KHUTBAH
GERHANA BAHASA JAWA
jika kita lihat, semua ciptaan yang ada di dunia ini,
matahari yang setiap pagi terbit dari timur sehingga dapat menerangi gelapnya
kegelapan serta memberi manfaat bagi kehidupan manusia, kemudian terbenam di
waktu senja dan digantikan oleh kemunculan rembulan yang juga memberi terang
disisi kegelapan, bintang-bintang yang gemerlapan menjadi pertanda dan petunjuk
bagi manusia. Semua berjalan sesuai silih berganti sesuai aturan yang telah
ditetapkan oleh Allah ﷻ Menunjukkan bahwa semua hal itu ada yang
mengatur, Dzat yang lebih berkuasa diatas segala-galanya, Dia-lah Allah Dzat
yang maha perkasa lagi maha Bijaksana
الخطبة
الأولى
اَلحَمْدُ
لله الَّذِى خَلَقَ السَّموَاتِ وَالأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّوْرَ
ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَحْمَدُهُ جَلَّ شَأْنُهُ خَلَقَ الَّليْلَ وَالنَّهَارَ
وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَكُلٌّ فِى فَلَكٍ يَسْبَحُوْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لا إله
إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا
وَمَوْلاَناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ وَمَوْلاَناَ مُحَمَّدٍ كَمَا
صَلَّيْتَ وَسَلَّمْتَ وَبَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
أَمَّا
بَعْد, فَيَا عِبَادَ الله …. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله وَطَاعَتِهِ
لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن. يآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ
وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيْرٌ
بِماَ تَعْمَلُونَ. وَلَا تَكُوْنُوا كَالَّذِيْنَ نَسُوا اللهَ
فَأَنْسَاهُمْ أَنْفُسَهُمْ أُولَئِكَ هُمُ الفَاسِقُونَ. لَا
يَسْتَوِي أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ أَصْحَابُ الْجنَّةِ هُمُ
الفَائِزُون
Ma’asyirol muslimin
rohimakululloh..
Wonten kesempatan ingkang sae punika sumangga kitha sedaya tansah nambahi raos ajrih kitha dateng Ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala kanti estu-estu anggenipun kitha ngelampahi punapa ingkang sampun dipun perintah dening Allah Ta’ala ugi anebihi punapa ingkang sampun dipun awis dening Allah Ta’ala. Sumangga kitha sesarengan sami ningali dateng awakipun piyambak-piyambak, sampun ngantos pundi anggenipun kitha ngumawula dateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, menawi sampun sae sumangga kitha pertahanaken, menawi kirang sae sumangga kitha dandosi. Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya pikantuk rahmat lan ridha saking ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Amin Allahumma Amin.
Ma’asyirol muslimin rohimakululloh..
Menawi kitha ningali
kedadosan wonten jagat punika, srengenge ingkang saben enjing mlethek lan dados
pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, nuli wekdal sonten surup, genthosan
kalih rembulan ingkang ugi dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa,
lintang ingkang saget dados tetenger kagem kebetahan sugengipun menungsa, kitha
saget mangertos bilih sedaya kala wau wonten Dzat ingkang andadosaken lan Dzat
ingkang ngatur, kitha ugi saget mangertos bilih Dzat ingkang andadosaken lan
ingkang ngatur kala wau tentunipun kuwahos dateng sedaya para makhluk, inggih
punika Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dhawuh wonten Alquran Surat Yunus :
هُوَ الَّذِي
جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيآءً وَالْقَمَرَ نُوْرًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا
عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَ مَا خَلَقَ اللهُ ذَلِكَ إِلاَّ بِالْحَقِّ
يُفَصِّلُ الآياَتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ * إِنَّ فِي اخْتِلاَفِ
اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللهُ فِي السَّموَاتِ وَالأَرضِ لآيآتٍ
لِقَوْمٍ يَتَّقُونَ
“ Allah Ta’ala ingkang andadosaken srengenge ingkang saget
madhangi lan rembulan ingkang dados cahaya lan anetepaken
panggenan-panggenanipun, supados panjenengan sedaya sami mangertosi wilangan
tahun lan itungan (wektu). Allah mboten andadosaken ingkang kados mekaten
kejawi kanti haq. Allah paring rincian tanda-tanda keagunganipun kagem
tiyang-tiyang ingkang sami mangertos. Sak temenipun wonten gonta-gantinipun
wengi lan rino lan perkawis ingkang dipun dadosaken Allah wonten langit lan
bumi punika yekti dados tanda kuasanipun Allah kagem tiyang-tiyang ingkang sami
takwa”
Ma’asyirol muslimin
rohimakululloh..
Kedadosan grahana wekdal
punika supados saget dipun pendhet i’tibar utawi tepa tulada kagem kitha sedaya
kagem aningkataken kesadaran kitha ngemut-emut keagunganipun Allah Subhanahu wa
Ta’ala.
Rasulullah Saw sampun
paring tuntunan dumateng kitha nalika wonten grahana wonten setunggal hadits :
خُسِفَتِ
الشَّمْسُ فَقَامَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَقَالَ : ” إِذَا
رَأَيْتُمْ شَيْئًا مِنْ ذَلِكَ فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ وَدُعَائِهِ
وَاسْتِغْفَارِهِ “
Setunggal wekdal nalika wonten grahana
srengenge Nabi Saw nuli jumeneng (kagem ngelampahi shalat) lan dawuh : “ menawi
panjenengan sedaya mirsani grahana, mangka panjenengan sedaya
enggal-enggal anggenipun dzikir dateng Allah, ndonga dateng Allah lan
nyuwun pangapunten dateng Allah “
Wonten 3 (tigang) perkawis
ingkang dipun ajaraken dening Rasulullah dumateng kitha sedaya wekdal wonten
grahana.
