih akeh anggone paring manfaat marang wong liyo. Sebab dewekne luwih disik anggone takwa lan taat,”

Menawi kepanggih tiyang ‘alim, kita yakini bilih piyambakipun langkung sae, toto coronipun ibadah ugi langkung afdhol lan langkung leres. Ugi berjuang nyebaraken ilmunipun.

Menawi kepanggih tiyang mendo (bodo), kita bisiki awak kita, “Mungkin wae dewekne salah lan doso mergo ora ngerti (luwih sethithik dosone), sedeng aku salah utowo nglakoni doso kanthi sadar lan ngerti ilmune, sehinggo dosoku luwih abot lan akeh.”

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Ngilo getho’e dewe utawi mawas diri kedah kita tindaaken saben wekdal supados kita kemutan kekirangan, kesalahan lan aib kita. Lajeng ambudidoyo ndandosi diri. Ampun niti-niti utawi metani  kekirangan serta aibipun liyan.

Ngilo getho’e dewe utawi muhasabah meniko coro kagem ngendalikaken gesang kita, engkang bade ngasilaken efek luar biasa wonten diri kita. Teledor ngilo getho’e dewe utawi mawas diri bade ngrisak panggesangan kita, keluwargo tuwin masyarakat.

Rosululloh SAW andawuhaken:

اَلْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا وَتَمَنَّى عَلَى اللهِ (رواه أحمد)

“Wong cerdas yo iku wong kang ngitung-ngitung diri lan ngamal kanggo sak wise mati. Wong lemah (apes) yo iku wong kang nuruti nafsune lan arep-arep barang muhal marang Alloh.” (HR. Ahmad).

Mugi-mugi kita lumebet golonganipun tiyang-tiyang engkang asring ngilo getho’e dewe utawi mawas diri tuwin berbenah diri. Hinggo dados tiyang engkang rendah hati (tawadhu’), ngajeni tiyang lintu, mboten ngrumaosi langkung sae tuwin bejo dunyo lan akhiratipun. Aamiin.

وَاللَّهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى يَقُوْلُ. وَبِقَوْلِهِ يَهْتَدِى الْمُهْتَدُوْنَ. أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا عَلَيْكُمْ اَنْفُسَكُمْ ۚ لَا يَضُرُّكُمْ مَّنْ ضَلَّ اِذَا اهْتَدَيْتُمْ ۗ اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ.

 باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.

KHOTBAH KEDUA :

الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَـهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ. أَمَّا بَعْدُ؛ وَلاَ تَكُونُواْ كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لاَ يَسْمَعُونَ . إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ .رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ . وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد تسليمًا كَثيْرًا وآخر دَعْوَانَا لله رَب الْعَالَميْنَ.

0 Response to "INTROPEKSI DIRI MUHASABAH NAFSI"

Post a Comment