ISTIDROJ UTAWI PANGLULON

 

KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

الْحَمْدُ لِلّهِ, الحمدُ للهِ  حـَمْـدًا مُسْــتَـمِـرًّا عـَلىَ الـدَّوَامِ. أشـهـدُ ان لا اله الا الله وحدَهُ لا شـريكَ لَهُ شَـهَـادَةً تُـنْـجِى قَـائِـلَـهَـا يَـوْمَ الـزِّحـَامِ. وَأَشْـَهدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْـدُهُ وَرَسُـْولُهُ سَـيِّدِ الْـعَرَبِ وَاْلـعَجـَمِ. اَللّهـُمَّ صَـلِّ وسَـلِّمْ عَلَى سَـيِّدِنـَـا مُحمَّـدٍ شَــفِـيْعِ الْـخـَلْـقِ مِـنْ أَهْـوَالِ يَـوْمِ اْلـقِـيـَـامِ. وَعَلَى آلـِهِ وَأصْــحـَابِهِ مَـادَامَـتِ الَّـليَـالُ وَالأَيَّـامُ. أَمـَّا بَعْـدُ فَيَـا أَيُّهَا اْلإخْـوَانِ رَحِمَكُمُ اللهُ أُوْصِــيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُـفْـلِـحُوْنَ.  وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى لَـتُـبْـلَـوُنَّ فِى أَمْـوَالِـكُـمْ وَأَنْــفُـسـِكُـمْ وَلَـتَسْــمَـعُـنَّ مِـنَ الَّـذِيْـنَ أُوتُـوا الْـكـتـابَ مِـنْ قَـبْـلِـكُـمْ

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Sumongg kito sami netepi taqwalloh kanti berusaha supados ibadah kita soyo meningkat kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi doyo amrih sedoyo awisanipun saget kito tilar, minongko dados tekad soho sarono kito sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang puniko, ing pangangkah supados kitho sedoyo kalebet kawulo-kawulo-nipun Alloh ingkang tansah tumidak sahe soho pinaringan khusnul khatimah.



Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Lir kadyo tiyang sepuh, Alloh ngujo dhateng hambanpun minongko istidroj utawi panglulon dhateng tiyang engkang dipun bendhune. Tiyang-tiyang engkang diujo dening Allah ngrumahos bilih sedoyo kanikmatamengkang dipun tampi puniko wujud Anugerah saking Allah, ing mongko Allah badhe nginaaken lan mbinasaaken kanthi coro alus, amergo katah anggenipun tumindak maksiyat lan mboten kerso ngibadah ing mongko Allah paring kemewahan dunyawi hananing mboten kerso sedekah.

وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُوْنَ، وَاُمْلِيْ لَهُمْۗ اِنَّ كَيْدِيْ مَتِيْنٌ

Lan wonmg-wong kang nggorohake marang ayat-ayat ingsun, bakal Ingsung mbinasaake kanthi coro kang ora podho den ngerteni, lan Ingsung paring wektu mung sedilit. Sebab rencono ingsung iku paling kukuh. (Al-A’rof 182-183)

Ma’asyirol  muslimin rohimakumulloh.

Kata Istidraj miturut bahasa dipun pendhet saking kata درج ingkang artosipun ondho utawi meningkat sekedhik lakung sekedhik, tahap demi tahap, utawi minggah alob-alon. Sedangkan miturut coro istilah anggadahi artos kanikmatan materi engkang dipun paringaken dhateng pawongan secara lahiriyah bandhanipun tambah-tambah, hananging kanikmatan engkang bersifat imaterial soyo  kirang atawi kaporo malah dipun cabut, sementara pawongan wahu mboten mangertosi.

Allah paring rizki malipet-lipet dhateng tiyang engkang mboten kerso sedekah, paring kesehatan dahteng tiyang engkang mboten kerso sholat, paring katentereman dhateng tiyang engkang mungsuhi poro santri, ulama’, kyai. Kiambakipun dipun uji dening Allah, mboten ndamel sadare kaporo malah soyo ndrugal, uripe dipujo-pujo dening tiyang sanes ing mongko akhlakipun bejat.  Seneng dipun sanjung diupun gunggung padahal dosane  menggunung, mboten nate angsal musibah ing mongko uripe jumawah. Allah paring keturunan engkang pinter-pinter ing mongko dwite hasil ribo, ngapusi lan korupsi. Uripe tambha dino tambah nanjak ing mongko katang tiyang engkang dipun injak-injak,

Ma’asyirol  muslimin rohimakumulloh.

عَنْ عُقْبَةَ بْنِ عَامِرٍ عَنِ النَّبِىِّ صلى الله عليه و سلم قَالَ: إِذَا رَأَيْتَ اللّٰهَ يُعْطِى الْعَبْدَ مِنَ الدُّنْيَا عَلَى مَعَاصِيهِ مَا يُحِبُّ فَإِنَّمَا هُوَ اسْتِدْرَاجٌ. ثُمَّ تَلَا رَسُولُ اللّٰهِ صلى الله عليه وسلم (فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ أَبْوَابَ كُلِّ شَىْءٍ حَتَّى إِذَا فَرِحُوا بِمَا أُوتُوا أَخَذْنَاهُمْ بَغْتَةً فَإِذَا هُمْ مُبْلِسُونَ

Saking uqbah bin amir, Kanjeng Nabi paring dawuh “Naliko sliramu meruhi Allah paring anugrah material marang kawulanipun kang seneng tumindak maksiyat lan nerjang paugeran, hyo iku kang disebut istiodroj. Lajeng kanjeng Rasul mahos ayat “”Nalikaning kawulo nglaleaken peringatan kang wus diperintahaken marang slirane, mongko Ingsun Allah mbuka lawang-lawang kesenengan kanggo dheweken, sahinggo nalikane dheweken puwas anggone seneng-seneng, mongko bakal Ingsung blesaken nganti putus asa.” (H.R. Ahmad)

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Allah ngumbar dhateng kawulanipun ingkang terus menerus tumindak maksiyat ngantos supe lan terlena hinggo dumugi titiwancine Allah bakal nyabut sedoyo anugeraipun ngantos ling-ling. Hal puniko kados istidroj ingkang dipun rahosaken dening Fir’aun lan Qorun.

Istidroj saget dumawah dhateng sinteng kemawon, duko puniko tiyang awam utawi ahli ibadah. Tiyang mukmin sejati rumahos anjrih dhanteng istidroj engkang minongko simbul bendhune Allah dhatneg kawulane. Hananging sewalike, tiyang-tiyang engkang mboten iman rumahos bilih rizki lan kanikmatan puniko hasil saking jerih payahipun kiambak, mboten nganggep Allah engkiang paring anugerah kolo wahu. Biasanipun istidroj dumawah dhatneg tiyang-tiyang engkag wangkot manahipun, tiyang engkang mboten saged ngrasaaken nikmatipun taqwa, mboten rumongso getung yen wus ninggalaken ibadah, malah kaporo bangga lan remen yen nindaki kemaksiatan.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

Khutbah II

 الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ  وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.  اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ .

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ 

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

0 Response to "ISTIDROJ UTAWI PANGLULON"

Post a Comment