Ingkang kaping sepisan, فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ, kitha sedaya supados
enggal-enggal dzikir, emut dateng Gusti Allah. Dzikir dumateng Allah Subhanahu
wa Ta’ala punika manfaatipun wangsul dumateng awak kitha piyambak-piyambak.
Dawuhipun Allah Ta’ala
wonten Alquran :
الَّذِينَ
آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ
تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
“ Tiyang-tiyang ingkang
sami iman dumateng Allah lan manahipun sami anteng keranten dzikir dumateng
Allah. Emut-emut bilih dzikir dumateng Allah punika (nyebabaken) antengipun manah “
Menawi kitha kepengen manah
kitha resik saking sedaya penyakit ingkang saget ngotori, kados unek-unek,
nggresah, hasud lan lintu-lintunipun, tamba ingkang manjur punika mboten sanes
dzikir dumateng Allah. Dzikir dumateng Allah saget dipun lampahi kanti lisan
ingkang terus-terusan nyebat asmanipun Allah, kanti manah ingkang dipun
ginaaken kagem ngangen-ngangen keagunganipun Allah lan kanti nggaoto awak
ingkang dipun ginaaken kagem taat lan ngabekti dumateng Allah.
Ingkang kaping kalih, وَدُعَائِهِ , ndonga utawi nyuwun dumateng Allah. Nyuwun dumateng
Allah Ta’ala punika hakikatipun ibadah. اَلدُّعَاءُ هُوَ
العِبَادَة . Nyuwun dumateng Allah ugi dados otakipun
ibadah, keranten ngetingalaken kumawulaning menungsa, menungsa punika makhluk
ingkang asor lan fakir, Allah Ta’ala Dzat ingkang Agung, Sugih,
panggenan dipun suwuni. Kathah sanget anjuran saking Alquran supados kitha ndunga, nyuwun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, ing antawisipun dawuhipun Allah wonten surat al-A'rof 55 :
ادْعُوا
رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ (55)
“ Nyuwuno sira kabeh dumateng Pengeran sira kabeh kanti ndepe-ndepe lan lirih-lirih. Sak temene Pengeran
sira kabeh mboten remen dumateng tiyang-tiyang ingkang sami
ngliwati wates “
Supados dunga kitha dumateng Allah dipun
ijabahi sampun sak mesthinipun menawi ndunga dipun lampahi kanti netepi adab
utawi tata krama dumateng Allah, kados dipun lampahi kanti ndepe-ndepe utawi
ngasoraken awak lan kanti suara lirih kados dawuh wonten ayat kasebat.
Ingkang kaping tiga, وَاسْتِغْفَارِهِ , nyuwun pangapunten dumateng
Allah saking sedaya dosa lan kalepatan ingkang sampun dipun lampahi. Sampun sak
mesthinipun menawi istighfar punika mboten namung dipun ucapaken mawi
lisan kemawon, nanging ugi kedah dipun lebetaken wonten manah kanti nggetuni
dosa ingkang sampun dipun lampahi lan dipun buktikaken kanti tumindak kitha
anggenipun nglereni lan mboten badhe nglampahi dosa lan tumindak ala kasebat.
Menawi sampun saget mekaten InsyaAllah istighfar kitha dipun tampi dening Allah
Subhanahu wa Ta’ala.
Ma’asyirol muslimin
rohimakululloh..
Wonten masyarakat kitha kadang kawis wonten anggepan
bilih kedadosan grahana punika wonten hubunganipun kalayan kedadosan-kedadosan
sanes ingkang sifatipun mistik, kados anggepan bilih grahana punika dados tanda
badhe wonten gonjang-ganjing, paceklik lan sanes-sanesipun. Anggepan punika
sampun sak mestinipun kelintu, keranten sak mestinipun kedadosan grahono punika
namung nedahaken dumateng keagungan lan kuasanipun Gusti Allah. Rasulullah SAW
– wekdal putranipun Sayyid Ibrahim wafat, lan kala wau nembe wonten grahana– dawuh wonten setunggal hadits
:
إِنَّ
الشَّمْسَ وَاْلقَمَرَ آيَتاَنِ مِنْ آياَتِ اللهِ لاَ يَخْسِفَانِ لِمَوْتِ
اَحَدٍ وَلَا لِحَياَتِهِ فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذَلِكَ فَاذْكُرُوا اللهَ
“ Sak
temenipun srengenge lan rembulan punika dados tanda saking tanda-tanda
kuasanipun Allah.
Srengenge lan rembulan
mboten kekadosan grahana keranten seda utawi gesangipun tiyang. Nalika
panjenengan sedaya mirsani mila panjenengan sedaya sami dzikir dumateng Allah
“.
Ma’asyirol muslimin
rohimakululloh..
Kanti kedadosan grahana
wekdal punika mugi-mugi saget dados pepeling kagem kitha sedaya supados
inggal-inggal taubat, wangsul dumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Mugi-mugi
kanti mekaten kitha sedaya saget pikantuk ridha lan rahmat saking ngersanipun
Allah lan dipun tebihaken saking sedaya bala’ lan pancabaya, Amin Allahumma
Amin.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ
لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ
إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
)- الخطبة
الثانية-(
اَلْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ
الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ،
إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
عِبَادَ
الله، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ
الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ،
يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ
وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.
اَللَّهُمَّ
أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ
وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي
الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ
وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ
وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا
اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ
أَكْبَرُ.
maturnuwun, mugi ilmu ingkang sampun dibagi saget bermanfaat, ngapunten bade sanjang, niku wau kula padosi ketemu surat ar-a'raf mboten al-baqarah 55 🙏
ReplyDeleteterimakasih, dah dibetulkan untuk nama suratnya. sempoga berkah. amin
ReplyDelete