KHUTBAH JUMAT SINGKAT NU BAHASA JAWA
PENTINGNYA MENJAGA SYARI'AT ISLAM
SEBAGAI AGAMA PEMBAWA RAHMAT UNTUK SELURUH ALAM
اَلحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى أَتْقَنَ الْـمَصْنُوْعَاتِ. وَفَطَرَ الْـمَوْجُوْدَاتِ.
وَأَمَاتَ الْأَحْيَاءَ وَأَحْيَا الْأَمْوّاتَ. إِنَّ فِى خَلْقِ
السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وّالنَّهَارِ لَآيَاتٍ.
وَأشْهَدُ أنْ لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ رَبُّ
الْأَرَضِيْنَ وَالسَّمَوَاتِ. وَأشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهَ
وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ السَّادَاتِ وَمَعْدَنُ السَّعَادَاتِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ أَهْلِ الْفَضْلِ وَالْكَرَامَاتِ أَمَّا بَعْدُ
فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَ اللَّهِ
وَطَاعَتِهِ لّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ وَقَالَ تَعَالٰى : وَمَنْ
يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْهُ مَخْرَجًا, وَيَرْزُقُهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ,
وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللهِ فَهُوَ حَسْبُهُ, إِنَّ اللهَ بَالِغُ أَمْرِهِ,
قَدْ جَعَلَ اللهُ لِكُلِّ شَيْئٍ قَدْرًا.
Ma’asyirol muslimin rohimakumullah.
Sumonggo wonten ing kesempatan puniko kito ginaaken sesarengan kagem ningkataken taqwallah, nindaaken nopo ingkas dados perintahipun lan nilar awisan-awisanipun, kanthi panjagab kito dipuan lebetaken golonganipun tiyang-tiyang engkang nampi kabegjan dunyo lan akherat. Kito sampun mangertosi bilih sedoyo menungso ing alam padhang puniko temtu anggadahi gegayuhan supados kahanan gesang meniko kertingal endah, tertib, aman lan harmonis. Pramilo sedoyo tiyang ing papan panggenan ngawontenaken pinten-pinten peraturan engkang kedah dipun taati. Peraturan wahu menawi dipun taati kanthi adhedashar ikhlas lan sadar temtu badhe nuwuhaken swasono guyub ingdalem bebrayan. Kosok wangsulipun menawi peraturan wahu dipun langgar swasono bakal dados bosah baseh lan semrawut.
Semanten
ugi Allah ﷻ nyiptaake menungso meniko mboten dipun
umbar, jalaran menungso gesang meniko mboten namung mbetahaken kacekapan materi
kemawon, hananging ugi mbetahaken lingkungan ingkang ayem tentrem. Pramilo wiwit
jaman nabi Adam as, ngantos nabi Muhammad ﷺ Allah
ﷻ nurunaken syari’at kagem kawulanipun
senadyan mboten sami setunggal lan setunggale. Syari’at utawi undang-undang samawi
menawi dipun galih estunipun kagem kemaslahatan gesang menungso kiambak. Perintah
agami arupi shalat, siyam, zakat lan sapanunggalanipun estunipun mengku
pinten-pinten hikmah. Menawi kito saged ngleksanaaken perintah-perintahipun
Allah lan nebihi awisan-awisanipun temtu kito badhe ngarhosaken lezatipun iman.
Kosok wangsulipun, menawi kito mbangkang dhateng syari’at mboten namung
sengsoro engkang kito rahosaken ing ndunyo puniko hananing ing akherat ugi
bakal nandang kacintakan. Dawuhipun Allah ing surat ar-Ro’du ayat : 28
أَلَا بِذِكْرِ
اللهِ تَطْمِئِنُّ الْقُلُوْبِ
Elingono, namung klawan dzikir marang
Allah ati iro bakal tentrem.
Ma’asyirol muslimin
rohimakumullah.
