Kultum Pepenget Saderenge Ditilar Ramadhan

 Setengah saking kekhususanipun siyam wonten ing wulan Womadhon injih meniko Allah badhe paring pangapuro dumaten tiang ingkang purun nindakaken siyam ramadhan kanthi ikhlas lillahi ta’ala. Allah njanjekaken badhe ngumbah sedoyo dosa kulo lan panjenengan sedoyo kanthi toyo maghfiroh. Nuli Allah paring rizki awujud resikipun manah lan kanthi ngedalaken raos bungah wonten ing dinten riyoyo idul fitri

اِذَا صَامُوْا شَهْرَ رَمَضَانَ وَخَرَجُوْا اِلىَ عِيْدِكُمْ يَقُوْلُ اللهُ تَعَالىَ: يَا مَلاَئِكَتِى كُلُّ عَامِلٍ يَطْلُبُ اُجْرَهُ اَنِّى قَدْ غَفَرْتُ لَهُمْ فَيُنَادِى مُنَادٌ: يَا اُمَّةَ مُحَمَّدٍ اِرْجِعُوْااِلَى مَنَازِلِكُمْ قَدْ بَدَلْتُ سَيِّئَاتِكُمْ حَسَنَاتٍ فَيَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى: يَا عِبَادِى صُمْتُمْ لِى وَاَفْطَرْتُمْ لِى فَقُوْمُوْا مَغْفُوْرًا لَكُمْ


Artosipun:  “Nalikane umat nabi nglaksanakke poso romadhon nuli banjur metu kanggo sholat riyoyo, mongko Allah ta’ala paring dawuh, “Duh malaikatku, kabeh wong sing wes rampung kerjo nduweni hak nompo upah. Lan kawula-kawulaKu kang wus rampungan poso romadhon lan metu seko omah kanggo ngibadah sholat ied sakperlu nggolek ganjaran, mongko seksenono setuhune Ingsun temen wus paring pangapuro maring kawula-kawulaKu mau. Nuli ana suwara kang undang-undang: “Duh umate kanjeng nabi Muhammad, balio maring omah siro kabeh. Temen wus den ganti kealanan siro kabeh kelawan kabecikan.Maka Allah ta’ala paring dawuh: Hei kawula Ingsun, siro poso lan buko kerono Ingsun. Mongko podongadeko siro kabeh kanthi nggowo maghfiroh soko Ingsun.”





Dawuh kanjeng Rasulul SAW:    
   
مَنْ نَفَسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِنْ كُرْبِ الدُّنْيَا ، نَفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرُبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ، وَمَنْ يَسّرَ عَلَى مُعَسِّرٍ ، يَسّرَ اللهُ عَلَيْهِ فِي الدُّنْيَا وَاْلآخِرَةِ

Sopo wonge paring bantuan marang wong mukmin ngentasake kesusahane ing ngalam dunyo, mongko Allah bakal ngentaske deweke seko kangelane wong mau ing dino kiyamat. Lan sopo wonge ngenthengake kerupekane wong liyo, mongko Alloh ugo bakal ngenthengake urusane deweke ing dunyo lan akhirat.

0 Response to "Kultum Pepenget Saderenge Ditilar Ramadhan"

Post a Comment