Agami Islam ingkang kito nut puniko nggadahi
sifat rahmatan lil ‘alamin. Saking meniko Allah ﷻ mboten badhe
ngebot-ngeboti gesangipun menungso. Allah ﷻ sampun ngukur kekiyatan
titahipun ingdalem ngleksanaaken ibadah, kados siyam Romadhon berlaku tumrap
tiyang engkang sampun baligh lan sehat. Hananging menawi
nembe nandhang gerah awrat, piyambakipun dipun parengaken buka lajeng nggantos
ing dinten sanes. Tumrap tiyang sepuh sanget ingkang mboten kiyat siyam,
piyambakipun dipun parengaken buka lajeng mbayar fidyah. Tiyang setri ingkang
nembe ngandhut utawi nesepi lare, piyambakipun pikantuk keringanan buka lajeng
wajib mbayar fidyah lan qadha’ ing dinten sanes. Kanthi mekaten syari’at agami
cak-cakanipun luwes lan kondisional.
Miturut
Imam As-Syatibi, salah satunggaling fuqaha’ Andalusia/Spanyol, bilih syari’at
agami menika nggadhahi tujuan njagi lan ngayomi gangsal perkawis: Sepisan, hifdzud
din. Inggih meniko njagi jejeging agami lan pangibadahan dhateng Pangeran.
Manungso mujudaken titah ingkang paling begjo menawi dipun bandhingaken makhluk
sanesipun. Allah SWT nyiptakaken ingdalem bentuk, wujud, rupo ingkang paling
endah lan sampurno. Minongko wujud syukur, Allah ﷻ printah dhateng kawulanipun supados purun nyembah lan patuh
tumrap aturanipun Allah ﷻ.
Kaping kalih, hifdzun
nafs. Inggih meniko njagi keslametan jiwo lan rogo saking tumindak awon
ingkang ngancam kelangsungan gesangipun. Jiwo lan rogo hakikatipun amanah
saking Allah. Pramilo kawulanipun kedah ngrekso kasarasanipun. Naliko nandhang
gerah enggal-enggal dipun padosaken usodo. Saking menika, Islam nglarang sedaya
tumindak ingkang njalari risakipun jiwo lan rogo kados bunuh diri, paten pinaten
lsp.
Kaping tiga, hifdzul
‘aql. Inggih meniko njagi fungsi akal. Akal mujudaken barang berharga
ingkang mbentenaken antawisipun manungso kaliyan makhluk sanesipun. Lelantaran
akal manungsa saged mbekto kemajengan. Kito dipun printah njagi kasarasan akal.
Akal ingkang sehat saged mbedaaken tumindak ingkang manfaat lan madharat, sae
lan awon, jejeg lan menceng lsp. Pramilo Islam nglarang sedaya tumindak ingkang
njalari risakipun fungsi akal kados to minuman keras, narkoba, lan sedoyo
ingkang mendemi.
Kaping sekawan, hifdzul
mal. Inggih meniko njagi lan paring perlindungan tumrap harta benda utawi
hak milik saben-saben tiyang gesang. Sedaya tiyang temtu nggadhahi cita-cita
supados gesangipun ing alam donya menika bahagia lan sejahtera lahir batinipun.
Pramila sedaya tiyang kedah ikhtiyar jumbuh kalayan profesi lan kemampuanipun.
Sasampunipun kagungan kekayaan, piyambakipun kedah saged nanjakaken ing margi
kesaenan murih pikantuk ridhanipun Allah lan berkah gesangipun. Saking menika
Islam tansah nyegah pemindahan hak milik mawi cara-cara kang batil kadosta
penipuan, ngrampok, nyolong lsp.
Kaping gangsal, hifdzun
nasl. Inggih menika njagi luhuring kluwarga lan keturunan. Kados sampun
sami priksa bilih Allah nyiptakaken manungsa wujudipun kalih jinis inggih
menika jaler kalawan estri. Menawi sampun ngancik diwasa mboten mokal menawi
tiyang jaler kepincut tiyang setri utawi kosok wangsulipun awit menika sampun
dados kodratipun titah utawi sunnatullah. Jalaran kanthi nikah,
gesang langkung berkah, halal lan saged njagi luhuring gesang. Saking menika
Islam tansah nglarang pergaulan bebas sebab saged ngrisak silsilah gesang
manungsa lan nuwuhaken pinten-pinten penyakit.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ
تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا
فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ
KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ
وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ
الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ
اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا
وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ
وَالْإِحْتِرَام. أَمَّا بَعْدُ.
فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ
الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ
عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ
سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا
صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ
وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ
نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ
تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ.
اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ
وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا
هٰذَااِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ
عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ
فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ اِنَّ
اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ
وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ
الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَرُ
0 Response to "ISLAM AGAMA ROHMATAN LIL 'ALAMIN"
Post a Comment